UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA ING PASRAWUNGAN
Saderenge kula nyuwun agunging pangaksama,
Ing kalodhangan niki kula badhe ndherek urun rembug ngenani unggah-ungguh basa.
Ngelingi ing pasrawungan asring manggih tiyang migunakake basa krama ingkang kirang trep.
Lho..mengko dhisik ta bu les,,jan-jane penjenengan iki dhapuk napa?
Kok sajake iwut ngurusi basa bereng?
Napa penjenengan menika guru ?
Napa penjenengan niki sastrawan jawa?
**nuwunsewu mbokmenawa tembung pitakonan niku ngebaki pikir penjenengan ..nggih.???
Nggih badhe kula jawab,kula niki mboten guru ,mboten sastrawan jawa,nggih mboten dhapuk napa-napa..heee
ning namung remen nguri-uri basa jawi ingkang estu adi luhung.
Mboten ateges kula nggurui utawa kemeruh napa Malih kok keminter ..heee mboten saestu ,mboten gadhah pikiran mekaten.
Kula namung prihatin mawon,yen wonten ibu-ibu sampun yuswa napa malih tiyang jawa asli,kok kliru anggenipun basa.
Wahh...sampun ngantos nggih ngisin-isini hiiii..
Asring lho....kula mireng ibu-ibu ngramakake awake piyambak.
Ing kesempatan menika,kula pengin andum kawruh bab basa krama.
Jan-jane ya mung sepele,
Namung bab basa,nanging menawi kula lan panjenengan saged mbedakake unggah ungguh basa kanthi trep menika nudhuhake budi pakartine ingkang saestu luhur .
Wong jawa kudu bisa njawani.
Basa jawa mboten sami kalih basa indonesia kang bisa di gunakake marang sapa wae lan ana ngendi papan sarta kahanan,
ananging Basa jawa satemene ana aturan kang baku kang kudune ora bisa di owahi .
unggah ungguh basa bisa owah lamun owah- owahan mau tumuju marang kang luwih becik.
Dados kula lan panjenengan kudu bisa mbedakake marang sinten ta ingkang dipun ajak wawan rembak.
Nggih kalungguhanipun utawa yuswanipun.
Jlentrehe unggah-ungguh basa jawa kudu bisa ndeleng sapa kang ngomong lan sapa kang di ajak omongan.
umpamane:
"Bu , badhe tindak pundi?"
"Bu , arep tindak endi?"
"Bu, arep nandi?"
pitakon ing nduwur iku tegese sami,
ananging nduweni guna kang beda beda lan luput kalamun luput anggone migunakake
1.
"Bu , badhe tindak pundi?"
pitakon iki di gunakake bocah enom utawa bocah cilik marang wong tua,
utawa uwong kang seumur ananging durung akrab utawa wong kang seumur utawa luwih tua marang wong kang luwih enom ananging kalungguhane luwih dhuwur,
umapamane Pak Lurah marang Pak Camat, sanadyan umure ora beda utawa malah pak Lurah luwih tua umure tinimbang Pak Camat ananging karana kalungguhan Camat iku luwih dhuwur mula basa kaya conto kang di gunakake kanggo nuduhake rasa ngurmati.
2.
"Bu arep tindak ngendi?"
Basa kang siji iki biasane di gunakake marang wong kang seumuran kang wus akrab saben dinane, bisa uga di gunakake marang wong kang luwih tuwa ananging tata kalungguhane luwih endhek,
Contone Pak Camat marang Lurahe, lan asring uga di gunakake ibu marang kakunge.(suami istri)
3.
"Bu, arep nandi ?
mung bisa di gunakake marang wong kang luwih enom lan luwih endhek kalungguhane,, wong kang sapantaran lan wis akrab, lan bisa di anggep ora nduweni unggah ungguh yen sembarangan ngecakake basa.
.**
Nanging wektu iki, kaya kaya wis ilang sing di arani unggah ungguh,
wis ora ana suba sita lan tata krama.
Mung sewu siji sing bisa temen ngecakale ing sapadinan.
Apamaneh MACAN MAMUD MACAN TERNAK
wis blas gadhas ..malah bangga ngajari putrane basa indonesia.
Dadi sing jenenge basa ibu yaiku basa jawa wis luntur dening kemajuan jaman lan teknologi..
Malah malah akeh kang kewolak walik yen omongan..
Maksude kepiye bu les?
Ora sethithik wektu iki kang sabenere karepe bener pingin basa krama kanggo ngurmati ananging dadine malah luput.
Contone :
1. Bu lurah,kula kondur riyin badhe tindak teng surabaya
Wadhuh..wadhuh.....salah kaprah wong ayu yaa
Sing bener,"bu lurah kula mantuk riyin ,kula badhe kesah teng surabaya..
2.nalika mertamu ,njur kalih tuan rumah dipun cepaki dhedhaharan.
"Mangga bapak ibu,menika sakwontenipun dipun sekecakake nggih" sinambi atur cecaosan suguhan.
Lan biyasane tamune kathah ingkang atur pawangsulan
"Maturnuwun bu,kalawau kula sampun dhahar "
Wadhuhhhh...iki jenenge mbasakne awake dhewe, iki yo ora bener.
Lha pas krungu tiyang basa ngaten niik jane kuping kula KERI..heee
kula badhe ngandhani langsung nggih ewuh pekewuh.
Mila lumantar seratan sakcrit niki,sinten mawon ingkang kersa maos muga saged sinau basa ingkang leres.
Syukur yen kersa mbikak kamus basa jawa utawa bukunipun sekolah putra-putrinipun mapel basa jawa.
Salajengeipun babagan ejaan basa jawa.
Wonten kanca ingkang tangklet ngenani ejaan tulisan basa jawa.
**
"Bu les,nulise kok mboten sami kalih unine, O dadi huruf A?
"Nggih,menika jumbuh kalih ejaan jawa gagrak anyar
contone :
Monggo nulise mangga
Kulo nulise kula
Sopo nukise sapa
Loro(sakit) nulise lara
Loro(2) nulise loro
Lan liya-liyane....
bab unggah ungguh basa ana 5 ing antarane:
1. Basa ngoko ,yaiku
Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap
(Antya Basa lan Basa Antya).
2. Basa madya yaiku
Madya Ngoko,
Madyantara
Madya Krama.
3. Basa Krama yaiku
Kramantara,
Mudha Krama,
Wredha Krama
Krama Inggil,
Krama Desa.
4. Basa Kedhaton.
5. Basa Kasar.
Jenise basa ing dhuwur kalodhangan liya bisa kula jlentrehake malih
Ingkang wigati panjenengan sampun mangertosi unggah-ungguh basa.
Mangga dipun eling-eling
1..tindak
2.dhahar
3.sare
4.kagungan
5.rawuh
6 kondur
7.lsp..
Tembung-tembung ing dhuwur niku asring dipun ginakake ing sesrawungan
Mboten trep dipun ginakake kanggo mbasani awake piyambak.
Nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar