1. .
Yen ati tansah tinarbuka
Lan bisa jembar ing panarima
Mesthi bakal gampang
Paring pangapura marang liyan
Satemene ngendhem rasa gela
Iku penggaweyan sing rugi
Bisa ngadohake kabungahan
2.
Aja isin lan sungkan
Yen lagi butuh pramayogane
Kanca sing wis pengalaman
Dijembarake wawasane
Kareben kasuksesan bisa ginayuh
Kanthi usaha lan ihtiyar sing tenanan
Sapa kang temen bakal tinemu
3.
Rejeki iku wewenang GUSTI
Senajan diuber kaya ngapa
Yen durung wayahe teka
Ya.....panggah durung gelem mara
Tetep mbudidaya kanthi sregep
Aja gampang gela lan pokak semangat
Dening asile sumarah wae
Marang GUSTI kang murba wasesa
4. Akehana kekancan
Jembarna sesrawungan
Ing kono kadhang ana rejeki panjenengan
Tansah Nyambung tali seduluran
Bisa nyedhakakake kanugrahan
5.
Yen ana wong sing sumeh
Ulate tansah padhang lan adhem
Satemene tumus saka ati kang resik
Pasuryan mantulake kaelokan budi
Polah tingkah tansah ngresepake
Cahyane praupan uga sumringah
6.
Dadi Wanita iku
Yen ngguyu aja seru-seru
Ora pantes dadine malah saru
Masiya ngerti ana sing lucu
Ya....cukup mesem lan diisawang wae
Aja nudhuhake sikap sing ngilangi ayune
Sapa ngerti apa sing kokguyu
Satemene mbesuk bisa wae koklakoni?
Ing donya iki ora ana sing langgeng...
7.
Kepengin maju lan sukses
Iku perlu kerja keras
Aja mung kandheg ing angen-angen
Apamaneh mung gedhe karepe
Ning wegah polah lan rekasa
Rejeki ora ujug-ujug ceblog
Saka langit .....
Tetep mbudidaya murih kasembadan
8.
nglewati ukara sinandi
Dakulati ing kedheping kaca netra
Senajan tanpa suluh
Isih ana pletiking geni jroning ati
Nuntun ing kawaspadan
Tembung-tembung mawa wisa
Semebyar ing dalan iki
Abyor manjila kembang dahana
Sawayah-wayah ngobong kahanan
Minangka reja-rejaning jaman
9.
urip tansaya maju
Kagawa jaman modern
Ora ateges ninggalake pitutur becik
tinggalane para sepuh
Mesthine kena kanggo sangu
Ngadhepi kahanan sing sarwa instan
Supaya ora ilang watak lan jati dhirine
Minangka wong jawa kang misuhur
Duweni pakerti lan tradhisi kang luhur
10
Duweni tekad lan sesanti kang luhur
Tansah sengkut ngisi obahe jaman
Sinartan rasa bombong
Lan melu andarbeni
Marang kabudayan lan adat tradhisine dhewe
Para pangarsa uga nyengkuyung
Amrih LOCAL GENIUS/kabudayan lokal
Tansaya ngrembuyung
Bisa dadi titikane bangsa kang maju
Tidak ada komentar:
Posting Komentar