Alhamdulillah..
Dinten niki,minggu 8 juli 2018
Kula ndherek mangayubagya ambawarsa
PSJB >>pamarsudi sastra jawi BOJONEGORO
Kaping 36
Mapan ing dalemipun bapa H.Nono Warnono
Perum gajah indah VII 18 baurno
Senajan kula namung dhapuk pupuk bawang
Ning rasa bombong jroning manah
Sampun damel mongkok engga tanpa pepindhan
Atase namung kula saged ndherek sapejagong sesarengan
Panjenenganipun ingkang sampun kasusra kondhang kaloka.
Maturnuwun bapa Jfx.Hoery sampun kersa paring kabungahan
Ngulemi kula <denok ayu> ing sasana agung menika.
Sejatosipun kula radi*mengkeret kempal para pakar sastra jawi.
Waleh menapa kula menika kirang ing seserapan lan taksih ajar nyerat.
Dadosipun kados peksi emprit kumawantun amul ing antaraning peksi garudha...
Nggih kados cilik ati,ajrih ugi sungkan lan ewuh pekewuh.
Ning kula mbatin malih...
Umpami kados kula kaprenah enom ning kok wegah ndherek ngregengake adicara nguri-uri sastra adi luhung ..
njur pripun?
Kamangka kula remen sanget senajan nung dhapuk *penggembira.
Mugi sastra jawi tansaya lestari
Lan ngrembaka angambar arum kados sampun Ka-launching buku ingkang dipun paringi irah-irahan KEMBANG SETAMAN menika.
Anggitaning para pengarang sastra Bojonegoro.
Aaniin..yaa robbal alamin
*catheran
Pangapunten kula lancang ndherek se!fie nggih bapa-bapa ?
Kangge penyemangat kula supados gemreged sinau nyerat
Ngenani menapa mawon ing salajengipun.
Maturnuwun
Salam taklim .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar