Jumat, 04 Maret 2016
AJA DUMEH
Aja dumeh mujudake
pitutur luhur kang tegese
supaya jalma manungsa
utawa titah sewantah
anggone nglakoni penguripane
ana ing alam donya
ora ngendelake aji mumpung
.
Dumeh~~mujudake kahanan
kajiwan kang njalari
sawijining pawongan
nggunakake kesempatan
(aji mumpung) kanggo
kepentingane dhewe tanpa
ngelingi sak padhane urip.
.
bisa maujud
drajat, pangkat, bandha
donya, panguwasa, ilmu
linuwih, kebagusane rupa
lan liyane.
.
Wong urip mono kudu tansah eling marang kang nitahake urip ing alam donya,
kudu tansah mawas marang sangkan paraning dumadi.
Saka ngendi bibit kawite urip,
ana ngendi saiki dumunung
lan papan ngendi kang tembene bakal dituju.
.
Kahanan kang bisa direngkuh ora kena njalari lali marang kodrate minangka kawulane Gusti.
.
Kanthi mengkono sifat aja dumeh
bisa njalari wong tansah eling marang asal-
usule,
sahengga ora nglali yen apa kang diduweni mung minangka titipan utawa amanate kang gawe urip.
.
**051215
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar