Minggu, 22 November 2015
RINENGKUH SEPI
.
Nalika lingsir wengi
rinengkuh keketing sepi
dakrakit gurit panjeriting ati
sesonderan kidunge ratri
Anjalari nglangute pangrasane ati
kelingan sliramu ing tebih kana
Daktakokake marang kerlipe kartika
mbok menawa iki ora beda
daksuwun endahe sekar rinonce isih ngrenggani dhadha
Daksimpen ing endahe kidung
kanthi Pasrah mring Maha Agung
.
umpama sliramu ngerti
wengi iki
ana mendhung tumiyung
ing kedhepe netra
Ngleyang ing semiliring angin
Tansaya dakampah
tan bisa mbendung banyu kang tumetes ing antarane
tumiba deres nelesi pipi
dhuh Gusti....
ajari kawula nyilake ruweting ati
saben ngancik sepi
yagene kudu ana luh kang wening iki
katresnan pindha keplok asta siji
mung nipakake tatu njarem ing pulung ati.
.
**lsm,nov15
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar