Selasa, 03 Juli 2018

26>> SANGU LELADI BUNDA SAHSA

11.
Ati iku pindha segara
Jero tanpa kinira
jembar tanpa wates
Tinarbuka marang kahanan
Apa wae..,,
Lan ing kono
Ana cahya padhang sumunar
Yen atine tansah resik
Linambaran kapitayan
marang Gusti Pangeran

2.
Jroning sesrawungan
Tansah ana kanca sing rese'
jembarna dhadhane
Kareben bisa longgar atine
Mengkone bakal ilang dhewe
Rasa sumpek lan judheg
Sing ngeboti pikir....

3.
Aja nggedheake gengsine
Mundhak ewuh pekewuh
Yen pengin nyuwun pitulungan
Marang kanca liyane..,,
Nyatane luwih mumpuni lan pinter
Bisa kaweleh ta..?

4. Nguber kebutuhan urip
Iku pancen kewajiban
Ning sing wigati
Uga dipikirake wadhahe
Kepiye carane bisa nglumpuk
Yen sawayah-wayah butuh dana gedhe
Ora klimpungan ...
Kudu siyap yen sawayah
Ana gerah lan lungkrah
Aja nganti boros lan muspra

5. Lara ati ....
Gela lan kuciwa
Kuwi kasandhang dening sapa wae
Wis lumrah minangka titah sawantah
Ning aja suwe-suwe
Kareben ora dadi energi negatif
Sing ngrusak ati lan pikir.

6. Ngrungokake lelagon kelangenan
Bisa ndhudhah lelakon kawuri
Kang Satemene bisa natoni ati.....
Enggal dilalekake wae
Kabeh wis dadi kenangan
Sing ora bakal balik maneh
Ing panguripan saiki....

7. Ngronce ukara
Ing sosmed *twitter
Rasane drijiku  kok ..ngacir
Ora ana sing ngriwuki pikir
Mili kaya banyu kali
Ora wedi disaru
Ora wedi dipaido
Padha sibuk dhewe-dhewe
Klebu aku iki Heee......
Ora seneng nyaruwe
Apa sing dadi kasenengane liyan
Aku enjoy karo hobby ku nulis
Panjenengan ugi mekaten ta..?
*idem...

8. Ana unen-unen
Sapa nandur bakal ngundhuh

Ning dina iki
Kula mboten ndherek nandur
Jebule kok saged ndherek ngundhuh

*edisi tumbas blewah
Bakule seneng kula tumbasi asile panen
Kula nggih bungah saged ngertos segere blewah
Sami rumaos metik hikmahipun
Bilih ing bebrayan agung menika ora urip  ijen 
Dadi ya saling membutuhkan
Alhamdulillah...

9. Ana kanca sosmed kula
Kepengin ketemuan langsung jarene
Merga seneng maca tulisan kula

*pangapunten,,,bapak
Cekap tepang ing sosmed mawon
Badhe menapa ta?
menawi ngertos dhapuran kula
Lha wong  wis sepuh wae
Isin kalih yoga lan tangga
Mangke diarani gaul
Kathik ngerti acara kopdar
Kaya lare enom mawon hee...

10. Masalah sing wis mungkur
Aja dieling-eling wae
Mundhak dadi penyebabe ati lara
Saiki ditata pola pikire
Lan ngakehi ngudi kaweningane batin

040718

Tidak ada komentar:

Posting Komentar