1. Ngupadi cukupe urip ing sapadinan
Iku pancen kebutuhan penting
Ning ...eling !!
Yen cukupe mung diwadhahi mangkok
Aja nganti nggawa wadhah tomblok
Kareben pikiran ora ngangsa-angsa lan nerak tatanan kang wis gumathok ing bebrayan.
2.
Randhete rejeki iku lumrah
Ora usah nduweni prasangka ala
Marang kanca...
Sing wigati tetep ngupaya
Aja pokak semangate
Rejeki ora bakal balik
Yen titi wanci mesthi nyedhak
Muga Gusti tansah amberkahi
3.
Kabeh wong nduweni masalah
Ning ora kabeh wong bisa ngadhepi
Kanthi ati tatag lan pikiran bening
Anane mung ngersula
Lan nyalahake sapa wae
Sing dadi penyebab prakara...
Mesthine luwih wicaksana
Bisa instropeksi dhiri.
4.
Donya ora mung sagodhong kelor
Yen pikiran krasa judheg
Ora duwe pengareb-areb maneh
Luwih becik ngakehake donga
Nyuwun pangayoman Gusti
Aja niru ...sinetron tivi
Sing ora bisa dadi tuntunan
Akeh-akehe mungkasi uripe
kanthi lampus dhiri
5.
Urip ing alam bebrayan
Bisa lumaku kanthi becik
Yen saben wong ngugemi tatanan
Lan paugeran ngaurip
Ora sembrono lan sekarepe dhewe
Apa maneh wong jawa
Aja nganti ilang jawane
6.sing paling mboseni
Iku penggaweyan ngenteni...
Wis janji jam saiki dina iki
Jebule wis wayahe isih durung siyap
Kamangka sapa wae
sing bisa ngregani wektu
Uripe bakal teratur lan tinata becik
Uga diajeni kanca liyane
7.Undhakane rejeki wis semulur
Aja nganti dadi alasan kebulet wektu
Njur lirwa ing panembahe
Lali marang Gusti ALLAH
Sing paring kanugrahan
Mesthine tansaya ajeg lan mantep
8.Kanthi usaha sing temen
Ora gampang nglokro
Lan bisa ngemong ubale nepsu
Ora gampang kebrongot nesu
Mesthi bakal ana pikolehe
Aja wedi marang ayang-ayange dhewe
Wong temen bakal tinemu.
9.Sasi ramadhan
Muga bisa luwih ningkatake
Anggon kita nglampahi tafakur
yaiku ...
Ngupaya luwih caket jiwa lan raga marang Gusti
Jalaran pasa iku nggampangake
Pambudidayaning ati lan pikiran
Supaya bisa nyawiji.
10.
Ing Wulan ramadhan
Sasi pasa....
Kajaba kanggo nindakake kewajiban agama
Muga bisa dadi srana kanggo mawas dhiri
Murih resik ing jiwa
Kanthi khusuk ibadahe
Ing pangajab bisa luwih meneb ing rasa
MARHABAN YA RAMADHAN
mugi lumeber sedaya aksama
Lair tumusing batin
11.
Mapak tekane sasi pasa
Sabanjure riyaya
Mesthi reregan ndherek mundhak
Masiya mengkono
ora ngurangi prilaku konsumtif
Blanja ora ngukur kemampuan
Senajan ora butuh lan ora manfaati
Jarene ....
Setaun pisan mumpung ana promo
*bijak berbelanja
12. Ibu pertiwi sungkawa
Ilining luh mblabar
Situasi sarwa nguwatirake
Mugi enggal lerem
Adhem ayem....
Kados wingi uni
aamiin ...
13.
Pikiran judheg buneg
Mbokmenawa....
Lagi butuh penyegaran
Aja diforsir tenagane
Dinane isih dawa
Eman yen pikolehe makarya
malah kanggo tamba....
14. Ngundhakake tataran batin
Iku ora gampang
Kudune bisa nglewati proses
Nglungguhake rasa narima
Kanthi sabar...
15.
Nguyahi segara
Tegese
Nindakake samubarang sing ora ana manfaate
Contone :
Ngandhani wong sing rumangsa pinter
Kabeh pitutur mung di anggep sepele
Ning kanggoku
Nulis maneka
Sangu leladi iki muga ana manfaate ing bebrayan
Syukur bisa nuwuhake inspirasi
Siji ngece ora dadi ngapa
Sapa ngerti liyane malah salut
16.
Sapa wae dikeparengake
Nggayuh cita-cita dhuwur
Ora usah wedi ayang-ayang
Lakoni apa sing saiki dadi tanggung jawabe
Kanthi temen..:-)
Mesthi bakal ana asil kang nyenengake
Minangka Ngudi kamulyan urip
17.
Dedana marang anak yatim
Lan wong kekurangan
Bisa nglungguhake pikir ing katentreman
Ngurangi sanggan ing sapadinan
Nyedhakake kanugrahan saka Gusti pangeran
18
Pikiran judheg buneg
Mbokmenawa....
Lagi butuh penyegaran
Aja diforsir tenagane
Dinane isih dawa
Eman yen pikolehe makarya
malah kanggo tamba....
19
Ngundhakake tataran batin
Iku ora gampang
Kudune bisa nglewati proses
Nglungguhake rasa narima
Kanthi sabar...
20.
Gusti ALLAH
Iku maha welas asih
Tresna marang titah
Sing atine tansah sareh
Semeleh lan narima
Ora duweni ati serik
kang kebak cubriya
Apa kang dumadi
wis dadi bagiyan uripe
Tansah Mlaku satitahe
ing pereng-pereng keyakinan
kanthi istiqomah...
21
Apa bener ??
Urip mung mampir ngombe
Kaya unen- unen sasuwene iki
Yen bener mangkono
Ngombea banyu kang bening
Sacukupe wae
kareben weteng ora mblendhing
Pilihen Banyu tawa
Kang bisa ngluruhake rereged jiwa
Aja kepencut abang ijone rupa
Sing njlomprongake ing jurang nista
22.
Ngoyok apa,,,?
Ngoyak apa..?
Dina-dina playon
Wedi telat
Wedi ora keduman
Praupan mbesengut
Adoh saka sumeh
Mung siji kang dingerteni
Aja nganti keri
Embuh....keri ana endi...?
23
Nguber rasa pengin
Gebyaring bandha donya
Anane mung kemrungsung
dioyak kaya ngapa
Panggah durung bisa
Manungsa pancen duweni sipat lali
Lali dulur lali wayah
Lali manembah marang Gusti ALLAH
Bandha durung kecandhak
Pungkasaning awak rusak
Uga kelangan sanak
Aja ditiru..!
24
Kanugrahan iku
Tekane sawayah-wayah
Sapa wae ora bisa nyegati
Dalane bisa saka endi wae
Tetep percaya....
Gusti ALLAH iku sugih
Ya ora nganggo pamrih
25.
Bismillah...
Niyat ingsun ngupadi rejeki
Apa sing nyandhung laku
Muga enggal sumingkir
Apa sing dadi pepalang
Muga enggal ilang kumleyang
Byar sumilak padhang .,,
Saking kersane GUSTI ALLAH
Ingkang paring kalancaran ugi kaberkahan
Aamiin....
26. Jumangkah kanthi rikat
Senajan ing dalan rumpil
Kebak eri lan krikil
Panggah mesem....
Muga bisa ngenthengake laku
Ya ora kabotan sanggan
Sing saben dina nggubel panguripan
Jer,...urip mung nut ilining pandom wektu
Kanthi rasa semeleh
Mugi Gusti paring kaberkahan
27.
Prau rupa abang jambon iki
dakgawe wiwit plethek srengenge
pancen dakrumat kanthi kebak asih
Daktambal nalika ana sing bolong
Muga tansah tangguh
nganti angsluping surya
Ngadhang santering ombak
Ing kalane nabrak karang
Aja nganti oling
Aja nganti nggoling...
Bismillah...
28.
Iki sasi becik
Ing ramadhan kebak rahmat
Aku lan panjenengan mesthine bisa sabar
Aja mung mburu bebana
Nyegat lakune lailatul qodar
Sing jare ing wengi ganjil
Ora usah nyanggong
Mlaku wae..
Kanthi ati kang resik
Mengkone bakal tinemu dhewe
Bismillah...
29
Wong seneng maido liyan
Iku prasaku wong kurang penggaweyan
Ya wis ben ta pancen kemampuane sakmono
Anggite ya pengin kados panjenengan
Sing hebat samubarang mumpuni...
30
Kejegur ing kedhungan
Jero tanpa wates
Gemrayang ing cangkriman
Slurup miyaki larahan
Kabeh pitakon gembrembyeng
Ing telenging banyu
Isih ana rupa bening
Tak cawuk sasiwur
Kuwawa mbasuh
sekabehing rerusuh
BISMILLAH....
31. Wong gampang tersinggung kuwi
Mbokmenawa penyebabe
1.Ora gelem nampa pitutur
2.Wis rumangsa pinter
3.Dolane kurang adoh
4.Pilih-pilih kanca sing manut karepe
5.Atine gampang putung
6.Gawan bayi .....
Tetep eling lan waspada
32. Kaendahan gurit iku
mujudake suwara batin
Kang ora kocap
Minangka expresi jiwa
Marang sekabehing kedadeyan
Sing rumasuk ing jiwa
Njur,,,,maujud dadi wewacan
Kang bisa ngajak pemaos
Ambyur ing saben larikane ukara kaya - kaya melu nglakoni kayadene ing surasane tulisan sing diwaca.
33. Kasusastran iku mujudake seni
Klebu geguritan basa jawi
Senajan winates publikasi
Kalawarti utawa ariwarti
Isih ana media sosial
Sing bisa nampung karyane
Dadi ora usah cilik ati
Tetep semangat
Nyuntak rerasan batin
Ing larikan bait gurit
Ing tembe mburi muga manfaati
34. Tembung sumendhe mring Gusti
Duweni makna kang jero
Mujudake sikap kang temen
Nyuwun pangayoman lan pasrah
dumatheng kuwasaning Gusti ALLAH
35.
Titikane wong di arahi apik iku
tansah sareh lembah manah
Ora seneng congkrah
Lan ongkrah- ongkrah kaelekan liyan
Pasuryan sumringah ...
Mantulake Welas asih mring sesami
36. Wis peputra
Lumrahe diarani wong tuwa
Mesthine ing lumakune dina
Rasa pangrasa bisa meneb
Samubarang disikapi kanthi sareh
Aja sithik-sithik gela
Njur tersinggung
Atine humob panas
Entek-entekane sirah ngelu
Dadi penyakit ta.??
Ora apik
Ora pantes
*sing sabar ....
37.
Dinane reja
Ing endi papan umeg
Ngrembuk kursi sing aji
Ora ana sing ngerti
Sapa sing wenang nglungguhi
Nanging kursi kuwi
Tansah sumadya lan ngenteni
Sapa wae sing teka ngglungguhi
Kursine ginawe saka wesi
Yen wis lungguh aja seneng ngapusi
38 .
Yen ati tansah tinarbuka
Lan bisa jembar ing panarima
Mesthi bakal gampang
Paring pangapura marang liyan
Satemene ngendhem rasa gela
Iku penggaweyan sing rugi
Bisa ngadohake kabungahan
39.
Aja isin lan sungkan
Yen lagi butuh pramayogane
Kanca sing wis pengalaman
Dijembarake wawasane
Kareben kasuksesan bisa ginayuh
Kanthi usaha lan ihtiyar sing tenanan
Sapa kang temen bakal tinemu
40.
Rejeki iku wewenang GUSTI
Senajan diuber kaya ngapa
Yen durung wayahe teka
Ya.....panggah durung gelem mara
Tetep mbudidaya kanthi sregep
Aja gampang gela lan pokak semangat
Dening asile sumarah wae
Marang GUSTI kang murba wasesa
41.
Akehana kekancan
Jembarna sesrawungan
Ing kono kadhang ana rejeki panjenengan
Tansah Nyambung tali seduluran
Bisa nyedhakakake kanugrahan
42.
Yen ana wong sing sumeh
Ulate tansah padhang lan adhem
Satemene tumus saka ati kang resik
Pasuryan mantulake kaelokan budi
Polah tingkah tansah ngresepake
Cahyane praupan uga sumringah
43.
Dadi Wanita iku
Yen ngguyu aja seru-seru
Ora pantes dadine malah saru
Masiya ngerti ana sing lucu
Ya....cukup mesem lan diisawang wae
Aja nudhuhake sikap sing ngilangi ayune
Sapa ngerti apa sing kokguyu
Satemene mbesuk bisa wae koklakoni?
Ing donya iki ora ana sing langgeng...
44.
Kepengin maju lan sukses
Iku perlu kerja keras
Aja mung kandheg ing angen-angen
Apamaneh mung gedhe karepe
Ning wegah polah lan ora gelem rekasa
Rejeki ora ujug-ujug ceblok
Saka langit .....
Tetep mbudidaya murih kasembadan
45.
Nglewati ukara sinandi
Dakulati ing kedheping kaca netra
Senajan tanpa suluh
Isih ana pletiking geni jroning ati
Nuntun ing kawaspadan
Tembung- tembung mawa wisa
Semebyar ing dalan iki
Abyor manjila kembang dahana
Sawayah-wayah ngobong kahanan
Nalika ambyur ing reja-rejaning jaman
46.
Urip tansaya maju
Kagawa jaman modern
Ora ateges ninggalake pitutur becik
tinggalane para sepuh
Mesthine kena kanggo sangu
Ngadhepi kahanan sing sarwa instan
Supaya ora ilang watak lan jati dhirine
Minangka wong jawa kang misuhur
Duweni pakerti lan tradhisi kang luhur
47.
Duweni tekad lan sesanti kang luhur
Tansah sengkut ngisi ing obahe jaman
Sinartan rasa bombong
Lan melu andarbeni
Marang kabudayan lan adat tradhisine dhewe
Para pangarsa uga nyengkuyung
Amrih LOCAL GENIUS/kabudayan lokal
Tansaya ngrembuyung
Bisa dadi titikane bangsa kang maju
48.
Urip iku peparing adi
Jlentrehe ngene..
Ing alam bebrayan iki
Samubarang bisa lumaku kanthi becik
Amerga ana tatanan lan paugeran
Kang dadi pedhoman ngaurip.
49.
Ora usah kepengin nyoba
Dadi kaya wong liya
Kudune tansah nggondheli
Marang kapribadhene dhewe
Ora ana manungsa sing sampurna
Kabeh duweni kaluwihan uga kekurangan
Sing mengkone bakal saling *melengkapi
Antarane siji lan liyane.
50.
Wujud kaberkahan lan kanugrahan
Saka GUSTI pangeran
Iku bisa arupa kesarasan awak
Lan kelancaran pakaryan
Senajan peningkatan ekonomi
Durung bisa nyenengake
Sing penting cukup kanggo urip sapadinan
Lan tetep nggedheake rasa syukur...
51.
Sabar iku mapane ana ati
Sing iklas ....
Bisa ngadhepi samubarang
Kanthi kaweningan batin
Ora kebrongot ing kanepson
Sing pungkase bisa getun keduwung
52.
Padha bukak usaha dodolan
Padha barang sing diadhepi
Yagene rejekine beda?
Ora usah gumun
Kabeh wis ditata GUSTI
Senajan mung sethithik
Yen disyukuri..
Yen diutuni ....
Mesthi mbarokahi..
Aamiin
53.. Tekade wae sing kudu dikencengi
Senajan usahane sasuwene iki
Isih durung ana tandha-tandha nyenengake
Tetep iklas anggone makarya...
Lan ngudi murih ana dalan
Kanggo mbukak lancare kanugrahan
Kanthi khusuk ing panembah
Aja pethal jroning ngibadah
54.
Wong atine serik lan srei
Iku kaya-kaya angel mari
Kapan wae ya panggah usil
Seneng nglarani atine kanca
Sing dianggep dadi pepalang golek kesenengane amerga saingane uripe sinawang luwih kepenak.
55.
Ati iku pindha segara
Jero tanpa kinira
jembar tanpa wates
Tinarbuka marang kahanan
Apa wae..,,
Lan ing kono
Ana cahya padhang sumunar
Yen atine tansah resik
Linambaran kapitayan
marang Gusti kang maha Agung.
56.
Jroning sesrawungan
Tansah ana kanca sing ora seneng yen ngerti kancane sukses..
jembarna dhadhane
Kareben bisa longgar atine
Mengkone bakal ilang dhewe
Rasa sumpek lan judheg
Sing ngeboti pikir....
57.
Aja nggedheake gengsine
Mundhak ewuh pekewuh
Yen pengin nyuwun pitulungan
Marang kanca liyane..,,
Sing Nyatane luwih mumpuni lan pinter
Bisa kaweleh ta..?
58.
Nguber kebutuhan urip
Iku pancen kewajiban wong urip ing bebrayan agung
Ning sing wigati
Uga dipikirake wadhahe
Kepiye carane bisa nglumpuk kanggo persiapan sawayah-wayah butuh dana gedhe
Ora klimpungan ...
Kudu siyap yen sawayah
Ana gerah lan lungkrah
Aja nganti boros lan muspra olehe ngumpulake pengasilan mbaka sithik.
59. Lara ati ....
Gela lan kuciwa
Kuwi kasandhang dening sapa wae
Wis lumrah minangka titah sawantah
Ning aja suwe-suwe
Kareben ora dadi energi negatif
Sing ngrusak ati lan pikir.
60. Ngrungokake lelagon kelangenan
Bisa ndhudhah lelakon kawuri
Kang Satemene bisa natoni ati.....
Enggal dilalekake wae
Kabeh wis dadi kenangan
Sing ora bakal balik maneh
Ing panguripan saiki....
61 Masalah sing wis mungkur
Aja dieling-eling wae
Mundhak dadi penyebabe ati lara
Saiki ditata pola pikire
Lan ngakehi ngudi kaweningane batin
62.
Senajan ora nate sekolah dhuwur
Kandhane ora mangan bangku sekolah
Ning wong tuwa iku tuwuk mangan uyah
Tegese....
Wis akeh pengalaman urip sing di prangguli
Dadine duweni rasa pangrasa kang jeru banget
Gegayutan kanggo sangu leladi tumraping bebrayan.
63. Urip samadya utawa urip prasaja
Iku satemene mujudake pilihan
Nanging ora saben wong bisa nglakoni
Akehe malah seneng pamer bandha donya
Nganti direwangi utang
Ngeboti sanggan sajroning panguripan.
64. Ngecakake urip prasaja
Iku tegese weruh ing panarima
Ngerteni yen urip iki tansah sesambungan
Lan tulung tinulung marang liyan.
65. Seneng sambat
Saben-saben nggrundhel
rumangsa urip tansah susah
Satemene iku nudhuhake kelangan rasa syukur
Marang nikmat sehat lan napas sing isih rinengga saben dina.
66.
Yen saobahe awak
Isih seneng sambat wae
Iku wong sing ora duwe rasa syukur
Lakoni wae kanthi ikhlas ati
Aja akeh omonge
ning akehana tumindak lan karyane
67.
Yen dietung...
Sedina iki mau pira akehe wektu
Kanggo kita dadi wong sing manfaati?
Pitakon iki sing bisa mangsuli
Ya...kejujuran saka atine dhewe
Apa akeh wektu sing muspra?
muga wae bisa luwih apik saka dina kapungkur.
68. Sinau ngupaya kabecikan dhiri
Prakara sepele aja digawe gedhe
Aja katrem ing pikiran sing ora penting
Tansah bisa ngemong rasa pangrasa
Mengkone kanugrahan bisa nyedhak
Tanpa kanyana...
69.
Seneng ngudal tembung jare
Malah ngulur crita ora ana enteke
Sing sareh.....
Atine ditata aja grusa-grusu
Mundhak kebranang nesu
Bisa Ngobong hubungan seduluran
Sing sasuwene iki sinambung apik
70. Aja seneng ngopeni
Masalah sepele
Merga jare dirasani kanca
Ora ana manfaate
Anggep wae angin semilir
Aja nyiksa ati....
Mikir sing durung mesthi .
71. Kudu bisa nglodhangake wektu
Ngudi murih tentreme jiwa
Andhedhepe mring welas sih Gusti
Aja mung mburu kebutuhan donya
Nganti lali yen urip iku kudu seimbang
Antara lair lan batin....
72. Seneng ngendhe-endhe wektu
Lan Nglirwaake pakaryan ...
Satemene bisa mbilaeni awake dhewe
Kapercayan saka kanca utawa sapa wae
Bisa ilang....
Kamangka golek penggaweyan ora gampang
Mula kudu bisa njaga lan ngundhakake kwalitas dhiri.
73. Sing njalari ati ayem
Lamun ati iki bisa iklas
Mengkone ora bakal rumangsa kekurangan
Jalaran tansah sumendhe mring Gusti
Percaya marang kanugrahan
Sing teka sawayah-wayah...
74. Sing njalari ati ayem
Lamun ati iki bisa iklas
Mengkone ora bakal rumangsa kekurangan
Jalaran tansah sumendhe mring Gusti
Percaya marang kanugrahan
Sing teka sawayah-wayah...
75.
Nuruti rasa serik
Iku pindha ngobong ati
Isine mung panas
Kamangka urip iku Butuh katentreman
Yagene.....ora enggal dileremake
Kanthi diselehake ing pangayomane Gusti.??
76
Nglakoni urip bener,becik,pener
murih bisa ‘titis ing pati’.
'tegese
Ora ngrembuk suwarga lan neraka
Ning nut prentahe Gusti lan ngedohi pepacuhe
Urip ing dalan bener
Nganti ing titi wanci ngadhep Gusti
Kanti chusnul khotimah
77. Emosi sing makantar
Kerep ngobong apa wae sing wis tinata wiwit suwe.
Bebasan panas setaun
Kabuzek udan sedina
Bisaa mekak hardane nepsu amerga pikolehe
mung antuk kapitunan
78. Ujare kandha
Depresi asring dialami wong adiyuswa
Kanthi tandha
Rumangsa sedhih tanpa sebab
Krasa ora diajeni lan pikiran negatif liyane, tetep semangat ngadhepi urip sing Tansaya kompleks.
79. Ngayahi pakaryan
Sinambi dolanan hape
Nyebar kebecikan
LEwat tulisan
alhamdulilah
*maturnuwun Gusti
Sedaya anugerah paduka
80
pola pikir marang urip
sarwa cukup iku nyenengake
Nyatane Gusti Allah
tansah paring kanugrahan
Kabul sing kinudang <ati
maturnuwun Gusti
81.Duweni kapitayan marang kekuatan dhiri
Kuwi pancen apik
Kareben ora ragu-ragu
Nindakakake samubarang tanpa sumelang
Ning ya..kudu duweni pertimbangan
Aja kejurung ing nepsu
Njur lali marang dalan bener
Nerak paugeran bebrayan
Pungkasane mung gegetunan
82.
Gelem mirengake pramayoga
saka kanca
Iku mujudake kadewasan
senajan ora sarujuk
Sabisane direspon sing apik
Aja natoni atine liyan
83. Sebisane aja seneng
Dramatisir masalah cilik
dadi masalah gedhe
Tansaya mundhak yuswa
bisaa ngemong rasa pangrasa
84. Nguri-uri sastra jawa
Karakit ing Gurit lan sangu leladi
Sing dakirim ing beranda sosmed
Senajan ora saben wong ngerti
ora apa-apa
Aku mung nyuntak rerasan barinku
85. Ing urip bebrayan
sing jenenge rasa sungkan
Iku mesthi angel dilawan
kadhang malah dadi pepalang
Awit samubarang dadi ewuh pekewuh
*pancen..
86. Perkara sing nate gawe gela
Becike aja didhudhah maneh
Nglenggana wae...
Gusti ora sare
87 Yen srengengene kencar
mesthi langite padhang
sumilak..
jroning pikiran
iya dadi longgar
kipatne panyakrabawa
Sing negatif
dimen atine lejar
88. Ing sesrawungan
mesthi kabeh kanca nduweni
Kaluwihan lan kekurangan
Ora ana wong ing alam donya
iku sing sarwa sampurna
Mula becike sing samadya
89. Urip kebak pacoban
Seje dina beda kahanan
kedlarang ing pangumbaran
Ibere pikiran sakparan-paran
Munyer pindha kitiran
Tetep eling mring Gusti
90. Kabeh prakara
Mesthi ana pungkase
sing njalari sumpek ati
mesthi ana solusi
Mesema..
Murih lejar
pindha pajar
Ing plethek srengeng esuk
90. Ing pang wit waru
Manuk kepodhang
pathing cemuwit
Mratelakake langit isih biru
Sumunar nlesep ngangeti ati
mecaki dina
tanpa wegah
*semangat
Srengenge angslup
Ing gisik mega
rasaku gumlewang
ing rupa jingga
dakseleh sayahku
Katrem
Ayem
Maturnuwun Gusti
sedaya aanugrah paduka
91. Sibuk ngoreksi cacade liyan
nganti rereged ing awake dhewe
Ora dingerteni
Klalen
Klendran
pungkasane malah dadi rerasan
*lho..lak ya?
92. Wanita kang Gandes luwes lan pantes ing solah bawa
Iku mesthine dadi ciri khase wong jawa
sabisane diselaraske
Padhatan kareben resep ing panyawang
93. Wedi marang ayang-ayang
iku bisa dadi pepalang
tetep usaha sing peng-pengan
ning kudu selaras karo kemampuan
bisaa istiqomah ngibadahe, Mugi Gusti paring kanugrahan.
94. Kesabaran
bakal tumuju ing kaberkahan
apa kang wingi mrucut..
bakal antuk ganti luwih gedhe
Tetep ngupaya lan percaya
marang kuwasa Gusti
95
disawang
Ora usah kandha
yen kuwi klawu apa biru
nyatane kabeh pandulu
Ora bakal kleru
Sing beda
mung ing panemu
96. Samubarang laku
aja nggrundhel
aja ngedhumel
Kareben ora krasa abot
Sinau marang banyu
Mundhak dina
Tansaya meneb
Anteng lan wening
97. Virus kebencian
paling cepet nular
mula dieman atine
aja nganti terjangkit melu-melu kenyut ing rasa kebencian/gething tanpa dhasar
wong yen lagi gething
Atine ketutup bledhug
Samubarang ya mung katon ala
: 98. Aja gampang kepencut
marang tata lair
Mung seneng nyawang gebyare njaba
Yen ora ati-ati
Pungkase nemahi kuciwa
becike samadya wae...
99. Aja seneng nggedhekake masalah, kaya unen - unen
Kriwikan dadi grojogan
yen ora bisa ngendhalikake emosi
Bisa mbebayani tumrap dhiri pribadhine
uga kancane..
100. Wong sing jembar atine
Padhatan ora seneng
ngopeni rasa gething ing ati
Legawa nampa pacoban
semangat lan sumeleh
Sinau ngerteni lan mahami liyan
Sabar lan iklas
mbokmenawa..
Kanthi mengkono bisa ngurangi sanggan jroning ati.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar