Rabu, 27 Juni 2018

21>>SANGU LELADI BUNDA SAHSA


1. Kejegur ing kedhungan
Jero tanpa wates
Gemrayang ing cangkriman
Slurup miyaki larahan
Kabeh pitakon gemrembyeng
Ing telenging banyu
Isih ana rupa bening
Tak cawuk sasiwur
Kuwawa mbasuh
sekabehing rerusuh
BISMILLAH....
*lestari sahsa,130618

2. Wong gampang tersinggung kuwi
Mbokmenawa penyebabe
1.ora gelem nampa pitutur
2.wis rumangsa pinter
3.dolane kurang adoh
4.pilih-pilih kanca sing manut karepe
5.atine  gampang putung
6.gawan bayi .....
*jareku


3. Kaendahan gurit iku
mujudake suwara batin
Kang ora kocap
Minangka expresi jiwa
Marang sekabehing kedadeyan
Sing rumasuk ing jiwa
Njur,,,,maujud dadi wewacan
Kang bisa ngajak pemaos
Ambyur ing saben larikane ukara

4. Kasusastran iku mujudake seni
Klebu geguritan basa jawi
Senajan winates publikasi
Kalawarti utawa  ariwarti
Isih ana media sosial
Sing bisa nampung karyane
Dadi ora usah cilik ati
Tetep semangat
Nyuntak rerasan batin
Ing larikan bait gurit
Ing tembe mburi muga manfaati


5. Tembung sumendhe mring Gusti
Duweni makna kang jero
Mujudake sikap kang temen
Nyuwun pangayoman lan pasrah
dumatheng kuwasaning Gusti ALLAH


6.
Titikane wong di arahi apik iku
tansah sareh lembah manah
Ora seneng congkrah
Lan ongkrah ongkrah kaelekan liyan
Pasuryan sumringah ...
Mantulake Welas asih mring sesami


7.
Seratan kula maneka tema
Ning ya sabisa-bisa
Muga Duweni makna
Lan manfaati
Saorane ndherek ngleluri
Edining reroncen tembung
Ngganggo basa jawi
*Katur panjenenga para mitra
umpami mboten rena
Nyuwun agunge aksama


8. Wis peputra
Lumrahe diarani wong tuwa
Mesthine ing lumakune dina
Rasa pangrasa bisa meneb
Samubarang disikapi kanthi sareh
Aja sithik-sithik gela
Njur tersinggung
Atine humob panas
Entek-entekane sirah ngelu
Dadi penyakit ta.??
Ora apik
Ora pantes
*sing sabar ....


9. Dinane reja
Ing endi papan umeg
Ngrembuk kursi sing aji
Ora ana sing ngerti
Sapa sing wenang nglungguhi
Nanging kursi kuwi
Tansah sumadya lan ngenteni
Sapa wae sing teka ngglungguhi
Kursine ginawe saka wesi
Yen wis lungguh aja seneng ngapusi


10. Ngajab tumetesing udan
Ing katiga ngerak
Bun esuk gumlenter
Ing pucuk kemuning
Pengin taksesep senajan satlenik
Kuwawa nelesi gurung sing garing
Pindha ayat-ayat suci
sing dakwaca dhekbengi
Nlesep ing jiwa Nentremake ati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar