Senin, 11 September 2023

GEGURITAN MAJAS 1

1.ING SISA WEKTU
Kledhange wektu tansaya  mangklung
nglewati maneka rasa
susah bungah dadi sesandhangan raga
mecaki dalan-dalan 
ing kalane menggok mudhun lan munggah 
prenggosan ngampah sayah

sangisore pengarep 
Kang tansah dadi pepayon edi
tatag tangguh temeka tujuwan

ing sisa yuswa sing wis surut siji
muga bisa dadi coloking laku
isih ana dina sing kudu piniji ngayahi jejibahan luhur
nggayuh kabagyan lair batin
tumus engga sapungkure wektu
Muga Gusti tansah paring pepadhang lan kanugrahan.


2.GURIT WEKTU

taktandur angen kang endah ing sedya kang makantar
nalika larik-larik ukara
manjila endahe gurit-gurit
abyor ing lumakune wektu 
bareng krenteg ati
sing kepengin nguri-uri budaya jawi
lumantar rerakit tembung-tembung kang edi
muga dadi tenger sing bisa anyengsemi
 
Marang ati kang nedhenge gladhi sastra jawi
aja nganti kelangan suluh
dimen tetep manther dadi obor semangat  
Awit jaman saiki para mudha wis lali
lan ora seneng mring budaya jawi

ayoo.....kanca bareng-bareng tresna budaya jawa
dimen ora ilang kependhem ing gumatine mangsa

Yen ora kita njur sapa?

elinga...
kuncaraning bangsa
ana ing gunggunge budaya kang adi luhung.

3.GURIT KATUR BAPAK IBU GURU 

Kula niki mung bocah ndesa sing Lola
Keplayu ngoyak endahe impen 
Sing pating kerlip ing gebyare langit 
mung kekanthen sedya lan gedhene tekad
Nggayuh sakehing 
Panjangka kanggo sangu nglakoni panguripan ing tembe mburi

Ing kene
Ing pawiyatan kang asri 
SMP negeri Balen setunggal sing daktresnani 
Saben dinten kula mituhu dhawuhe
bapak ibu guru sing tansah sabar 
Nggulowentah paring tuladha becik
Senajan kula asring damel bapak ibu guru kuciwa
Awit kula asring Lena ing pitutur 

Nyuwun pangaksami bapak ibu guru 
Sedaya piwulang lan ilmu 
Pindha suluh kang manther ing jiwa  
Senajan sayah ing raga
Panggah nindakkae jejibahan kanthi Semangat
tansah medhar ilmu  
Kanthi sabar lan ikhlas

Jasa lan lelebuhan estu tan winates
Kangge kula lan Sedaya mitra  

Maturnuwun bapak ibu guru
Atas Sedaya lelabet panjenengan
Minangka guru ugi tiyang sepuh tumrap para siswa 

Sedaya jasa panjenengan  
Badhe kaukir ing jiwa 
dados prsasati ing sadawane Gesang 
Mugi Gusti paring pangayoman 
Berkah barokah Sedaya jangkah

Maturnuwun bapak 
Maturnuwun ibu
Sembah sungkem kula tansah katur 
Sugeng mengeti dinten guru nasional 
Dirgahayu ....
Jaya lan jaya salamiya.

.
4.
SUGENG RAWUH PARA TAMU


Esuk Iki sang bagaskara mesem sumringah
Pindha bungahe atiku ing dina iki 
Amerga kerawuhan tamu ingkang satuhu kinurmat
Inggih menika pangarsi praja
Ibu Bupati lan para punggawa 
Bapak kepala diknas bojonegoro
Saha bapak ibu kepala sekolah SMP negeri se-kabupaten bojonegoro

Aku kudu kepiye iki?
sejatine atiku bingung
Ora ngerti endi sing taktandangi dhisik
Apa sing bisa dakaturake?
Apa sing pantes dakpamerake? 
Jalaran sing takduweni ya mung iki 
Apa anane 
jumbuh karo kahanan kang sinawang

Plataran jembar kebak kembang-kembang
Wit-witan kang agrom
pindha payung kang adhem banget 
Kabeh daktata kanthi seneng ati
dimen dadi papan rerenggan kang nentremake rasa 
Satenane aku wis ngupaya kanthi Semangat
Dimen para tamu
Karenan ing penggalih
Katrem anggone sanjan ing sekolah SMP negeri siji Balen

Muga-muga para tamu ora kuciwa
Marang suguh gupuh lungguh aruh kang daksugatna
Iki kabeh pancen adoh saka tembung sampurna

Saben dina aku wis ngrumat kebak rasa tresna asih 
Ngrengkuh para siswa - siswi lan sekolah Iki 
kanthi tanggung jawab
Minangka wujud amanah kang dakemban


Ora mung mulang teori ning uga tak contoni tuladha becik 
Mangun karakter Budi pakerti ingkang luhur

Piwulang ketrampilan kang banget mupangati uga dadi pasinaon sing banget dakutamaake
Supaya mbesuk para siswa-siswi duweni sangu ing madyane bebrayan agung 
Ngudi kabagyan urip kang mulya 
Ndonya lan akherat.

ttd.
Bu lukis wati


PAYUNG RENDA BIRU 

payung iki wis sauntara dadi klangenan 
dakpaes ing tritis wektu 
pindha umbul - umbul lan rontek 
gawe sengsem netra
rerenda abang tansaya merak ati 

ning ora kanyana
payung renda biru sing dakkanthi iki
dumadakan trocoh lan bolong
kecubles eri paran

driji - driji gemeter ngampah adhem sing ngrambati pulung ati

nggrantes mring dayane rasa pangrasa
yagene payung iki ora bisa nadhahi banyu sing mrembes ing sela-sela renda?
kamangka payung iki ginawe saka bolah kahyangan 
sing rinajut dening esem ngujiwat para widodari 


payung isih rinegem kebak pamuji 
dadi prasasti edi sadawane wektu.

ngajab endahe geganthan luhung
ing sangisore payung 
sing dadi pepayon
nalika mendhung saben-saben maesi langit ati

lestari Sahsa Malika
050121
[5/1 6.27 PM] Lestari Sahsa Malika: PAYUNG RENDA ABRIT

payung iki wis sauntara dadi klangenan 
dakpaes ing tritis wektu 
pindha umbul - umbul lan rontek 
gawe sengsem netra
rerenda abrit tansaya merak ati 

ning ora kanyana
payung renda abrit sing daksunggi iki
dumadakan trocoh lan bolong
kecubles eri paran

driji - driji gemeter ngampah adhem ilining banyu ngrembes tekan pulung ati

nggrantes mring dayane rasa pangrasa
yagene payung apik kaya ngene ora bisa nadhahi banyu sing mili ing sela-sela renda?

kamangka payung iki ginawe saka bolah kahyangan 
sing rinajut peni pinulas sulistya alusing asta para widodari 

ing sangisore payung iki
isih ana rupa-rupa gegantha luhung 
muga dadi pepayon kang murakabi
nalika mendhung sawayah maesi langit ati
bapoh santosa 
kebak donga pamuji 
dadi prasasti edi sadawane wektu.

lestari Sahsa Malika
050121
[7/1 9.31 AM] Lestari Sahsa Malika: PANAH SEKTI SRIKANDHI
Dening: Lestari Sahsa Malika

Dhuh ati..
Lerema saka sawernane reribet sing dadi pangridhumu
Lungkrah sayah Kuwi pancen tetenger 
Kang aweh tengara mring ragamu
Yen satemene kowe kuwi mung titah lumrah

Panggresah sing ana manah minangka swara batin sing pantes kaesthi
Aja kebacut dadi sumbering lelara
Mandhega sedhela wae
Tata atimu
Tata napasmu
Kuwi ora ateges kowe mandheg saka panjangka luhur
Apa maneh mundur saka angkah kang sinedya

meneng menenga  
Tata ambeganmu sing prenggosan
Dimen ora ngangsa-angsa
Jalaran dalan sing bakal kokliwati isih dawa banget
Aja nganti kelangan daya pangupaya 
 
apa Kang wis mbokronce kebak pengarep edi Peni   

Reng-reng maneka cengkorongane tujuwan luhur
Aja nganti ilang saka gegemanmu

Muga tipak jangkahmu kang anyengsemi leledhang edhume tetanduran kang ngrembuyung
Bisa maesi bebrayan agung
Dadi sejarah kang kepatri ing tugune wektu

Ora mung Jambu kluthuk sing ijo royo-royo
Ning Ana Pelem madu lan pelem gadhung sing wis kondhang Kaloka nuju prana pra priyagung 
Uga Endahe Sekar tabebuya jenar sinangkling tansaya Amrik nyebar ganda arum ngedap-edapi saben pandulu 
Tinandur ing sadhengah mangsa
Ora bakal gogrog 
Keterak samirana
Pancen angin Kuwi seneng gawe ribut ribet
ngobat - abit sakehing tetanduran 

Ning aja wedi
Ora ngira wit-wit kuwi bakal ambruk 
Apa maneh pokak 
Awit pang- pang sing mangklung kae
Wis tinali Kuwat
Kasangga dening gendewa lan panah sekti para srikandhi sejati

Sing ginawe saka landheping rasa

Mula sing jail seneng ngganggu ngreridhu 
Muga enggal sirna 
oncat saka pategalan lan plataran sing daktata tharik-tharik Rina wengi Iki

Gusti paringana pangayoman 
Tinebihake saking godha lan rubeda.
Aamiin....


211020
[9/1 1.19 PM] Lestari Sahsa Malika: ANGON RASA ANGON MANGSA


wis sawetara duwe kelangenan
klinci blang telon
seneng playon lelumpatan 
ing pinggir kali riwe
banyune mili gemlidhik banter
mancur saka apuhe kringet lan luh 
  
kiwa tengen akeh eri sangkrah
uga beling pating crangap
wis wola-wali dakgiring 
aja nganti mengkone kena bilahi
ning jejerku mung dhapuk pangon 
Angon rasa angon mangsa
mung bisa ngetutna paran laku
tiwas ngenggaki mbengok sora
mung tembung ngayawara  
 
lungguh sangisore wit kluwih 
nata napas nata rasa
daksawang klici Blang telon tansaya rikat
ngadoh cat katon cat ilang

ee....ya wis ora perlu kedhungsangan
diumbar wae senajan gronjalan rasa jroning dhadha
mbrebes mili teles kebes jroning jiwa
pasuryan panggah mesem ngujiwat 
merak ati....
praupan sumunar
padhang kencar
ya mung pengin ngajab karaharjan kasantosaning jiwa lan raga

Jembar ing manah dimen samubarang katon padhang
pindha srengenge madhangi jagad raya.


Lestari Sahsa Malika
090121
[14/1 7.02 AM] Lestari Sahsa Malika: PANAH SEKTI SRIKANDHI
Dening: Lestari Sahsa Malika

Dhuh ati..
Lerema saka sawernane reribet sing dadi pangridhumu
Lungkrah sayah Kuwi pancen tetenger 
Kang aweh tengara mring ragamu 

Panggresah sing nggubel manah minangka swara batin sing pantes kaesthi
Aja kebacut dadi sumbering lelara
Mandhega sedhela
Tata atimu
Tata napasmu
Kuwi ora ateges kowe mandheg saka panjangka luhur

meneng menenga  
Tata jangkahmu sing prenggosan
Dimen ora ngangsa-angsa
Jalaran dalan sing bakal kokliwati isih dawa banget
Aja nganti kelangan daya pangupaya 
 
apa Kang wis mbokronce kebak pengarep edi Peni   

Reng-reng maneka cengkorongane tujuwan luhur
Aja nganti ilang saka gegemanmu

Muga tipak jangkahmu kang anyengsemi leledhang edhume tetanduran kang ngrembuyung
Bisa maesi bebrayan agung
Dadi sejarah kang kepatri ing tugune wektu

Ora mung Jambu kluthuk sing ijo royo-royo
ning uga tetanduran liyane tansaya ngrembaka amrik nyebar ganda arum ngedap-edapi saben pandulu 
Tinandur ing sadhengah mangsa
Ora bakal gogrog 
Keterak samirana

Ning aja wedi
Ora ngira wit-wit kuwi bakal ambruk 
Apa maneh pokak 
Awit pang- pang sing mangklung kae
Wis tinali Kuwat
Kasangga dening gendewa lan panah sekti para srikandhi sejati

Sing ginawe saka landheping rasa

Mula sing jail asring ngganggu ngreridhu 
Muga enggal sirna 
oncat saka plataran sing tharik-tharik tinata rina wengi Iki

Gusti paringana pangayoman 
Tinebihake saking godha lan rubeda.
Aamiin.

140121
[14/1 7.15 AM] Lestari Sahsa Malika: Tlatah iki malih sepi nyenyet 
ora ana kemliwere tipak-tipak jangkah 
sing wingi iwut gladhi maneka gegayuhan peni
gegodhongan wegah obah
wit-wit sanalika nggejejer 
pang-pang
ndhingkluk apa ndhangak?
Mbokmenawa ngitung ceceran crita edi
kang nate rinonce
ing sangisore mega -mega biru

sepi
sepa
samun
tanpa ana gemerahe kayun
Januari ndhedher tatu
ing ros-rosane pangrasa njarem linu
ngupadi tamba ana ngendi?
kamangka iki wadi sing kudu daksingitake ngati-ati
dimen ora disengguh ati iki rapuh
jalaran wis dakbundheli sakehing Jimat sekti
kanggo tetulak lelara


Lestari Sahsa Malika
140121
[14/1 7.20 AM] Lestari Sahsa Malika: JANUARI NDHEDHER TATU 

Tlatah iki dumadakan sepi nyenyet
ora ana kemliwere tipak-tipak jangkah 
sing wingi iwut gladhi maneka gegayuhan peni
gegodhongan wegah obah
wit-wit sanalika nggejejer 
pang-pang
ndhingkluk apa ndhangak?
Mbokmenawa ngitung ceceran crita edi
kang nate rinonce
ing sangisore mega -mega biru

sepi..
sepa..
samun..
tanpa ana gemerahe kayun
Januari ndhedher tatu
ing ros-rosane pangrasa njarem linu
dheleg-dheleg tan kuwawa muni
ora bisa sambat 
iki wadi sing kudu daksingitake kanthi permati
dimen ora disengguh ati iki rapuh
jalaran wis dakbundheli sakehing Jimat sekti
kanggo tetulak lelaran sing tumama ing jiwa raga iki


Lestari Sahsa Malika
140121
[18/1 5.38 PM] Lestari Sahsa Malika: KEMBANG DOM-DOMAN

Angin semribit ngelus rekma
nalika srengenge nepaki angslup
manuk-manuk bali ing susuhe
driji srawehan ngipatake lelamunan

pangrasa iki isih nglambrang
mbradhati kembang dom-doman rupa ungu
sing thukul mberah ing tlatah manah

pindha sesukeran ngranuhi jiwa
ing kalane nyubles njalari mberet perih 
senajan samar panggah dakjingglengi 

wanci surup nora katon apa-apa
sing katon mung tipak jangkah sing tracak 
lerem sawetara ing napas-napas lila

wengi iki reroncen impen landhung mapak srengenge esuk luwih kencar
ngujiwat sumilak 
amadhangi laku


Lestari Sahsa Malika
180121
[14/3 1.36 PM] Lestari Sahsa Malika: KABEH KOK SALAH?


Sing kanggonan mesthi wae moh diarani salah
kuwi ngono jare wadi 
mula sok didhelikna dimen ora kena aloke kanca

saben-saben gawe gendra
tembung-tembung abang sinigar 
saka ilate sing landhep
temlecek ing Jogan rasa

nyacad liyan sakepenake udele
sing iki jare keminter
sing kae jare pengkoh
sing kono jare kakehan umuk
kabeh kok salah
lha ..sing cedhak kae
salah kaya ngapa jaremu ya bener

apa lali...yen awak dhewe iki 
satenane uga nggembol sesukeran ?
ngono kok ya seneng alok kekurangan liyan

eling.....kae lo srengengene tansaya mangklung
ora bisa mbokrekayasa ing lakune
yagene seneng 
gawe gela ngudal-udal mala

lungguh sing kepenak ya
sinambi ngunjuk banyu tawa
apa sing umub jroning dhadha
dimen adhem lan tinata.


lestari Sahsa Malika
140321

Tidak ada komentar:

Posting Komentar