Rabu, 06 Juni 2018

URIP KUDU NGATI-ATI

Assalamualaikum.wr wb

Nuwun sewu dulur
Ndherek atur tembung saklemah
Mugi saged manfaati
Pancen kula lan panjenengan
Ing kawuri pancen isih bocah
Dereng kebak lan turah
Babagan seserapan lan kawruh
Ning sakniki yuswa sampun kirang ing wilangan cacah
Mugi Gusti tansah paring pangayoman ing rjnten dalunipun

Nuwun sewu kepareng badhe share reroncen ukara
Nut lakuning panggrahita
Mbokmenawi seratan kula menika
Kuwawa asung pepadhang ing margi sesrawungan
Kula lan panjenengan sedaya
Saged tansaya ngraketake talining seduluran
Ing pangajab mugiya kita tansah pinaringan nikmat sehat lan yuswa panjang
Engga silaturahmi saged semulur dumugi delahan
Aamiin....yra 💕💕

Kula lan panjenengan saben dina
Nemahi maneka prakawis ing panguripan
Bungah susah dadi sandhangan
Lan sedaya menika awit saking polah tingkah
Ingkang kita  tandur
Kaya unen-unen Ngundhuh Wohing Pakarti
Mula Urip kudu ngati-ati.
Saben titah bakal ngundhuh wohing tumindak.
Laku tumindak ala nemu cilaka,
Dene laku becik bakal begja.
Ukum alam mangkono kang biasane diarani ukum karma.
Apa kang kadadeyan ing dina iki, saka asiling tumindak wingi uni.
Mangkono uga apa kang katindakake ing dina iki, bakal kaundhuh ing dina sesuk- bisa suk emben .
Bisa ateges nalika isih urip ing alam donya bisa uga sawise ana ing pangayunaning Gusti.

Mangkono eloke wong Jawa,
Duwe kapitayan manawa urip ora mung ing wektu saiki.
Nanging urip lumaku ing dina iki, sesuk lan suk emben tumekaning alam kalanggengan.
Mulane tumrap wong Jawa percaya menawa 'urip' iku langgeng.
'Urip' iku ora bisa mati.
Mati iku mung raga banjur si 'urip' nerusake laku sowan ing Gusti.
Urip bakal bali ing sangkan paraning urip,
Yaiku sangkan paraning dumadi, ora liya ya Gusti Kang Akarya Jagad.
Dadi ukum 'wong nandur bakal ngundhuh' tumrape wong Jawa diugemi dadi cekelaning urip ing ngalam donya.

Manawa kula lan panjenengan
ngerti dunung sangkan paraning urip,
tumindake mesthi bakal ngati-ati.
ora sakarepe dhewe.
Wedi nerak ngger-anggering urip.
manawa wong urip bakal nampa ganjaran ing tembe mburine trep klawan apa kang ditindakake ing uripe.

Kapitayan babagan ngundhuh wohing pakarti pranyata kuwawa njurung laku utama.
Bisa nyandhet laku culika,
Nyingkiri watak candhala kang gawe sengsarane ngaurip.

**
Gegaraning urip kang mangkono nuwuhake :

√Pangati-ati lamun micara. manungsa bakal kupiya njaga lisan saka omongan kang ora becik. Aja nganti ngucap kang gawe tatuning liyan, amarga omongan ala utawa becik tudhone bakal nemahi ing awake dhewe.

√Nyingkiri watak culika, amarga watak culika wusanane bakal nyilakani awake dhewe. samubarang becik ketitik, kang ala bakal ketara.

√Gelem age-age njaluk ngapura menawa salah, ora pengin ketaman ala sajroning lelakon uripe. Kepiye wae sapa kang nyimpen tumindak kang salah wusanane bakal seleh.

Muga-muga awake dhewe tansah pinaringan rasa eling, wening, banjur mbujung tumindak becik kang tanpa pamrih.
Pamrihe amung ngundi rahayuning sagung dumadi.

Salam seduluran
Mugi seratan menika manfaat tumrap kita sami
Maturnuwun💕💕🙏

Bunda Lestari Sahsa Malika
070618

Tidak ada komentar:

Posting Komentar