Kamis, 28 Juni 2018

24>>SANGU LELADI BUNDA SAHSA

1.
Sasi ramadhan
Muga bisa luwih ningkatake
Anggon kita nglampahi tafakur
yaiku ...
Ngupaya luwih caket jiwa lan raga marang Gusti
Jalaran pasa iku nggampangake
Pambudidayaning ati lan pikiran
Supaya bisa nyawiji.


2.
Ing Wulan ramadhan
Sasi pasa....
Kajaba kanggo nindakake kewajiban agama
Muga bisa dadi srana kanggo mawas dhiri
Murih resik ing jiwa
Kanthi khusuk ibadahe
Ing pangajab bisa luwih meneb ing rasa
MARHABAN YA RAMADHAN
mugi lumeber sedaya aksama
Lair tumusing batin

Bunda Lestari Sahsa Malika


3.
Mapak tekane sasi pasa
Sabanjure riyaya
Mesthi reregan ndherek mundhak
Masiya mengkono
ora ngurangi prilaku konsumtif
Blanja ora ngukur kemampuan
Senajan ora butuh lan ora manfaati
Jarene ....
Setaun pisan mumpung ana promo
*bijak berbelanja


4. Ibu pertiwi sungkawa
Ilining luh mblabar
Situasi sarwa nguwatirake
Mugi enggal lerem
Adhem ayem....
Kados wingi uni
aamiin ...


5.
Negesi ukara mbaka siji ing sosmed
Jane kantun kaca tingale
Saben tiyang niku kagungan pamanggih
Ingkang beda....
Lha umpami sedaya sami
Njur pripun ??
Pindha kluwung ing langit biru
Elok lan resep kasawang
Mergi maneka werna kang kapaes..


6.
Sapa wae dikeparengake
Nggayuh cita-cita dhuwur
Ora usah wedi ayang-ayang
Lakoni apa sing saiki dadi tanggung jawabe
Kanthi temen..:-)
Mesthi bakal ana asil kang nyenengake
Minangka Ngudi kamulyan urip


7.
Dedana marang anak yatim
Lan wong kekurangan
Bisa nglungguhake pikir ing katentreman
Ngurangi sanggan ing sapadinan
Nyedhakake kanugrahan saka Gusti pangeran


8.
Pikiran judheg buneg
Mbokmenawa....
Lagi butuh penyegaran
Aja diforsir tenagane
Dinane isih dawa
Eman yen pikolehe makarya
malah kanggo tamba....


9. Ngundhakake tataran batin
Iku ora gampang
Kudune bisa nglewati proses
Nglungguhake rasa narima
Kanthi sabar...

10.
Nguyahi segara
Tegese
Nindakake samubarang sing ora ana manfaate
Contone :
Ngandhani wong sing rumangsa pinter
Kabeh pitutur mung di anggep sepele
Ning kanggoku
Sosmedku iki pancen dakisi
Sangu leladi bebrayan
Syukur bisa nuwuhake inspirasi
Siji ngece ora dadi ngapa
Sapa ngerti liyane malah salut

Bunda Lestari Sahsa Malika
Juni18

Tidak ada komentar:

Posting Komentar