1. ATUR SAPALA
Assalamualaikum.wr wb
Nuwun sewu para pamaos ingkang tansah kinurmatan
Ndherek atur tembung saklemah
Mugi saged manfaati
Pancen kula lan panjenengan
Ing kawuri pancen isih bocah
Dereng kebak lan turah
Babagan seserapan lan kawruh
Ning sakniki yuswa sampun kirang ing wilangan cacah
Mugi Gusti tansah paring pangayoman ing rinten dalunipun
Nuwun sewu kepareng badhe atur seserapan arupa reroncen ukara
Nut lakuning panggrahita
Mbokmenawi seratan kula menika
Kuwawa asung pepadhang ing margi sesrawungan
Kula lan panjenengan sedaya
Saged tansaya ngraketake talining seduluran
Ing pangajab mugiya kita tansah pinaringan nikmat sehat lan yuswa panjang
Engga silaturahmi saged semulur dumugi delahan
Aamiin....yra
Kula lan panjenengan saben dina
Nemahi maneka prakawis ing panguripan
Bungah susah dadi sandhangan
Lan sedaya menika awit saking polah tingkah
Ingkang kita tandur
Kaya unen-unen Ngundhuh Wohing Pakarti
Mula Urip kudu ngati-ati.
Saben titah bakal ngundhuh wohing tumindak.
Laku ala nemu cilaka,
Dene laku becik bakal begja.
Ukum alam mangkono kang biasane diarani ukum karma.
Apa kang kadadeyan ing dina iki, saka asiling tumindak wingi uni.
Mangkono uga apa kang katindakake ing dina iki, bakal kaundhuh ing dina sesuk- bisa suk emben .
Bisa ateges nalika isih urip ing alam donya bisa uga sawise ana ing pangayunaning Gusti.
Mangkono eloke wong Jawa,
Duwe kapitayan manawa urip ora mung ing wektu saiki.
Nanging urip lumaku ing dina iki, sesuk lan suk emben tumekaning alam kalanggengan.
Mulane tumrap wong Jawa percaya menawa 'urip' iku langgeng.
'Urip' iku ora bisa mati.
Mati iku mung raga banjur si 'urip' nerusake laku sowan ing Gusti.
Urip bakal bali ing sangkan paraning urip,
Yaiku sangkan paraning dumadi, ora liya ya Gusti Kang Akarya Jagad.
Dadi ukum 'wong nandur bakal ngundhuh' tumrape wong Jawa diugemi dadi cekelaning urip ing ngalam donya.
Manawa kula lan panjenengan
ngerti dunung sangkan paraning urip,
tumindake mesthi bakal ngati-ati.
ora sakarepe dhewe.
Wedi nerak ngger-anggering urip.
manawa wong urip bakal nampa ganjaran ing tembe mburine trep klawan apa kang ditindakake ing uripe.
Kapitayan babagan ngundhuh wohing pakarti pranyata kuwawa njurung laku utama.
Bisa nyandhet laku culika,
Nyingkiri watak candhala kang gawe sengsarane ngaurip
Gegaraning urip kang mangkono nuwuhake :
√Pangati-ati lamun micara. manungsa bakal kupiya njaga lisan saka omongan kang ora becik. Aja nganti ngucap kang gawe tatuning liyan, amarga omongan ala utawa becik tudhone bakal nemahi ing awake dhewe.
√Nyingkiri watak culika, amarga watak culika wusanane bakal nyilakani awake dhewe. samubarang becik ketitik, kang ala bakal ketara.
√Gelem age-age njaluk ngapura menawa salah, ora pengin ketaman ala sajroning lelakon uripe. Kepiye wae sapa kang nyimpen tumindak kang salah wusanane bakal seleh.
Muga-muga awake dhewe tansah pinaringan rasa eling, wening, banjur mbujung tumindak becik kang tanpa pamrih.
Pamrihe amung ngundi rahayuning sagung dumadi.
Mugi seratan menika manfaat tumrap kita sami
Maturnuwun.
2.PANGELING- ELING
Memayu hayuning pribadi
memayu hayuning kulawarga
memayu hayuning sesama
memayu hayuning bawana
Artinya
Berbuat baik bagi diri sendiri
Berbuat baik bagi keluarga
Berbuat baik bagi sesama
Berbuat baik bagi mahkluk hidup dan seluruh dunia
3. CATHETAN
SANGU LELADI
Maneka sangu leladi iki dakajab bisa nuwuhake inspirasi
Kanggo para pamaos.
dakwenehi irah-irahan SANGU LELADI
Sangu tegese = uba rampe sing digawa sajroning lêlungan;
Leladi tegese = nyuguhake utawa ngatonake patrap kang becik
jroning urip ing bebrayan agung.
SANGU LELADI yen ing bahasa indonesia kayadene nasehat,motivasi hati lan mutiara kata.
tema sing daktulis maneka warna saka pengalaman, rerasan batin lan
imajinasi sing ora kocap ing kasunyatan.
Atur panuwun marang sedaya mitra lan kulawarga
Ingkang sampun paring eguh pratikel,panyurung,ugi tansah sabar paring
panyaruwe ugi kekuwatan saengga kula saged nerbitake buku iki.
Ing pangangkah buku iki bisaa nambahi dhokumentasi
ing sastra jawa,mligi dokumentasi pribadhi,ugi para maos kena kanggo panglipur ati.
Mesthi wae apa sing daktulis iki durung bisa apik lan lungit.
Saran ugi panyeda (kritik) lan panyaruwe tansah dakantu.
Nuwun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar