Rabu, 04 November 2015
DHUH GUSTI
.
pindha bledug klawu
kumleyang ing antarane gegodhongan
ngetutke ibere karep
ing antarane wektu kang mlesat
tanpa bisa takgondheli
dakluru suluhing ati
senajan srengenge lan rembulan
tansah mesem
ning krasa surem ing langit ati.
gilir gumantine dina uga mung kandhek ing wilangane.
.
aku mung bisa meneng
deleg-deleg nglari sejatining dhiri
.
dhuh..Gusti ingkang maha welas
Paduka ingkang kuwasa molak_malik atine manungsa
mugi saben mlebu metu napas niki
saged migunani
tumrap dhiri ugi sesami
.
banyu mili saka pucuking ardi
kutah ing jembare segara
keluk agni ngawiyat ing akasa
nanging kula,,?
nganti seprene tanpa arah
lan tujuwan ingkang mesthi ???
sauntara polah wis dakarah
tanpa rasa wegah
.
pindha antenge kitiran
ngetutke semilire samirana
niba tangi wis daklakoni
nganti godres lan nipakake tatu ngeres linu sakjroning ati.
.
dhuh Gusti ingkang Maha kuwasa
Paringana margi ingkang leres ingkang Paduka ridhoi.
.
**lsm,021115
2 NovemPer 20
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar