Rabu, 20 September 2023

ATUR SAPALA| ATUR PANGRING SANGU LELADI LESTARI SAHSA MALIKA

1. ATUR SAPALA

Assalamualaikum.wr wb

Nuwun sewu para pamaos ingkang tansah kinurmatan
Ndherek atur tembung saklemah
Mugi saged manfaati
Pancen kula lan panjenengan
Ing kawuri pancen isih bocah
Dereng kebak lan turah
Babagan seserapan lan kawruh
Ning sakniki yuswa sampun kirang ing wilangan cacah
Mugi Gusti tansah paring pangayoman ing rinten dalunipun

Nuwun sewu kepareng badhe atur seserapan arupa  reroncen ukara
Nut lakuning panggrahita
Mbokmenawi seratan kula menika
Kuwawa asung pepadhang ing margi sesrawungan
Kula lan panjenengan sedaya
Saged tansaya ngraketake talining seduluran
Ing pangajab mugiya kita tansah pinaringan nikmat sehat lan yuswa panjang
Engga silaturahmi saged semulur dumugi delahan
Aamiin....yra

Kula lan panjenengan saben dina
Nemahi maneka prakawis ing panguripan
Bungah susah dadi sandhangan
Lan sedaya menika awit saking polah tingkah
Ingkang kita  tandur
Kaya unen-unen Ngundhuh Wohing Pakarti
Mula Urip kudu ngati-ati.
Saben titah bakal ngundhuh wohing tumindak.
Laku ala nemu cilaka,
Dene laku becik bakal begja.
Ukum alam mangkono kang biasane diarani ukum karma.
Apa kang kadadeyan ing dina iki, saka asiling tumindak wingi uni.
Mangkono uga apa kang katindakake ing dina iki, bakal kaundhuh ing dina sesuk- bisa suk emben .
Bisa ateges nalika isih urip ing alam donya bisa uga sawise ana ing pangayunaning Gusti.

Mangkono eloke wong Jawa,
Duwe kapitayan manawa urip ora mung ing wektu saiki.
Nanging urip lumaku ing dina iki, sesuk lan suk emben tumekaning alam kalanggengan.
Mulane tumrap wong Jawa percaya menawa 'urip' iku langgeng.
'Urip' iku ora bisa mati.
Mati iku mung raga banjur si 'urip' nerusake laku sowan ing Gusti.
Urip bakal bali ing sangkan paraning urip,
Yaiku sangkan paraning dumadi, ora liya ya Gusti Kang Akarya Jagad.
Dadi ukum 'wong nandur bakal ngundhuh' tumrape wong Jawa diugemi dadi cekelaning urip ing ngalam donya.
Manawa kula lan panjenengan
ngerti dunung sangkan paraning urip,
tumindake mesthi bakal ngati-ati.
ora sakarepe dhewe.
Wedi nerak ngger-anggering urip.
manawa wong urip bakal nampa ganjaran ing tembe mburine trep klawan apa kang ditindakake ing uripe.

Kapitayan babagan ngundhuh wohing pakarti pranyata kuwawa njurung laku utama.
Bisa nyandhet laku culika,
Nyingkiri watak candhala kang gawe sengsarane ngaurip
Gegaraning urip kang mangkono nuwuhake :

√Pangati-ati lamun micara. manungsa bakal kupiya njaga lisan saka omongan kang ora becik. Aja nganti ngucap kang gawe tatuning liyan, amarga omongan ala utawa becik tudhone bakal nemahi ing awake dhewe.

√Nyingkiri watak culika, amarga watak culika wusanane bakal nyilakani awake dhewe. samubarang becik ketitik, kang ala bakal ketara.

√Gelem age-age njaluk ngapura menawa salah, ora pengin ketaman ala sajroning lelakon uripe. Kepiye wae sapa kang nyimpen tumindak kang salah wusanane bakal seleh.

Muga-muga awake dhewe tansah pinaringan rasa eling, wening, banjur mbujung tumindak becik kang tanpa pamrih.
Pamrihe amung ngundi rahayuning sagung dumadi.

Mugi seratan menika manfaat tumrap kita sami
Maturnuwun.


2.PANGELING- ELING
Memayu hayuning pribadi
memayu hayuning kulawarga
memayu hayuning sesama
memayu hayuning bawana

Artinya
Berbuat baik bagi diri sendiri
Berbuat baik bagi keluarga
Berbuat baik bagi sesama
Berbuat baik bagi mahkluk hidup dan seluruh dunia


3. CATHETAN
SANGU LELADI 

Maneka sangu leladi  iki dakajab bisa nuwuhake inspirasi
Kanggo para pamaos.
dakwenehi irah-irahan SANGU LELADI
Sangu tegese = uba rampe  sing digawa sajroning lêlungan;
Leladi tegese = nyuguhake utawa ngatonake patrap kang becik
jroning urip ing bebrayan agung.

SANGU LELADI yen ing bahasa indonesia kayadene nasehat,motivasi hati lan mutiara kata.
tema sing daktulis maneka warna saka pengalaman, rerasan batin lan
imajinasi sing ora kocap ing kasunyatan.

Atur panuwun marang sedaya mitra lan kulawarga
Ingkang sampun paring eguh pratikel,panyurung,ugi tansah sabar paring
panyaruwe ugi kekuwatan saengga kula saged nerbitake buku iki.

Ing pangangkah buku iki bisaa nambahi dhokumentasi
ing sastra jawa,mligi dokumentasi pribadhi,ugi para maos kena kanggo panglipur ati.

Mesthi wae apa sing daktulis  iki durung bisa apik lan lungit.
Saran ugi panyeda (kritik) lan panyaruwe tansah dakantu.

Nuwun

SANGU LELADI/LESTARI SAHSA MALIKA

SANGU LELADI

1. Ngupadi cukupe urip ing sapadinan
Iku pancen kebutuhan penting
Ning ...eling !!
Yen cukupe mung diwadhahi mangkok
Aja nganti nggawa wadhah tomblok
Kareben pikiran ora ngangsa-angsa lan nerak tatanan kang wis gumathok ing bebrayan.

2.
Randhete rejeki iku lumrah
Ora usah nduweni prasangka ala
Marang kanca...
Sing wigati tetep ngupaya
Aja pokak semangate
Rejeki ora bakal balik
Yen titi wanci mesthi nyedhak
Muga Gusti tansah amberkahi

3.
Kabeh wong nduweni masalah
Ning ora kabeh wong bisa ngadhepi
Kanthi ati tatag lan pikiran bening
Anane mung ngersula
Lan nyalahake sapa wae
Sing dadi penyebab prakara...
Mesthine luwih wicaksana
Bisa instropeksi dhiri.

4.
Donya ora mung sagodhong kelor
Yen pikiran krasa judheg
Ora duwe pengareb-areb maneh
Luwih becik ngakehake donga
Nyuwun pangayoman Gusti
Aja niru ...sinetron tivi
Sing ora bisa dadi tuntunan
Akeh-akehe mungkasi uripe
kanthi lampus dhiri

5.
Urip ing alam bebrayan
Bisa lumaku kanthi becik
Yen saben wong ngugemi tatanan
Lan paugeran ngaurip
Ora sembrono lan sekarepe dhewe
Apa maneh wong jawa
Aja nganti ilang jawane

6.sing paling mboseni
Iku penggaweyan ngenteni...
Wis janji jam saiki dina iki
Jebule wis wayahe isih durung siyap
Kamangka sapa wae
sing bisa ngregani wektu
Uripe bakal teratur lan tinata becik
Uga diajeni kanca liyane

7.Undhakane rejeki wis semulur
Aja nganti dadi alasan kebulet wektu
Njur lirwa ing panembahe
Lali marang Gusti ALLAH
Sing paring kanugrahan
Mesthine tansaya ajeg lan mantep

8.Kanthi usaha sing temen
Ora gampang nglokro
Lan bisa ngemong ubale nepsu
Ora gampang kebrongot nesu
Mesthi bakal ana pikolehe
Aja wedi marang ayang-ayange dhewe
Wong temen bakal tinemu.

9.Sasi ramadhan
Muga bisa luwih ningkatake
Anggon kita nglampahi tafakur
yaiku ...
Ngupaya luwih caket jiwa lan raga marang Gusti
Jalaran pasa iku nggampangake
Pambudidayaning ati lan pikiran
Supaya bisa nyawiji.

10.
Ing Wulan ramadhan
Sasi pasa....
Kajaba kanggo nindakake kewajiban agama
Muga bisa dadi srana kanggo mawas dhiri
Murih resik ing jiwa
Kanthi khusuk ibadahe
Ing pangajab bisa luwih meneb ing rasa
MARHABAN YA RAMADHAN
mugi lumeber sedaya aksama
Lair tumusing batin


11.
Mapak tekane sasi pasa
Sabanjure riyaya
Mesthi reregan ndherek mundhak
Masiya mengkono
ora ngurangi prilaku konsumtif
Blanja ora ngukur kemampuan
Senajan ora butuh lan ora manfaati
Jarene ....
Setaun pisan mumpung ana promo
*bijak berbelanja


12. Ibu pertiwi sungkawa
Ilining luh mblabar
Situasi sarwa nguwatirake
Mugi enggal lerem
Adhem ayem....
Kados wingi uni
aamiin ...


13.
Pikiran judheg buneg
Mbokmenawa....
Lagi butuh penyegaran
Aja diforsir tenagane
Dinane isih dawa
Eman yen pikolehe makarya
malah kanggo tamba....


14. Ngundhakake tataran batin
Iku ora gampang
Kudune bisa nglewati proses
Nglungguhake rasa narima
Kanthi sabar...

15.
Nguyahi segara
Tegese
Nindakake samubarang sing ora ana manfaate
Contone :
Ngandhani wong sing rumangsa pinter
Kabeh pitutur mung di anggep sepele
Ning kanggoku
Nulis maneka
Sangu leladi iki muga ana manfaate ing bebrayan
Syukur bisa nuwuhake inspirasi
Siji ngece ora dadi ngapa
Sapa ngerti liyane malah salut

16.
Sapa wae dikeparengake
Nggayuh cita-cita dhuwur
Ora usah wedi ayang-ayang
Lakoni apa sing saiki dadi tanggung jawabe
Kanthi temen..:-)
Mesthi bakal ana asil kang nyenengake
Minangka Ngudi kamulyan urip

17.
Dedana marang anak yatim
Lan wong kekurangan
Bisa nglungguhake pikir ing katentreman
Ngurangi sanggan ing sapadinan
Nyedhakake kanugrahan saka Gusti pangeran


18
Pikiran judheg buneg
Mbokmenawa....
Lagi butuh penyegaran
Aja diforsir tenagane
Dinane isih dawa
Eman yen pikolehe makarya
malah kanggo tamba....


19
 Ngundhakake tataran batin
Iku ora gampang
Kudune bisa nglewati proses
Nglungguhake rasa narima
Kanthi sabar...

20.
Gusti ALLAH
Iku maha welas asih
Tresna marang titah
Sing atine tansah sareh
Semeleh lan narima
Ora duweni ati serik
kang kebak cubriya
Apa kang dumadi
wis dadi bagiyan uripe
Tansah Mlaku satitahe
ing pereng-pereng keyakinan
kanthi istiqomah...

21
Apa bener ??
Urip mung mampir ngombe
Kaya unen- unen sasuwene iki
Yen bener mangkono
Ngombea banyu kang bening
Sacukupe wae
kareben weteng ora mblendhing
Pilihen Banyu tawa
Kang bisa ngluruhake rereged jiwa
Aja kepencut abang ijone rupa
Sing njlomprongake ing jurang nista


22.
 Ngoyok apa,,,?
Ngoyak apa..?
Dina-dina playon
Wedi telat
Wedi ora keduman
Praupan mbesengut
Adoh saka sumeh
Mung siji kang dingerteni
Aja nganti keri
Embuh....keri ana endi...?


23
 Nguber rasa pengin
Gebyaring bandha donya
Anane mung kemrungsung
dioyak kaya ngapa
Panggah durung bisa
Manungsa pancen duweni sipat lali
Lali dulur lali wayah
Lali manembah marang Gusti ALLAH
Bandha durung kecandhak
Pungkasaning awak rusak
Uga kelangan sanak
Aja ditiru..!


24
 Kanugrahan iku
Tekane sawayah-wayah
Sapa wae ora bisa nyegati
Dalane bisa saka endi wae
Tetep percaya....
Gusti ALLAH iku sugih
Ya ora nganggo pamrih


25. 
Bismillah...
Niyat ingsun ngupadi rejeki
Apa sing nyandhung laku
Muga enggal sumingkir
Apa sing dadi pepalang
Muga enggal ilang kumleyang
Byar sumilak padhang .,,
Saking kersane GUSTI ALLAH
Ingkang paring kalancaran ugi kaberkahan
Aamiin....


26. Jumangkah kanthi rikat
Senajan ing dalan rumpil
Kebak eri lan krikil
Panggah mesem....
Muga bisa ngenthengake laku
Ya ora kabotan sanggan
Sing saben dina nggubel panguripan
Jer,...urip mung nut ilining pandom wektu
Kanthi rasa semeleh
Mugi Gusti paring kaberkahan


27.
Prau rupa abang jambon iki
dakgawe wiwit plethek srengenge
pancen dakrumat kanthi kebak asih
Daktambal nalika ana sing bolong
Muga tansah tangguh
nganti angsluping surya
Ngadhang santering ombak
Ing kalane nabrak karang
Aja nganti oling
Aja nganti nggoling...
Bismillah...

28.
Iki sasi becik
Ing ramadhan kebak rahmat
Aku lan panjenengan mesthine bisa sabar
Aja mung mburu bebana
Nyegat lakune lailatul qodar
Sing jare ing wengi ganjil
Ora usah nyanggong
Mlaku wae..
Kanthi ati kang resik
Mengkone bakal tinemu dhewe
Bismillah...

29
Wong seneng maido liyan
Iku prasaku wong kurang penggaweyan
Ya wis ben ta pancen kemampuane sakmono
Anggite ya pengin kados panjenengan
Sing hebat samubarang mumpuni...

30
Kejegur ing kedhungan
Jero tanpa wates
Gemrayang ing cangkriman
Slurup miyaki larahan
Kabeh pitakon gembrembyeng
Ing telenging banyu
Isih ana rupa bening
Tak cawuk sasiwur
Kuwawa mbasuh
sekabehing rerusuh
BISMILLAH....


31. Wong gampang tersinggung kuwi
Mbokmenawa penyebabe
1.Ora gelem nampa pitutur
2.Wis rumangsa pinter
3.Dolane kurang adoh
4.Pilih-pilih kanca sing manut karepe
5.Atine gampang putung
6.Gawan bayi .....

Tetep eling lan waspada

32. Kaendahan gurit iku
mujudake suwara batin
Kang ora kocap
Minangka expresi jiwa
Marang sekabehing kedadeyan
Sing rumasuk ing jiwa
Njur,,,,maujud dadi wewacan
Kang bisa ngajak pemaos
Ambyur ing saben larikane ukara kaya - kaya melu nglakoni kayadene ing surasane tulisan sing diwaca.


33. Kasusastran iku mujudake seni
Klebu geguritan basa jawi
Senajan winates publikasi
Kalawarti utawa ariwarti
Isih ana media sosial
Sing bisa nampung karyane
Dadi ora usah cilik ati
Tetep semangat
Nyuntak rerasan batin
Ing larikan bait gurit
Ing tembe mburi muga manfaati


34. Tembung sumendhe mring Gusti
Duweni makna kang jero
Mujudake sikap kang temen
Nyuwun pangayoman lan pasrah
dumatheng kuwasaning Gusti ALLAH

 35.
Titikane wong di arahi apik iku
tansah sareh lembah manah
Ora seneng congkrah
Lan ongkrah- ongkrah kaelekan liyan
Pasuryan sumringah ...
Mantulake Welas asih mring sesami


36. Wis peputra
Lumrahe diarani wong tuwa
Mesthine ing lumakune dina
Rasa pangrasa bisa meneb
Samubarang disikapi kanthi sareh
Aja sithik-sithik gela
Njur tersinggung
Atine humob panas
Entek-entekane sirah ngelu
Dadi penyakit ta.??
Ora apik
Ora pantes
*sing sabar ....


37.
 Dinane reja
Ing endi papan umeg
Ngrembuk kursi sing aji
Ora ana sing ngerti
Sapa sing wenang nglungguhi
Nanging kursi kuwi
Tansah sumadya lan ngenteni
Sapa wae sing teka ngglungguhi
Kursine ginawe saka wesi
Yen wis lungguh aja seneng ngapusi


38 .
Yen ati tansah tinarbuka
Lan bisa jembar ing panarima
Mesthi bakal gampang
Paring pangapura marang liyan
Satemene ngendhem rasa gela
Iku penggaweyan sing rugi
Bisa ngadohake kabungahan


39.
Aja isin lan sungkan
Yen lagi butuh pramayogane
Kanca sing wis pengalaman
Dijembarake wawasane
Kareben kasuksesan bisa ginayuh
Kanthi usaha lan ihtiyar sing tenanan
Sapa kang temen bakal tinemu

40.
Rejeki iku wewenang GUSTI
Senajan diuber kaya ngapa
Yen durung wayahe teka
Ya.....panggah durung gelem mara
Tetep mbudidaya kanthi sregep
Aja gampang gela lan pokak semangat
Dening asile sumarah wae
Marang GUSTI kang murba wasesa

41.
 Akehana kekancan
Jembarna sesrawungan
Ing kono kadhang ana rejeki panjenengan
Tansah Nyambung tali seduluran
Bisa nyedhakakake kanugrahan

42.
Yen ana wong sing sumeh
Ulate tansah padhang lan adhem
Satemene tumus saka ati kang resik
Pasuryan mantulake kaelokan budi
Polah tingkah tansah ngresepake
Cahyane praupan uga sumringah

43.
Dadi Wanita iku
Yen ngguyu aja seru-seru
Ora pantes dadine malah saru
Masiya ngerti ana sing lucu

Ya....cukup mesem lan diisawang wae
Aja nudhuhake sikap sing ngilangi ayune
Sapa ngerti apa sing kokguyu
Satemene mbesuk bisa wae koklakoni?
Ing donya iki ora ana sing langgeng...

44.
Kepengin maju lan sukses
Iku perlu kerja keras
Aja mung kandheg ing angen-angen
Apamaneh mung gedhe karepe
Ning wegah polah lan ora gelem rekasa
Rejeki ora ujug-ujug ceblok
Saka langit .....
Tetep mbudidaya murih kasembadan

45.
Nglewati ukara sinandi
Dakulati ing kedheping kaca netra
Senajan tanpa suluh
Isih ana pletiking geni jroning ati
Nuntun ing kawaspadan

Tembung- tembung mawa wisa
Semebyar ing dalan iki
Abyor manjila kembang dahana
Sawayah-wayah ngobong kahanan
Nalika ambyur ing reja-rejaning jaman

46.
Urip tansaya maju
Kagawa jaman modern
Ora ateges ninggalake pitutur becik
tinggalane para sepuh
Mesthine kena kanggo sangu
Ngadhepi kahanan sing sarwa instan
Supaya ora ilang watak lan jati dhirine
Minangka wong jawa kang misuhur
Duweni pakerti lan tradhisi kang luhur

47.
Duweni tekad lan sesanti kang luhur
Tansah sengkut ngisi ing obahe jaman
Sinartan rasa bombong
Lan melu andarbeni
Marang kabudayan lan adat tradhisine dhewe
Para pangarsa uga nyengkuyung
Amrih LOCAL GENIUS/kabudayan lokal
Tansaya ngrembuyung
Bisa dadi titikane bangsa kang maju

48.
Urip iku peparing adi
Jlentrehe ngene..
Ing alam bebrayan iki
Samubarang bisa lumaku kanthi becik
Amerga ana tatanan lan paugeran
Kang dadi pedhoman ngaurip.

49.
Ora usah kepengin nyoba
Dadi kaya wong liya
Kudune tansah nggondheli
Marang kapribadhene dhewe
Ora ana manungsa sing sampurna
Kabeh duweni kaluwihan uga kekurangan
Sing mengkone bakal saling *melengkapi
Antarane siji lan liyane.

50.
Wujud kaberkahan lan kanugrahan
Saka GUSTI pangeran
Iku bisa arupa kesarasan awak
Lan kelancaran pakaryan
Senajan peningkatan ekonomi
Durung bisa nyenengake
Sing penting cukup kanggo urip sapadinan
Lan tetep nggedheake rasa syukur...

51. 
Sabar iku mapane ana ati
Sing iklas ....
Bisa ngadhepi samubarang
Kanthi kaweningan batin
Ora kebrongot ing kanepson
Sing pungkase bisa getun keduwung

52. 
Padha bukak usaha dodolan
Padha barang sing diadhepi
Yagene rejekine beda?
Ora usah gumun
Kabeh wis ditata GUSTI
Senajan mung sethithik
Yen disyukuri..
Yen diutuni ....
Mesthi mbarokahi..
Aamiin

53.. Tekade wae sing kudu dikencengi
Senajan usahane sasuwene iki
Isih durung ana tandha-tandha nyenengake
Tetep iklas anggone makarya...
Lan ngudi murih ana dalan
Kanggo mbukak lancare kanugrahan
Kanthi khusuk ing panembah
Aja pethal jroning ngibadah

54. 
Wong atine serik lan srei
Iku kaya-kaya angel mari
Kapan wae ya panggah usil
Seneng nglarani atine kanca
Sing dianggep dadi pepalang golek kesenengane amerga saingane uripe sinawang luwih kepenak.

 55.
Ati iku pindha segara
Jero tanpa kinira
jembar tanpa wates
Tinarbuka marang kahanan
Apa wae..,,
Lan ing kono
Ana cahya padhang sumunar
Yen atine tansah resik
Linambaran kapitayan
marang Gusti kang maha Agung.

56.
Jroning sesrawungan
Tansah ana kanca sing ora seneng yen ngerti kancane sukses..
jembarna dhadhane
Kareben bisa longgar atine
Mengkone bakal ilang dhewe
Rasa sumpek lan judheg
Sing ngeboti pikir....

57.
Aja nggedheake gengsine
Mundhak ewuh pekewuh
Yen pengin nyuwun pitulungan
Marang kanca liyane..,,
Sing Nyatane luwih mumpuni lan pinter
Bisa kaweleh ta..?

58. 
Nguber kebutuhan urip
Iku pancen kewajiban wong urip ing bebrayan agung
Ning sing wigati
Uga dipikirake wadhahe
Kepiye carane bisa nglumpuk kanggo persiapan sawayah-wayah butuh dana gedhe
Ora klimpungan ...
Kudu siyap yen sawayah
Ana gerah lan lungkrah
Aja nganti boros lan muspra olehe ngumpulake pengasilan mbaka sithik.

59. Lara ati ....
Gela lan kuciwa
Kuwi kasandhang dening sapa wae
Wis lumrah minangka titah sawantah
Ning aja suwe-suwe
Kareben ora dadi energi negatif
Sing ngrusak ati lan pikir.

60. Ngrungokake lelagon kelangenan
Bisa ndhudhah lelakon kawuri
Kang Satemene bisa natoni ati.....
Enggal dilalekake wae
Kabeh wis dadi kenangan
Sing ora bakal balik maneh
Ing panguripan saiki....
 

61 Masalah sing wis mungkur
Aja dieling-eling wae
Mundhak dadi penyebabe ati lara
Saiki ditata pola pikire
Lan ngakehi ngudi kaweningane batin

62.
Senajan ora nate sekolah dhuwur
Kandhane ora mangan bangku sekolah
Ning wong tuwa iku tuwuk mangan uyah
Tegese....
Wis akeh pengalaman urip sing di prangguli
Dadine duweni rasa pangrasa kang jeru banget
Gegayutan kanggo sangu leladi tumraping bebrayan.

63. Urip samadya utawa urip prasaja
Iku satemene mujudake pilihan
Nanging ora saben wong bisa nglakoni
Akehe malah seneng pamer bandha donya
Nganti direwangi utang
Ngeboti sanggan sajroning panguripan.

64. Ngecakake urip prasaja
Iku tegese weruh ing panarima
Ngerteni yen urip iki tansah sesambungan
Lan tulung tinulung marang liyan.

65. Seneng sambat
Saben-saben nggrundhel 
rumangsa urip tansah susah
Satemene iku nudhuhake kelangan rasa syukur
Marang nikmat sehat lan napas sing isih rinengga saben dina.

66.
Yen saobahe awak
Isih seneng sambat wae
Iku wong sing ora duwe rasa syukur
Lakoni wae kanthi ikhlas ati
Aja akeh omonge
ning akehana tumindak lan karyane

67.
Yen dietung...
Sedina iki mau pira akehe wektu
Kanggo kita dadi wong sing manfaati?
Pitakon iki sing bisa mangsuli
Ya...kejujuran saka atine dhewe
Apa akeh wektu sing muspra?
muga wae bisa luwih apik saka dina kapungkur.

68. Sinau ngupaya kabecikan dhiri
Prakara sepele aja digawe gedhe
Aja katrem ing pikiran sing ora penting
Tansah bisa ngemong rasa pangrasa
Mengkone kanugrahan bisa nyedhak
Tanpa kanyana...

69.
Seneng ngudal tembung jare
Malah ngulur crita ora ana enteke
Sing sareh.....
Atine ditata aja grusa-grusu
Mundhak kebranang nesu
Bisa Ngobong hubungan seduluran
Sing sasuwene iki sinambung apik

70. Aja seneng ngopeni
Masalah sepele
Merga jare dirasani kanca
Ora ana manfaate 
Anggep wae angin semilir
Aja nyiksa ati....
Mikir sing durung mesthi .

71. Kudu bisa nglodhangake wektu
Ngudi murih tentreme jiwa
Andhedhepe mring welas sih Gusti
Aja mung mburu kebutuhan donya
Nganti lali yen urip iku kudu seimbang
Antara lair lan batin....

72. Seneng ngendhe-endhe wektu
Lan Nglirwaake pakaryan ...
Satemene bisa mbilaeni awake dhewe
Kapercayan saka kanca utawa sapa wae
Bisa ilang....
Kamangka golek penggaweyan ora gampang
Mula kudu bisa njaga lan ngundhakake kwalitas dhiri.

73. Sing njalari ati ayem
Lamun ati iki bisa iklas
Mengkone ora bakal rumangsa kekurangan
Jalaran tansah sumendhe mring Gusti
Percaya marang kanugrahan
Sing teka sawayah-wayah...

74. Sing njalari ati ayem
Lamun ati iki bisa iklas
Mengkone ora bakal rumangsa kekurangan
Jalaran tansah sumendhe mring Gusti
Percaya marang kanugrahan
Sing teka sawayah-wayah...

75.
Nuruti rasa serik
Iku pindha ngobong ati
Isine mung panas
Kamangka urip iku Butuh katentreman
Yagene.....ora enggal dileremake
Kanthi diselehake ing pangayomane Gusti.??

76
Nglakoni urip bener,becik,pener
murih bisa ‘titis ing pati’.
'tegese 
Ora ngrembuk suwarga lan neraka
Ning nut prentahe Gusti lan ngedohi pepacuhe
Urip ing dalan bener 
Nganti ing titi wanci ngadhep Gusti
Kanti chusnul khotimah


77. Emosi sing makantar
Kerep ngobong apa wae sing wis tinata wiwit suwe.
Bebasan panas setaun
Kabuzek udan sedina
Bisaa mekak hardane nepsu amerga pikolehe
mung antuk kapitunan


78. Ujare kandha
Depresi asring dialami wong adiyuswa
Kanthi tandha
Rumangsa sedhih tanpa sebab
Krasa ora diajeni lan pikiran negatif liyane, tetep semangat ngadhepi urip sing Tansaya kompleks.

79. Ngayahi pakaryan
Sinambi dolanan hape
Nyebar kebecikan
LEwat tulisan
alhamdulilah
*maturnuwun Gusti
Sedaya anugerah paduka


80
pola pikir marang urip
sarwa cukup iku nyenengake
Nyatane Gusti Allah
tansah paring kanugrahan
Kabul sing kinudang <ati
maturnuwun Gusti


81.Duweni kapitayan marang kekuatan dhiri
Kuwi pancen apik
Kareben ora ragu-ragu
Nindakakake samubarang tanpa sumelang
Ning ya..kudu duweni pertimbangan
Aja kejurung ing nepsu
Njur lali marang dalan bener
Nerak paugeran bebrayan
Pungkasane mung gegetunan

82.
Gelem mirengake pramayoga
saka kanca
Iku mujudake kadewasan
senajan ora sarujuk
Sabisane direspon sing apik
Aja natoni atine liyan


83. Sebisane aja seneng
Dramatisir masalah cilik
dadi masalah gedhe
Tansaya mundhak yuswa
bisaa ngemong rasa pangrasa


84. Nguri-uri sastra jawa
Karakit ing Gurit lan sangu leladi
Sing dakirim ing beranda sosmed
Senajan ora saben wong ngerti
ora apa-apa
Aku mung nyuntak rerasan barinku

85. Ing urip bebrayan
sing jenenge rasa sungkan
Iku mesthi angel dilawan
kadhang malah dadi pepalang
Awit samubarang dadi ewuh pekewuh
*pancen..

86. Perkara sing nate gawe gela
Becike aja didhudhah maneh
Nglenggana wae...
Gusti ora sare

87 Yen srengengene kencar
mesthi langite padhang
sumilak..
jroning pikiran
iya dadi longgar
kipatne panyakrabawa
Sing negatif
dimen atine lejar


88. Ing sesrawungan
mesthi kabeh kanca nduweni
Kaluwihan lan kekurangan
Ora ana wong ing alam donya
iku sing sarwa sampurna
Mula becike sing samadya

89. Urip kebak pacoban
Seje dina beda kahanan
kedlarang ing pangumbaran
Ibere pikiran sakparan-paran
Munyer pindha kitiran
Tetep eling mring Gusti


90. Kabeh prakara
Mesthi ana pungkase
sing njalari sumpek ati
mesthi ana solusi 
Mesema..
Murih lejar
pindha pajar
Ing plethek srengeng esuk


90. Ing pang wit waru
Manuk kepodhang
pathing cemuwit
Mratelakake langit isih biru
Sumunar nlesep ngangeti ati
mecaki dina
tanpa wegah
*semangat

Srengenge angslup
Ing gisik mega
rasaku gumlewang
ing rupa jingga
dakseleh sayahku
Katrem
Ayem
Maturnuwun Gusti
sedaya aanugrah paduka

91. Sibuk ngoreksi cacade liyan
nganti rereged ing awake dhewe
Ora dingerteni 
Klalen
Klendran
pungkasane malah dadi rerasan
*lho..lak ya?


92. Wanita kang Gandes luwes lan pantes ing solah bawa 
Iku mesthine dadi ciri khase wong jawa
sabisane diselaraske
Padhatan kareben resep ing panyawang


93. Wedi marang ayang-ayang
iku bisa dadi pepalang
tetep usaha sing peng-pengan
ning kudu selaras karo kemampuan 
bisaa istiqomah ngibadahe, Mugi Gusti paring kanugrahan.


94. Kesabaran
bakal tumuju ing kaberkahan
apa kang wingi mrucut..
bakal antuk ganti luwih gedhe
Tetep ngupaya lan percaya
marang kuwasa Gusti

95
disawang
Ora usah kandha
yen kuwi klawu apa biru
nyatane kabeh pandulu
Ora bakal kleru
Sing beda
mung ing panemu


96. Samubarang laku
aja nggrundhel
aja ngedhumel
Kareben ora krasa abot
Sinau marang banyu
Mundhak dina
Tansaya meneb
Anteng lan wening


97. Virus kebencian
paling cepet nular
mula dieman atine
aja nganti terjangkit melu-melu kenyut ing rasa kebencian/gething tanpa dhasar 
wong yen lagi gething
Atine ketutup bledhug 
Samubarang ya mung katon ala

: 98. Aja gampang kepencut
marang tata lair
Mung seneng nyawang gebyare njaba
Yen ora ati-ati
Pungkase nemahi kuciwa
becike samadya wae...

99. Aja seneng nggedhekake masalah, kaya unen - unen
Kriwikan dadi grojogan
yen ora bisa ngendhalikake emosi
Bisa mbebayani tumrap dhiri pribadhine
uga kancane..

100. Wong sing jembar atine
Padhatan ora seneng
ngopeni rasa gething ing ati
Legawa nampa pacoban
semangat lan sumeleh
Sinau ngerteni lan mahami liyan
Sabar lan iklas 
mbokmenawa..
Kanthi mengkono bisa ngurangi sanggan jroning ati.

Sabtu, 16 September 2023

KUMPULAN GURIT 7C SMPN 1 BALEN 2023

 1 PAHLAWAN
.Ananda jefri ardiansyah 03

Pahlawan sliramu minangka dalan anuju negara Indonesia merdheka
Tadhah awak ora wedi marang oncating nyawa
Jiwa ragamu dadi bebanten anuju kebebasan
Kanggo rakyat saka wengis penindhasan penjajah
Pahlawan semangatmu mulad kaya geni Bisa ngobong pasukan musuh
Kanggo njaga bumi Pertiwi kang ditresnani
Indonesia merdeka
Pitulas Agustus tahun patang puluh lima
Apa sing digayuh dadi kanyatan
Saiki Indonesia wis merdeka
Pahlawan, perjuwanganmu ora sia-sia
Indonesia merdeka!!!
Kabeh merga perjuanganmu
Pahlawanku.

2.PAHLAWAN ASMAMU WANGI”
:Kurnia ayu Safitri:7c

Oh .... pahlawan Asmamu wangi angambar tekan saiki
Dunya ingkang nyekseni
Wani ngusir ewon musuh saking negeri
Kanthi soroh sekabehane Tenaga bandha lan nyawa
kuat ing perang
Dadi tameng keutuhane Bangsa Indonesia
Oh......... pahlawanku
Panjenengan ngorbana apa wae sakwontenipun Panutan pemudha lan pemudhi Indonesia
Tanpa panjenengan rasa tentrem iki ora ana
Ing rina lan wengi ora bakal kacipta
Jasa -jasa panjenengan kepatri jroning sanubari
Salawase dadi pahlawan sejati.


3. OH..... PAHLAWANKU
 Divana Putri Velita:7C

Oh...pahlawanku
Panjenengan satria utama
Manungsa sing tangguh
ora perduli kelangan bandha lan kulawarga
Wani perang kelangan nyawa
Kabeh kanggo mbelani negara Indonesia
Oh Pahlawan...
Tekadmu kaya geni
Senjatamu prasaja tanpa mangu-mangu
Mung tujuan suci
Nggayuh kamardikan bisa owal saka sengsara
Oh... pahlawan Jasamu ora bakal dilalekake
 Asmamu dadi rabuk kang wangi
sajembare bumi Pertiwi.

4. JASA -JASA PAHLAWAN
Mohammad Davvan Samudra:18

Ing kene aku ngaturake salam kanggo penjenengan para pahlawan Asmamu pancen mulya
Panjenengan wantun perang ngusir penjajah
Wani ngadhepi musuh sing akeh cacahe
Kuat dadi tameng kang hebat
Wis pirang-pirang nyawa dadi kurban
Kanggo utuhe bangsa
Ora ana sing bisa nandhingi kekendelanmu
Lila ndepani bumi
Maturnuwun ingkang tanpa umpami
sedaya pengorbanan para Pahlawan....
Jasamu tansah abadi kaukir jroning prasasti.


5. PAHLAWANKU PANUTANKU
Priya Mulya P
(7C)

Nganti saiki asmamu wangi
Ing alam dunya ingkang mulya
Wis kondhang wani ngadhepi ewonan musuh
Nalika nyerang walanda ingkang duweni senjata sarwa komplit
Bedhil
Meriyem
Bom
Panjenengan pencet maju gagah ngusir penjajah
Kuwat njaga bangsa saka musuh
Nyawa dadi toh-tohane
Terus maju pantang mundur
Ora mikir raga kang sarwa tatu
kena senjata musuh sing kisruh
Panjenengan gugur ing peperangan
Asma minangka kembange bangsa
Semangat madhangi jiwa nganti tekane pati
Pahlawan sing mulya
Panjenengan nyipta rasa tentrem
Sejarah perjuwangan dadi crita generasi Kang dadi patuladhan para siswa
Sumber ilmu nuwuhake peradaban kang luhur


6. RADEN AJENG KARTINI WANITA MULYA
DIVA BERLIANA SYAVYRA/08/7c

Raden ajeng Kartini
Panjenengan pancen wanita mulya
Pahlawan wanita
Sentosa lan kuwat ing tekad
Nduwni cita-cita kang luhur
Mbudidaya kanthi temen
Arupa tenaga pikiran
Kanggo kaum wanita
Pindha bagaskara aweh pepadhang
mring sekabehane
Nanging ora lali ing kawajiban minangka kodrate dadi wanita lan ibu sing paling utama.


7.BAPAK PENDHIDIKAN BANGSA
FAJAR RISQITA AKBAR(7C)

Ing antarane swara bedhil walanda
Panjenengan panggah netepi prasetya
Nyawiji mring para siswa paring ilmu
Ngugemi ing laku kanthi nyerat maneka sesanti
Ing saben wektu
Ana swara jerit kelaran
Saka papan peperangan
Panjenengan sakala gumregah
Numpes penjajah kang wengis
Asma Suwardi suryaningrat
wis Kondhang
Minangka ki hajar dewantara
Putra kraton kang sugih bandha
Milih dadi satriya lelana
Manunggal sajroning rakyat Ki Hajar Dewantara gugur dadi pahlawan Minangka bapak pendhidikan bangsa


8.ANTEBING TEKAD PAHLAWAN
Nafis Widya Puspita:7C

Kutahing ludira
Wis ora kapetung maneh nyiram Ibu Pertiwi
Sedhih nalika kudu kelangan Satriyane bangsa
Jiwa raga karajang-rajang maewu senjata
Para pemudha melu ngisi perjuwangan
Dadi anteping tekadmu
OH...Pahlawan
Mugya Gusti kang maha Agung paring nugraha
Mring gedhene bektimu
Ya mung siji
Sing dadi gegayuhanmu
ing saben sora tekadmu
Indonesia kudu Merdika!!

9.PAHLAWAN KUSUMANING BANGSA
Asof 7C

Para pahlawan sing wani berjuang kanggo negara
Sing duweni tekad kuat kaya baja
Oh... pahlawan
panjenengan ora wedi karo ancaman musuh
Tansah wani maju perang
ngusir para penjajah saka bumi Pertiwi
OH...Pahlawan
Saiki Indonesia wis merdeka
Kabeh saka labuh perjuwangan sing ora nate nyuwun piwales apa-apa
Kabeh iki dadi sejarah kang kudu dituladha
Para generasi mudha
Maturnuwun pahlawanku
Panjenengan pancen satriya utama
Kusumaning Bangsa.

10.PAHLAWAN PENDHEKAR BANGSA
SHERLY OCTAVYA
7C

Pitulas Agustus dipengeti minangka dina kemerdekaan . Indonesia owal saka penjajahan
Perjuwangan para pahlawan nyerang musuh
Saiki wis dadi sejarah
Taman makam pahlawan dadi saksi
Panjenengan pendhekar bangsa
Ingkang kuat tanpa tandhing
Kanthi tekadmu nyawiji mring semangatmu
Kaya geni mulad-mulad
Ora wedi marang landheping senjata
bebarengan ngusir penjajah sing pancen kudu oncat saka ibu Pertiwi.


11. IBU KARTINI PUTRI SEJATI
Nazilla Saniatus Zahra:7C

Jepara bumi kelairan Ibu Kartini
Sinten mawon wis ngerti
Marang perjuwangan panjenengan
Pahlawan kang tangguh mring tekad
Kanggo mbela kaum wanita
Pahlawan kang berjuwang nerak paugeran walanda
Ibu Kartini...
Wis ngangkat derajat kaum wanita
Pantes tinulad ing gilir gumantine jaman
saiki wis ora gumun para wanita duweni hak pikantuk pendhidhikan
Sejajar karo kaum pria
Kabeh amerga jasa-jasa ibu Kartini
pahlawan emansipasi wanita
Putri sejati Indonesia.


12.GURIT KANGGO PAHLAWAN
Tri Puji Lestari 7 C

Gurit Iki taktulis ing dina kemerdhekaan
Kanggo pahlawan kang wis lerem ing ngisor kembang kamboja
Panjenengan Satriya kang hebat
Pahlawan bangsa kang duweni jasa gedhe banget
Panjenengan berjuwang nganti temekane pati
Getih mili ing bumi Pertiwi
Semangat para pahlawan ora bakal ilang
Tetep mekan dadi obor kang madhangi jiwa
Dadi patuladhan para mudha ing jaman saiki
Kanggo ngisi kemerdhekaan
Kanthi semboyan maju terus pantang mundur
Ngadhepi maneka bebaya kang dadi pepalang.


13.PAHLAWAN OH PAHLAWAN
Nur lailatul qodriyah : 7c

Asma panjenengan pancen arum ing bumi Pertiwi
Pahlawan oh pahlawan
Panjenengan panutan kula
Panjenengan Satriya utama
Minangka tentaranipun negri
Ingkang soroh nyawa
uga jiwa raga
Ambyur ing tengah perang Kanthi ikhlas lan lila
Ora wedi gemerahe bedhil
Tetap maju nrejang mesiu
Kanggo nggayuh kemerdhekaan bangsa Indonesia
Luhuring Asma para pahlawan
Sumebyar ing saben ati para generasi
Panyuwun kula mring Gusti
Muga para penerus bangsa iki
Sageda nulad semangat perjuangan para pahlawan
Ingkang tanpa pamrih njaga negri
Senajan saiki panjenengan mboten ndherek menangi rejaning jaman kang wis merdheka saka penjajahan
Asma panjenengan bakal dikenang
Kecathet dadi sejarah bangsa Indonesia


14.JASA PAHLAWAN
Dzaky Aldi Syahputra 7C

Indonesia merdheka amerga jasa para pahlawan
Tugas generasi mudha kudu bisa njaga persatuan bangsa
Saka sejarah sing tinulis ing buku
Kita bisa mangerteni
Kepriye semangat para pahlawan
Sing wani ngusir penjajah saka Indonesia
Nalika perang gedhe
WIs akeh korban jiwa sing mblasah
Getih - getih padha mili
Kutah mbanjiri bumi Pertiwi
Ayo.. kanca
Aja kelangan kekendelan dhiri
Terus ngupaya dadi bangsa kang kuat
Nulad semangat para pahlawan
Amrih bangsa iki dadi negara kang maju.


15 *PERJUANGAN PAHLAWAN*
Gisela Eka Ramadian : 7C

Sore nalika srengenge wis meh surup
Aku ngadeg ing cedhak lawang
Ing kono ana gambar Pahlawan...
Ana garis-garis semangat sing notog atiku
Oh... pahlawan Jasa panjenengan bakal dadi pamecut sejati
Nggayuh cita-cita
Supaya Gesang kula bisa migunani tumprap bangsa
Aku ora bakal nglalekake sedaya jasa panjenengan
Pahlawan...
Sing paling kuat ora tau sambat
Tansah wani berjuang tanpa jirih
Senajan kudu gugur ing tengahe perang
Nanging semangat panjenengan isih ana ing dhada para pemudha pemudhi bangsa.


16. KEMBANG MLATHI KATUR PAHLAWAN
Mielda atika safara=7c

Dakpethik kembang mlathi ing taman asri
Njur takkanthi ing tangan iki
Pengin daksebar ing pusara sang pahlawan Kembang mlathi ambune wangi
Ngelingake marang jasa para pahlawan
Sing saiki wis lerem ing taman makam pahlawan
Ing taman makam pahlawan kang sepi
Jumejer prasasti tinulis asma para Kusuma bangsa kang sejati
Ora krasa Luhku tumetes
Mbrebes nelesi bumi
Dakumbulna dunga pamuji Muga panjenengan mapan ing swargane
Gusti
Oh.. pahlawan Kula ingkang sowan ing pesarean panjenengan
Ya mung kembang mlathi iki
Minangka tandha setya lan janji
Kabeh perjuwanganmu bakal takterusna
Labuh nagri lelandhesan kekendelan sejati
Dadi pengeling-eling selawase kepatri ing ati sanubari

17.TOKOH EMANSIPASI WANITA
Salwa Putri Nur Ardiana= 7c

Aku saiki sinau bab tokoh pahlawan
Rasane ati seneng banget
Maca sejarah perjuwangan sing bisa nambah semangat sekolah
Sinten ta sing ora kenal Raden ajeng Kartini? Panjenenganipun
Pahlawan sing gigih mbela kaum wanita
Sing tatag lan wani nentang penjajah Walanda
Raden ajeng Kartini...
Saka kulawarga bangsawan
Putri kraton ing Jepara
Minangka tokoh emansipasi wanita
Mbelani kaum wanita bisa maju
Ora mung dadi kanca wingking
Ingkang bisa duweni pendhidhikan dhuwur
Bisa sekolah lan dadi wong kang pinter
Nanging aja nganti ninggalna kodrate dadi wanita kang utama.


18. PAHLAWAN TANPA TANDHING
Putri Priana romadhoni : 7c
Wis ora dirasa
Nalika keringet ing awak mili banter
Maju perang nglawan musuh sing njajah bangsa
Panjenengan pahlawan gagah prakosa
Sejarah wis duweni bukti nyata
Kabeh saka perjuangan para pahlawan
Amerga mbelani rasa tresna marang bumi Pertiwi
Jiwa raga kanggo mbelani bangsa
Rojah-rajeh awak ora diperduli
Tapak sikil terus mlaku
Senajan getih kacecer pating blasah
Pantang mundur yen musuh durung ambruk ing bantala
Ora ana sambat kesel apa maneh nyerah
Pucuk Pring sing dilincipi gaman
Wis ngancani panjenengan maju perang
Nyawiji dadi siji
ngusir penjajah saka negri Indonesia
Swaramu banter banget gawe gigrig walanda
Tameng-tameng wesi dadi panguwat jiwa
Nerjang swara bedhil sing gawe miris ati
Panjenengan gugur dadi Kusuma kang gawe arum bangsa
Jasa panjenengan ora bisa dilalekake
Nganti kapan ora ana sing bisa ngganti
Pahlawan tanpa tandhing kang sejati.


19 PITULAS AGUSTUS DINA KANG MULYA
Nauval Raditya : 7C
Indonesia negri sing taktresnani
Mbiyen sadurunge merdheka
Mbuh wis pirang abad dijajah walanda
Kala semana
Ora kepetung kerugian rakyat
Larang sandhang larang pangan
Saben-saben mung krungu tangis ngrerujit ati
Akeh pagebluk
Esuk sore wengi akeh wong mati
Urip tansaya sengsara banget
Kabeh sarwa rekasa
Pitulas Agustus dina kang mulya
Bangsa Indonesia mardhika
Saka jasa para Pahlawan kang wani bela pati marang Negara
Ngrebut Nuswantara saka penjajah
Labuh labet para Pahlawan ora bisa dilalekake
kusumaning Bangsa
Pendhekar kang dadi panutan para generasi bangsa


20. PAHLAWAN KANG LUHUR ING BUDI
Jelita Keyla R' A : 7C

Iki ora mung crita ngayawara
Nalika panjenengan setya netepi janji
Nyawiji ing sedya
Ngugemi semboyan luhur
Dadi cucuke lampah kang utama
Nyerat swara ati ing saben wektu
Nalika krungu jerite para kawula
Sesambatan urip rekasa
Awit kahanan sing banget nelangsa
Panjenengan gumregah aweh pitulung
Ngudhari ruwet reribet kawula
Pahlawan kang luhur ing budi
Ki Hajar Dewantara
Putra bangsawan
Wis Prasetya milih dadi satriya lelana
Manunggal sajroning rakyat
Pahlawan Negara
Mbelani bumi Pertiwi
Minangka Bapak Pandhidhikan Bangsa


21. PERJUWANGAN PAHLAWAN
Adea Monica Aprilia:7C

Ora krasa mili luh nelesi pipi
Nalika eling sejarah para pahlawan
dadi dalane bangsa Indonesia merdheka
Berjuwang soroh pati
Kanthi semangat makantar pindha geni
Kang ngobong kabeh pasukan kompeni
Apa sing dadi cita-cita bisa kasembadan
Saiki Indonesia wis merdheka
Oh pahlawan
perjuwangan panjenengan ora mung crita
Kekendelan nglawan kompeni
Ngobrak-abrik benteng musuh
Dadi penyemangat jiwa para taruna
MERDHEKA!!!
Kabeh Amerga perjuangan para
Pahlawan kang gagah prakosa
Panjenengan pahlawan kang satuhu sejati.


21 LABUH BANGSA
Ananda Ade Ardiansyah:7C

Dina iki aku nulis gurit babagan pahlawan
Saben tanggal Pitulas Agustus bangsa Indonesia mesthi mengeti Dina kemerdhekaan
Perjuwangan para pahlawan ginambar ngegla ing aksi para siswa
Atur persembahan seni
Kekendelan jurit perang sing dadi punjer semangat Ngisi lan negesi arti kemerdhekaan
Saksi sejarah lumantar maneka kisah heroik Indonesia nyawiji
Semangatmu panggah kepatri jroning ati
Nalika nyerang musuh ora wedi marang ilange nyawa
Kabeh panjenengan lakoni
Kanggo labuh mring bangsa
Indonesia merdheka.


22 SINAU PROFIL TOKOH PAHLAWAN
NOVANDA AGATHA SALSABILA:7C

Ing kelas aku sinau
Babagan profil tokoh pahlawan
Rasa bangga ngebaki dhada Perjuwangan panjenengan ora bisa dilalekna
Indonesia merdheka amerga jasa pahlawan
Negara saiki wis dadi tentrem
Panjenengan wis iklas soroh nyawa
Tanpa sambat senajan lara
Tanpa pamprih senajan adus getih
Kabeh dilakoni tanpa rasa jirih
Tujuwan panjenengan mung siji
Negara bisa merdheka
Rakyat Indonesia owal saka penjajahan
Bangsa walanda bisa sumingkir saka bumi Pertiwi.


23 PAHLAWAN ASMAMU PANCEN WANGI
 Galang Ramadhan:30
Dudu kembang mlathi iki Sing nggawe asmamu wangi
Nanging wutahing getihmu mblabar ing bumi
Nyiram ibu pertiwi
Dadi rabuk kang angambar wangi Senajan ibu pertiwi sedhih
Amerga kelangan satriya utama
Gugur ing peperangan
Raga padha tatu
Karujit-rujit dening senjata musuh
Oh....Pahlawan
Asma panjenengan pancen wangi
Selawase kaukir edi jroning prasasti
Mugi Gusti paring kanugrahan
Awit saka gedhene lelabuhanmu mring bangsa
Jiwa raga bandha donya
Tanpa ana kang kasisa
Ya mung siji sing dadi pangajabanmu
Indonesia bisa owal saka penjajahan Walanda
Indonesia merdheka.


24. PANTANG MUNDUR TERUS MAJU
Satria Galang Ramadhan:30

Pahlawan ku
Iki dina kang banget duweni arti penting
Yaiku dina kemerdhekaan Tanggal pitulas Agustus
Kang dipengeti kabeh rakyat Indonesia
Semangat perjuwangan ngebaki dhada para warga
Saben dalan masang gendera abang putih
Ana umbul-umbul lan ronteg
Uga sakabehe dicat werna-werni
Anjalari swasana dadi meriah lan gemerah
Ing saben mengeti dina kemerdhekaan
Ana kenangan mring sedaya para pahlawan
Awit jasa-jasa sing pancen gedhe banget
Perjuwangan ngrebut kemerdhekaan
Dibelani tohpati
Engga getih mblabar nyiram ibu pertiwi
Dadi Kusuma Bangsa
Kang angambar wangi
Pahlawan.. panjenengan panutan kula
Semangat lan kekendelan panjenengan
Bakal daktiru
Kanggo sangu laku ngadhepi apa wae sing dadi pepalang
Pantang mundur terus maju
MERDHEKA!!


25. NERUSNA CITA-CITA PAHLAWAN
 M Novan zuliant :16

Aku kudu bisa nerusna perjuwangan para pahlawan
Ingkang gagah perkosa
Dadi punggawa negeri
Oh...Pahlawanku
Isih dakgegem semangatmu
Ora bakal takculna
Awit aku ngerti
Indonesia bisa merdheka
Amerga jasa penjenengan
Wutahing getihmu
Tatuning ragamu
Ora ndadekna penjenengan nglokro
Kepara malah kuwat maju perang ngusir walanda
Aku bakal nerusna cita-citamu
Ngisi kemerdhekaan kanthi sinau sing sregep
Ora lirwa ing tugas sekolah
Manut mituhu dhawuh bapak ibu guru
Aja nganti perjuwangan panjenengan sia-sia
Indonesia kudu maju
Dadi bangsa kang gedhe lan kuwat


26. INDONESIA JAYA
M. Uky Limianata Pratama 7c/19

Ing Asta kiwa ngangkat senjata prasaja
Mung rupa tombak saka pring kuning sing runcing
Deresing kringet nelese raga
Panas nrabas palagan perang
Oh.. pahlawan Aku bangga marang panjenengan
Wani berjuwang kanggo negara
Larane raga ora dipikir
Tatu ing sakujur awak ora dadi pepalang
Tetep maju perang
Kanthi kebak semangat
Oh.. pahlawan Panjenengan tansah dadi punggawa negara
Mbelani bumi Pertiwi engga tumeka pati
Gemuruh bom mbidhegna kuping
Wis akeh korban kang mblasah ing lemah
Tetep maju pantang nyerah
Ora ana rasa wedi ing jiwamu
Perang gedhe ngrebut kamardhikaan
Kula mung asung pandonga
Mugi arwah panjenengan mapan ing swargane Gusti
Indonesia... tetep jaya ing selawase.!


 27.PAHLAWAN KUSUMA BANGSA
Candra Yuvista 7c
 Pahlawanku
Panjenengan panutanku
Pahlawanku....
Panjenengan idolaku
Ingkang tansah dadi inspirasi para generasi
Jiwa raga kanggo mbelani bangsa
Nalika perang ngrebut kemerdhekaan
Pahlawanku....
Kekendelan panjenengan pancen luar biasa
Ora bisa dianggep sepele dening musuh
maju perang mung nggawa senjata sakanane
Mung duwe rasa wani lan siasat perang
Satriya pilihan tanpa tandhing
Engga pasukan kompeni kocar-kacir
Nyerang tanpa rasa ajrih
Pahlawanku.....
Jasamu ora bakal di lalekna nganti saiki
Salam hormat tansah kairing donga suci
Panjenengan kusuma Bangsa kang dadi pahlawan sejati.


28.RADEN AJENG KARTINI SUMBER INSPIRASI
Dimas Fajar V. 7C

Aku senang sinau ngenani pahlawan
Tokoh emansipasi wanita
Sing pancen pantes dadi patuladhan Raden Ajeng Kartini.....
Asma panjenengan wis kondhang
Dadi sumber inspirasi para generasi mudha saiki
Wis akeh sing bisa kasil nggayuh cita-cita dhuwur
Engga dadi presiden wis ana
Kabeh saka perjuwangan panjenengan
Tekad sing kuwat
Mbudidaya kanthi sekebahing tenaga bandha lan pikiran
Raden ajeng Kartini pindha srengenge esuk
Sing aweh cahya pepadhang mring sedaya wanita Indonesia
Ora kepetung maneh jabatan penting sing bisa kasil diasta wanita
Mung siji pesen panjenengan
Senajan ngasta jabatan dhuwur
Aja nganti lali kewajiban lan
 Minangka wanita kang luhur sejati

KUMPULAN GURIT 7H /Lestari Sahsa Malika

1.
GURIT KATUR BAPAK LAN IBU
Muhamad Rabbani Rafa Radinka : Vll H 

Ing donya iki
Ora ana wong sing sabare kados Bapak lan ibu

Panjenengan tetep mesem ngadhepi tingkah laku kula
Ingkang damel ruwet ngelu
Senajan asring damel lepat
Tetep paring pangapura 
Sedaya dianggep perkara biasa
Kepara dadi panglipur manah
Nalika panjenengan sayah

Bapak ibu
Nalika awakku lara mung panjenengan
Sing Tansah setya ngobati kanthi gemati
Paring semangat supaya aku kuat

Bapak ibu...
Mugi-mugi Gusti tansah paring kabagyan rina klawan wengi Kebecikan lan ketulusan panjenengan
ngadhemake ati Kula janji badhe dados putra ingkang mbbanggaake keluarga
Kula janji badhe  tansah sregep sinau
Supaya mbesuk gawe arumning asmamu

Kairing sembah sungkem 
Kula nyuwun donga pangestu supaya gangsar anggen kula angudi ilmu.

2.
SELIKUR APRIL DINA KARTINI 
Galang nanda saputra:VII H

Saben tanggal selikur April
Mesthi dipengeti dina Kartini
Ing sekolah
Ing kampung
Ing endi papan
Kabeh nyengkuyung dina becik iki

Awit saka perjuwangan Kartini
Saiki kaum wanita bisa maju
Pikantuk pendhidhikan kang dhuwur
Sejajar kaum priya

Sedaya asil olah pikir saha budidaya Panjenenganipun 

Ing jaman kang sarwa maju
Ora gumun saiki pakaryan penting
Sing ngasta para wanita
Pendhidhikan dudu prekara abot maneh
Wajib belajar rolas taun program saka pemerintah
Dadi tolok ukur pendhidhikan tansaya maju

Kaum wanita bisa milih pendhidhikan jumbuh karo pepenginane
Predikat wanita minangka kanca wingking
Wis musna ilang 
Kepangan mangsa.

3.
GURUKU PAHLAWANKU 
Muhamad Syahril Arfan Pratama : VII H

Oh....Guruku Panjenengan pahlawanku
Ingkang tansah sabar nggulowentah satuhu bekti
Ndhidhik kanthi eklas ati
Ora nate sambat kesel
Tansah mesem gemati

Kula ingkang tuna babagan ilmu
Lumantar panjenengan kula saged mangertos maneka ilmu 

Guruku... panjenengan pahlawanku
Matur nuwun sanget sedaya jasa panjenengan

Sabendina paring ilmu kanthi kebak pengabdian
Kesabaran saha kasih sayang panjenengan
Pindha srengenge kang madhangi ati

Guruku ..
Tanpa panjenengan kula lola
Kaya wong mlaku tanpa tujuwan
Mung mburu seneng tanpa guna

Oh..guruku
Maturnuwun sedaya kesaenan ingkang kula rasakna
Selawase gesang tansah dados Suluh madhangi laku kula.


4.
PERJUWANGAN RADEN AJENG KARTINI 
ADITYA AZRIEL R 
:VII H

Ayo.....kanca 
Aja males budhal sekolah
Elinga perjuwangan Raden ajeng Kartini
Sing mbudidaya amrih kaum wanita bisa maju

Ayo...kanca
Padha sregep sinau
kanggo golek ilmu sing apik anuju luhur budi pekerti 
Supaya awak dhewe dadi bocah pinter

Kaya cita-citane Raden ajeng Kartini
Sing wis disinauni bebarengan ing kelas
Babagan profil tokoh pahlawan 

Raden ajeng Kartini pancen wanita kang Mulya
Aweh pepadhang  mring kaum wanita 
Aja nganti dilalekna dening para siswa -siswi

Ayo..kanca dadi siswa sing pinter
Supaya Raden ajeng Kartini ndherek bangga
Mangerteni para siswa - siswi
Sengkut golek ilmu ing bangku sekolah.

5. 
SANG PAHLAWAN EMANSIPASI WANITA 
Septia Alma Dwi Adinda: VII H

Isih kelingan nalika maca buku 
sejarah
Ngenani tokoh pahlawan
Ingkang paring asma Raden ajeng Kartini

Panjenegan pahlawan indonesia
Amarga jasamu
Wanita Indonesia
Anduweni hak kang padha karo kaum priya
 
Raden ajeng Kartini Kartini... Sengkut mbela emansipasi wanita
Adreng tekade mbela rakyat cilik
Aja nganti katindhes dening para priya

Raden ajeng Kartini berjuang kanthi satuhu
Kanggo kemajuan kaum wanita ing nalika jaman semana

Senajan putri bangsawan
Ora nyurutake semangate mbela wong cilik
Supaya bisa sekolah sing apik
Bisa ngangkat derajat kaum wanita
Raden ajeng Kartini... panjenengan 
pendhekar bangsa putri Indonesia kang sejati


6.
SEMANGAT NGISI KEMERDHEKAAN 
DINA ALMIRA NUR SYAFITRI: 7H

Ing tembok kelas Akeh gambar para pahlawan
Sing dijejer rapi Dadi pepeling edi marang sejarah pahlawan bangsa

Bapak ibu guru Asring ngelingake perjuangan para pahlawan
Engga saiki bangsa Indonesia merdheka

Kabeh mai amerga jasa para pahlawan

Kutahe getih abang
Mblabar ing lemah Dadi rabuk kang nuwuhake semangat patriotisme

Angambar wangi dadi Kusuma Bangsa
Kang banget nduweni arti 
Kanggo kemajuan Indonesia 
Ingkang nggugah semangat para generasi bangsa
Ngisi kemerdhekaan kanthi satuhu bekti
Nggayuh prestasi 
Wani kesel ora gampang nglokro
Kabeh kanggo nerusna cita-cita pahlawan
Indonesia maju lan jaya.

7. 
AJA WEDI KESEL
Dwi Ardina Permatasari Vll H

Ora usah wedi kesel
Ayo nulad semangat para pahlawan
Ingkang wani ngorbana apa wae sing diduweni
Bandha lan donya kanggo nglabuhi negara 
Awit urip tansah sengsara
Yen ora bisa owal saka penjajahan

Oncating nyawa minangka tandha bekti mring bangsa 
Wani mati mbelani ibu Pertiwi
Semangat perjuwangan panjenengan
Tansah kapatri jroning ati
Selawase dadi prasasti kang Lestari

Pahlawanku panjenengan pancen satriya pilihan
Jasamu bakal dikenang salawase
Ora bakal lali 
Dadi pamecut supaya  para generasi kuat
pantang mundur terus maju
Nggayuh cita-cita kanggo mbangun negara .

8
 DONGA IBU
:Novi Indriyanti 
:Vll H

Ah....Ibu
Panjenengan wanita kang sae sanget
Mboten nate duka
Senajan kula asring damel manah panjenengan gela

Ibu.. nalika kula tebih saking griya
Panjenengan tansah kuwatos 
Mring keslametan kula

Ibu ..
Nyuwun Agunging aksama
Awit kula dereng saged nyeneggake  ibu
Nanging Kula janji
Bakal dados anak sing berbakti
Muga mbesuk saged mbanggakake ibu 
Mung donga pangestu ibu
Ingkang kula suwun rinten lan dalu
Dadi colok laku amrih Slamet rahayu.


9.
PINDHA SRENGENGE ESUK
Rina Amirotun Nabilah : VII-H

Aku seneng banget marang pahlawan wanita
Yaiku Raden ajeng Kartini 

Polah tingkahe pantes ditiru
Awit panjenenganipun kaya srengenge wayah esuk
Kang teka menehi cahya sumunar
kaya suluh kang aweh pepadhang saka sakabehing pepeteng

Semangat Raden Ajeng Kartini minangka panuntun anuju kasuksesan
Patuladhan kang utama kanggo ningkatna kemajuan pendhidhikan..

Perjuanganmu tan sia-sia
Bisa dadi dalan
Kanggo nggayuh masa depan sing luwih gemilang

Selikur April Bangsa Indonesia
Mengeti dinten miyosipun raden ajeng Kartini 
Dina kemenangan 
Sewu pengarep-arep ing siji ekspresi 
Mujudake impen  dadi nyata.


10
AJA LIRWA ING KEWAJIBAN
RIZMA FITRIA RAMADHANI:
VII H

Wis pirang puluh taun Indonesia merdheka
Nganti seprene wis akeh kemajuan bangsa
Ing babagan apa wae
Bangsa Indonesia ora kalah Karo Bangsa manca

Kabeh iku awit saka perjuangan para pahlawan
Sing mbiyen duweni labuh labet gedhe banget
Kanggo nggayuh kemerdhekaan 

Ora kepetung wis pirang ewon nyawa dadi korban
Amerga pengin dadi bangsa kang bebas saka penjajahan

Mula saiki ayo kanca....
Aja lirwa ing kewajiban
Ngisi kemerdhekaan kanthi sinau sing sregep
Supaya para pahlawan remen
Nyawang para generasi padha sengkut golek ilmu
Kanggo kemajuan bangsa Indonesia.

11.
 ING MAKAM TAMAN PAHLAWAN.
RIZMA FITRIA RAMADHANI:
VII H

Ing Taman makam pahlawan
Atiku rinasa sedhih
Nyawang watu-waru nisan Sing meneng mbisu
Rasa pangrasaku kaya rinujit 

Kelingan perjuangan para pahlawan
Sing gugur ing palagan perang
Awak gubras getih 
Tatu ora direwes
Saiki panjenengan sumare sangisoring kembang kamboja
tenang lan lerem
 
Oh...Pahlawanku
Mugya Gusti paring Nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga,bandha Donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Indonesia 
MERDHIKA.

12.
 DONGA SUCI IBU
Muhammad Fadhil Nur Rohman:7H

Gurit Iki daktulis katur ibu 
Tresna asih ibu.. 
Ora ana sing bisa nggantekake
Kesabaran ibu kang kebak welas asih
Ora bakal ilang selawase
Wutuh kebak sih katresnan sejati

Donga- donga saka ibu kang tulus suci
Tansah dakgegem dadi jimat uripku

Ibu.....
Pengorbanan panjenengan kang tanpa wates
Ora bisa winales

IBU..... 
Pituturmu bakal dakrungu
Tresna asihmu marang aku
Ora bakal pupus sadawane mangsa
Pandongaku ibu.... 
Mugi gusti tansah paring pangayoman
Pinaringan Bagas kwarasan rejeki kathah berkah barokah.


13
NULAD KI HAJAR DEWANTARA
Eka rizky aditya putra : VII H

Nulad marang perjuangan kihajar dewantara
Kepriye mujudake pendhidhikan Indonesia luwih Maju 
panjenengane bakal remen Umpama saiki mangerteni
Akeh sekolah sing wis maju
Ora ana bocah ketinggalan pendhidhikan
Senajan ing pelosok desa wis ana bangunan sekolah..
Para siswa sregep sinau
Ora males golek ilmu
Kanggo sangu urip supaya luwih apik
Dadi bocah pinter lan hebat

Jumbuh karo cita-citane panjenenganipun ki Hajar Dewantara

Pendhidhikan sarana mujudake kekuatan intelektual bangsa
Ayo...kanca
Tetep semangat nggayuh cita-cita
Supaya bangsa Indonesia tansaya maju

14.
MATURNUWUN GURUKU
M. Febriyansyah
:Vll H

Guruku ...
Kula saiki tambah maneka ilmu  
Awit panjenengan ajari kanthi sabar                                              Senajan kula asring mboten mituhu dhawuh panjenengan
Nanging tetep wae panjenengan ngatonake praupan ramah


Guruku ...
Wiwit esuk nganti awan
Sampun telaten ngulang pelajaran
Ndadekake kula pinter
Guruku ... panjenengan panutan kula
Paring conto kang  apik 
Sopan santun tata krama
Tansah dadi kaca benggala
Saged digugu lan ditiru

Guruku ....kula nyuwun pangapura sedaya kesalahan
Sampun damel panjenengan susah                                
Maturnuwun guruku....


15.
PAHLAWAN EMANSIPASI WANITA 
Aprilia dwi kartika
VII H


Asmamu wangi kondhang kaloka
Raden ajeng kartini
Sinten kang ora kenal panjenengan?
pahlawan kang mbela kaum wanita
Pahlawan kang berjuang nentang 
penjajahan walanda

Raden ajeng kartini.... 
senajan tinintah dadi priyayi 
Duweni trah bangsawan
Panjenengan siap mbela wong cilik

Raden ajeng Kartini... 
Wulan april iki dadi saksi 
Lelabuhanmu kang misuwur tumrap bangsa Indonesia 
Habis gelap terbitlah terang
Dadi bukti masa perjuangan 
Kutha jepara dadi papan panggonan ngukir sejarah wanita 

Raden ajeng Kartini... 
Amarga jasamu 
Wanita eropa lan wanita pribumi
Duweni hak kang padha
Pikantuk pendhidhikan kang dhuwur sejajar kaum Priya
Panjenengan pahlawan emansipasi wanita.

16.
MATURNUWUN IBU....
M. Shohibul akbar f :Vll H
 
Saben - saben mung sabar 
Ora tau ngersula apa maneh sanbat kesel
Menika ingkang aran ibu
Wanita kang duweni sabar kaya segara

Ibu...
Panjenengan kang satuhu kula tresnani
Kula mboten saged mbales jasa panjenengan

Ibu ..
Sanpun nglahirna Kula kanthi soroh nyawa
Tlaten gemati ngramut njaga wiwit bayi engga saiki

 
Ibu... 
Kula asring damel manah panjenengan cuwa
Awit panyuwunan ingkang deg -saknyet
Nanging panjenengan tetep sabar
Ora nate nesu Kasih sayang kebak perhatian marang aku

Ibu... 
Katresnan panjenengan ora ana tandingane
Selawase marang kula tetep takjaga
Matur nuwun ibu.

17.
 PAHLAWAN CUT NYAK DIEN
Auxylya May Larasati : VII H

Akeh para pahlawan bangsa
Sing wis berjuwang kanggo kemerdekaan NKRI 
Ing antarane pahlawan Cut Nyak Dien. 
Pahlawan sing mbela marang negara
Senajan wong wadon 
Nanging perjuangane 
Padha gedhene karo wong lanang
Meski raga lan nyawa 
Kudu di korbanake
Kanggo negara
Supaya aman lan sentosa

Kabeh pahlawan duweni jasa sing gedhe banget
Tumprap kemerdekaan
Mula aja nganti dilalekake
Ayo diterusna cita -cita pahlawan
Mbangun negara supaya adil lan makmur
Lelandhesan Pancasila.

18
INDONESIA ADIL MAKMUR 
Violla Putri Shakeela  VII H 

Aku bangga dadi rakyat Indonesia
Negara kang damai sentosa
Gemah ripah loh  jinawi
Ora ana sing perlu diwedeni
Awit negara Indonesia wis aman saka maneka reridhu

pitulas Agustus wis dipengeti minangka dina kemerdhekaan 
Wiwit iku bangsa Indonesia dadi bangsa kang merdheka

Perjuwangan para pahlawan dadi tonggak sejarah
Kang dadi pamecut para generasi
Nerusna perjuwangan para pahlawan
Kanthi ngisi kemerdhekaan samesthine

Tinggalna kabeh prilaku ala
Tingkatna prestasi luwih gemilang
Supaya Indonesia tansaya maju
Anuju negara adil makmur.

ATUR PANGIRING (ANTOLOGI GEGURITAN KELAS VII) SMPN 1 BALEN 2023

ATUR PANGIRING

Puji syukur dhumatheng Gusti ingkang maha Agung, ingkang tansah paring sih-katresnan marang sedaya titah ing alam donya . Awit saking peparing welas asih saha idi palilah saking Gusti.
Saengga Para siswa-siswi SMPN 1 BALEN Kelas VII saged nerbitake buku ANTOLOGI GEGURITAN menika kanthi sae mboten wonten rubeda.

ANTALOGI GEGURITAN menika karantam salebeting wekdal pasinaon materi II pelajaran basa jawa.
Senajan dereng kagolong gurit ingkang lungit ananging kasurung dening niat saha greged ingkang makantar Saengga saged terbit ANTALOGI GEGURITAN menika.

Gung panuwun ingkang tanpa umpami dipun aturaken dhumateng:
1. Bapak Drs. Ali Rodhli M.Pd kepala sekolah SMPN 1 BALEN
2. Ibu Lestari SP.d Guru pembimbing mapel basa jawa 
3. Siswa-siswi kelas VII SMPN 1 BALEN 

ANTALOGI GEGURITAN menika tamtu kemawon taksih kathah kekiranganipun.
Dhumateng para pamaos ingkang lebda ing babagan sastra (geguritan) nyuwun panyaruwe lan pamrayogi amrih ing selajengipun saged ngaturaken karya sastra jawi tansaya sae.

Pungkasing atur mugi ANTALOGI GEGURITAN menika saged paring manfaat kangge pasinaon basa jawi.

Maturnuwun.

Senin, 11 September 2023

14. MOTIVASI HATI *LESTARI SAHSA MALIKA

Menulis dan teruslah menulis
jangan berhenti untuk berkarya...

semangat berkarya 👍
Lestari Sahsa Malika
260223

INDAHKAN HATI DENGAN POSITIF THINKING 🌸🌷

BERANDA BUNDA SAHSA
.
"hidup ini selalu bertumbuh"
setiap orang pasti mempunyai masalah dan kita bisa belajar menjadi pribadi yang tangguh jika bisa melewatinya... .
juga dalam kehidupan sehari-hari ada saja yg tidak suka dengan kita..
telinga dan hati harus bisa diajak berteman dng baik,
ketika diri kita dimusuhi, disindir, diejek, dicibir, dicaci, dimaki bahkan difitnah..heee
biarkan saja jangan membalas dng hal yang sama.
dijarne wae...suwe-suwe lak leren dhewe, 
keselen kentekan energi merga ora oleh tanggapan /ora ana sing ngrespons...
seperti sebuah ungkapan jawa atau paribasan
“Gagak Karo Tunggak Menang Tunggak” .
>>ungkapan itu menggambarkan seseorang atau kelompok yang menyerang secara membabi buta ke orang yang dianggap sebagai lawannya.
Pihak yang diserang tetap diam tak bergerak, tidak melakukan perlawanan...
cep meneng ora obah ora ontek!!
Gagak adalah sejenis burung buas pemakan bangkai.
Paruhnya keras sekeras pualam dan setajam badik.
demikian juga kuku-kuku cakarnya bagaikan gancu baja..ngeriii ya?
Namun jika penyerangan itu karena didasari rasa iri, dengki dan niat jahat lainnya yang penuh nafsu amarah yang mendidih,
lihat saja bukan hanya tak berhasil menumbangkan tunggak (tunggul),
justru bulu-bulu gagak yang rontok, paruhnya pun retak bahkan remuk, juga kuku-kuku cakar sang gagakpun mrotholi
(tanggal dari jarinya).
wahh..kasihan ya ..
tunggak/tunggul = sisa kayu yang ditebang menancap di tanah beserta akarnya yang kuat,dan kokoh(bisa juga pancang)  
.
seperti itu gambaran kita...
jika kita dimusuhi orang lain tetaplah tenang dan diam jangan melawan atau berbalas komentar yg memperkeruh suasana,
kita tetap anteng, kalem,dan bahkan kata temanku bisa juga kita menghibur diri dengan berkata *tidak level..haaa uups 
jadi kita tidak usah menanggapi mereka yang berkicau ria, anggap saja sedang melihat drama. 
ben nggroweng sekarepe dhewe
**
saya memang suka sekali dan *ngugemi petuah para sesepuh yang begitu hebat memberi perumpamaan sebagai nasehat yang baik.
karena sarat akan nilai-nilai budi pekerti yang luar biasa adi luhung dan bisa dibuktikan...
bagaimana dng pnjngn setujukah ?
.,
**YUKKK.... sederhana kan pola pikir,,indahkan hati dengan selalu berpositif thinking...

GEGURITAN MAJAS 1

1.ING SISA WEKTU
Kledhange wektu tansaya  mangklung
nglewati maneka rasa
susah bungah dadi sesandhangan raga
mecaki dalan-dalan 
ing kalane menggok mudhun lan munggah 
prenggosan ngampah sayah

sangisore pengarep 
Kang tansah dadi pepayon edi
tatag tangguh temeka tujuwan

ing sisa yuswa sing wis surut siji
muga bisa dadi coloking laku
isih ana dina sing kudu piniji ngayahi jejibahan luhur
nggayuh kabagyan lair batin
tumus engga sapungkure wektu
Muga Gusti tansah paring pepadhang lan kanugrahan.


2.GURIT WEKTU

taktandur angen kang endah ing sedya kang makantar
nalika larik-larik ukara
manjila endahe gurit-gurit
abyor ing lumakune wektu 
bareng krenteg ati
sing kepengin nguri-uri budaya jawi
lumantar rerakit tembung-tembung kang edi
muga dadi tenger sing bisa anyengsemi
 
Marang ati kang nedhenge gladhi sastra jawi
aja nganti kelangan suluh
dimen tetep manther dadi obor semangat  
Awit jaman saiki para mudha wis lali
lan ora seneng mring budaya jawi

ayoo.....kanca bareng-bareng tresna budaya jawa
dimen ora ilang kependhem ing gumatine mangsa

Yen ora kita njur sapa?

elinga...
kuncaraning bangsa
ana ing gunggunge budaya kang adi luhung.

3.GURIT KATUR BAPAK IBU GURU 

Kula niki mung bocah ndesa sing Lola
Keplayu ngoyak endahe impen 
Sing pating kerlip ing gebyare langit 
mung kekanthen sedya lan gedhene tekad
Nggayuh sakehing 
Panjangka kanggo sangu nglakoni panguripan ing tembe mburi

Ing kene
Ing pawiyatan kang asri 
SMP negeri Balen setunggal sing daktresnani 
Saben dinten kula mituhu dhawuhe
bapak ibu guru sing tansah sabar 
Nggulowentah paring tuladha becik
Senajan kula asring damel bapak ibu guru kuciwa
Awit kula asring Lena ing pitutur 

Nyuwun pangaksami bapak ibu guru 
Sedaya piwulang lan ilmu 
Pindha suluh kang manther ing jiwa  
Senajan sayah ing raga
Panggah nindakkae jejibahan kanthi Semangat
tansah medhar ilmu  
Kanthi sabar lan ikhlas

Jasa lan lelebuhan estu tan winates
Kangge kula lan Sedaya mitra  

Maturnuwun bapak ibu guru
Atas Sedaya lelabet panjenengan
Minangka guru ugi tiyang sepuh tumrap para siswa 

Sedaya jasa panjenengan  
Badhe kaukir ing jiwa 
dados prsasati ing sadawane Gesang 
Mugi Gusti paring pangayoman 
Berkah barokah Sedaya jangkah

Maturnuwun bapak 
Maturnuwun ibu
Sembah sungkem kula tansah katur 
Sugeng mengeti dinten guru nasional 
Dirgahayu ....
Jaya lan jaya salamiya.

.
4.
SUGENG RAWUH PARA TAMU


Esuk Iki sang bagaskara mesem sumringah
Pindha bungahe atiku ing dina iki 
Amerga kerawuhan tamu ingkang satuhu kinurmat
Inggih menika pangarsi praja
Ibu Bupati lan para punggawa 
Bapak kepala diknas bojonegoro
Saha bapak ibu kepala sekolah SMP negeri se-kabupaten bojonegoro

Aku kudu kepiye iki?
sejatine atiku bingung
Ora ngerti endi sing taktandangi dhisik
Apa sing bisa dakaturake?
Apa sing pantes dakpamerake? 
Jalaran sing takduweni ya mung iki 
Apa anane 
jumbuh karo kahanan kang sinawang

Plataran jembar kebak kembang-kembang
Wit-witan kang agrom
pindha payung kang adhem banget 
Kabeh daktata kanthi seneng ati
dimen dadi papan rerenggan kang nentremake rasa 
Satenane aku wis ngupaya kanthi Semangat
Dimen para tamu
Karenan ing penggalih
Katrem anggone sanjan ing sekolah SMP negeri siji Balen

Muga-muga para tamu ora kuciwa
Marang suguh gupuh lungguh aruh kang daksugatna
Iki kabeh pancen adoh saka tembung sampurna

Saben dina aku wis ngrumat kebak rasa tresna asih 
Ngrengkuh para siswa - siswi lan sekolah Iki 
kanthi tanggung jawab
Minangka wujud amanah kang dakemban


Ora mung mulang teori ning uga tak contoni tuladha becik 
Mangun karakter Budi pakerti ingkang luhur

Piwulang ketrampilan kang banget mupangati uga dadi pasinaon sing banget dakutamaake
Supaya mbesuk para siswa-siswi duweni sangu ing madyane bebrayan agung 
Ngudi kabagyan urip kang mulya 
Ndonya lan akherat.

ttd.
Bu lukis wati


PAYUNG RENDA BIRU 

payung iki wis sauntara dadi klangenan 
dakpaes ing tritis wektu 
pindha umbul - umbul lan rontek 
gawe sengsem netra
rerenda abang tansaya merak ati 

ning ora kanyana
payung renda biru sing dakkanthi iki
dumadakan trocoh lan bolong
kecubles eri paran

driji - driji gemeter ngampah adhem sing ngrambati pulung ati

nggrantes mring dayane rasa pangrasa
yagene payung iki ora bisa nadhahi banyu sing mrembes ing sela-sela renda?
kamangka payung iki ginawe saka bolah kahyangan 
sing rinajut dening esem ngujiwat para widodari 


payung isih rinegem kebak pamuji 
dadi prasasti edi sadawane wektu.

ngajab endahe geganthan luhung
ing sangisore payung 
sing dadi pepayon
nalika mendhung saben-saben maesi langit ati

lestari Sahsa Malika
050121
[5/1 6.27 PM] Lestari Sahsa Malika: PAYUNG RENDA ABRIT

payung iki wis sauntara dadi klangenan 
dakpaes ing tritis wektu 
pindha umbul - umbul lan rontek 
gawe sengsem netra
rerenda abrit tansaya merak ati 

ning ora kanyana
payung renda abrit sing daksunggi iki
dumadakan trocoh lan bolong
kecubles eri paran

driji - driji gemeter ngampah adhem ilining banyu ngrembes tekan pulung ati

nggrantes mring dayane rasa pangrasa
yagene payung apik kaya ngene ora bisa nadhahi banyu sing mili ing sela-sela renda?

kamangka payung iki ginawe saka bolah kahyangan 
sing rinajut peni pinulas sulistya alusing asta para widodari 

ing sangisore payung iki
isih ana rupa-rupa gegantha luhung 
muga dadi pepayon kang murakabi
nalika mendhung sawayah maesi langit ati
bapoh santosa 
kebak donga pamuji 
dadi prasasti edi sadawane wektu.

lestari Sahsa Malika
050121
[7/1 9.31 AM] Lestari Sahsa Malika: PANAH SEKTI SRIKANDHI
Dening: Lestari Sahsa Malika

Dhuh ati..
Lerema saka sawernane reribet sing dadi pangridhumu
Lungkrah sayah Kuwi pancen tetenger 
Kang aweh tengara mring ragamu
Yen satemene kowe kuwi mung titah lumrah

Panggresah sing ana manah minangka swara batin sing pantes kaesthi
Aja kebacut dadi sumbering lelara
Mandhega sedhela wae
Tata atimu
Tata napasmu
Kuwi ora ateges kowe mandheg saka panjangka luhur
Apa maneh mundur saka angkah kang sinedya

meneng menenga  
Tata ambeganmu sing prenggosan
Dimen ora ngangsa-angsa
Jalaran dalan sing bakal kokliwati isih dawa banget
Aja nganti kelangan daya pangupaya 
 
apa Kang wis mbokronce kebak pengarep edi Peni   

Reng-reng maneka cengkorongane tujuwan luhur
Aja nganti ilang saka gegemanmu

Muga tipak jangkahmu kang anyengsemi leledhang edhume tetanduran kang ngrembuyung
Bisa maesi bebrayan agung
Dadi sejarah kang kepatri ing tugune wektu

Ora mung Jambu kluthuk sing ijo royo-royo
Ning Ana Pelem madu lan pelem gadhung sing wis kondhang Kaloka nuju prana pra priyagung 
Uga Endahe Sekar tabebuya jenar sinangkling tansaya Amrik nyebar ganda arum ngedap-edapi saben pandulu 
Tinandur ing sadhengah mangsa
Ora bakal gogrog 
Keterak samirana
Pancen angin Kuwi seneng gawe ribut ribet
ngobat - abit sakehing tetanduran 

Ning aja wedi
Ora ngira wit-wit kuwi bakal ambruk 
Apa maneh pokak 
Awit pang- pang sing mangklung kae
Wis tinali Kuwat
Kasangga dening gendewa lan panah sekti para srikandhi sejati

Sing ginawe saka landheping rasa

Mula sing jail seneng ngganggu ngreridhu 
Muga enggal sirna 
oncat saka pategalan lan plataran sing daktata tharik-tharik Rina wengi Iki

Gusti paringana pangayoman 
Tinebihake saking godha lan rubeda.
Aamiin....


211020
[9/1 1.19 PM] Lestari Sahsa Malika: ANGON RASA ANGON MANGSA


wis sawetara duwe kelangenan
klinci blang telon
seneng playon lelumpatan 
ing pinggir kali riwe
banyune mili gemlidhik banter
mancur saka apuhe kringet lan luh 
  
kiwa tengen akeh eri sangkrah
uga beling pating crangap
wis wola-wali dakgiring 
aja nganti mengkone kena bilahi
ning jejerku mung dhapuk pangon 
Angon rasa angon mangsa
mung bisa ngetutna paran laku
tiwas ngenggaki mbengok sora
mung tembung ngayawara  
 
lungguh sangisore wit kluwih 
nata napas nata rasa
daksawang klici Blang telon tansaya rikat
ngadoh cat katon cat ilang

ee....ya wis ora perlu kedhungsangan
diumbar wae senajan gronjalan rasa jroning dhadha
mbrebes mili teles kebes jroning jiwa
pasuryan panggah mesem ngujiwat 
merak ati....
praupan sumunar
padhang kencar
ya mung pengin ngajab karaharjan kasantosaning jiwa lan raga

Jembar ing manah dimen samubarang katon padhang
pindha srengenge madhangi jagad raya.


Lestari Sahsa Malika
090121
[14/1 7.02 AM] Lestari Sahsa Malika: PANAH SEKTI SRIKANDHI
Dening: Lestari Sahsa Malika

Dhuh ati..
Lerema saka sawernane reribet sing dadi pangridhumu
Lungkrah sayah Kuwi pancen tetenger 
Kang aweh tengara mring ragamu 

Panggresah sing nggubel manah minangka swara batin sing pantes kaesthi
Aja kebacut dadi sumbering lelara
Mandhega sedhela
Tata atimu
Tata napasmu
Kuwi ora ateges kowe mandheg saka panjangka luhur

meneng menenga  
Tata jangkahmu sing prenggosan
Dimen ora ngangsa-angsa
Jalaran dalan sing bakal kokliwati isih dawa banget
Aja nganti kelangan daya pangupaya 
 
apa Kang wis mbokronce kebak pengarep edi Peni   

Reng-reng maneka cengkorongane tujuwan luhur
Aja nganti ilang saka gegemanmu

Muga tipak jangkahmu kang anyengsemi leledhang edhume tetanduran kang ngrembuyung
Bisa maesi bebrayan agung
Dadi sejarah kang kepatri ing tugune wektu

Ora mung Jambu kluthuk sing ijo royo-royo
ning uga tetanduran liyane tansaya ngrembaka amrik nyebar ganda arum ngedap-edapi saben pandulu 
Tinandur ing sadhengah mangsa
Ora bakal gogrog 
Keterak samirana

Ning aja wedi
Ora ngira wit-wit kuwi bakal ambruk 
Apa maneh pokak 
Awit pang- pang sing mangklung kae
Wis tinali Kuwat
Kasangga dening gendewa lan panah sekti para srikandhi sejati

Sing ginawe saka landheping rasa

Mula sing jail asring ngganggu ngreridhu 
Muga enggal sirna 
oncat saka plataran sing tharik-tharik tinata rina wengi Iki

Gusti paringana pangayoman 
Tinebihake saking godha lan rubeda.
Aamiin.

140121
[14/1 7.15 AM] Lestari Sahsa Malika: Tlatah iki malih sepi nyenyet 
ora ana kemliwere tipak-tipak jangkah 
sing wingi iwut gladhi maneka gegayuhan peni
gegodhongan wegah obah
wit-wit sanalika nggejejer 
pang-pang
ndhingkluk apa ndhangak?
Mbokmenawa ngitung ceceran crita edi
kang nate rinonce
ing sangisore mega -mega biru

sepi
sepa
samun
tanpa ana gemerahe kayun
Januari ndhedher tatu
ing ros-rosane pangrasa njarem linu
ngupadi tamba ana ngendi?
kamangka iki wadi sing kudu daksingitake ngati-ati
dimen ora disengguh ati iki rapuh
jalaran wis dakbundheli sakehing Jimat sekti
kanggo tetulak lelara


Lestari Sahsa Malika
140121
[14/1 7.20 AM] Lestari Sahsa Malika: JANUARI NDHEDHER TATU 

Tlatah iki dumadakan sepi nyenyet
ora ana kemliwere tipak-tipak jangkah 
sing wingi iwut gladhi maneka gegayuhan peni
gegodhongan wegah obah
wit-wit sanalika nggejejer 
pang-pang
ndhingkluk apa ndhangak?
Mbokmenawa ngitung ceceran crita edi
kang nate rinonce
ing sangisore mega -mega biru

sepi..
sepa..
samun..
tanpa ana gemerahe kayun
Januari ndhedher tatu
ing ros-rosane pangrasa njarem linu
dheleg-dheleg tan kuwawa muni
ora bisa sambat 
iki wadi sing kudu daksingitake kanthi permati
dimen ora disengguh ati iki rapuh
jalaran wis dakbundheli sakehing Jimat sekti
kanggo tetulak lelaran sing tumama ing jiwa raga iki


Lestari Sahsa Malika
140121
[18/1 5.38 PM] Lestari Sahsa Malika: KEMBANG DOM-DOMAN

Angin semribit ngelus rekma
nalika srengenge nepaki angslup
manuk-manuk bali ing susuhe
driji srawehan ngipatake lelamunan

pangrasa iki isih nglambrang
mbradhati kembang dom-doman rupa ungu
sing thukul mberah ing tlatah manah

pindha sesukeran ngranuhi jiwa
ing kalane nyubles njalari mberet perih 
senajan samar panggah dakjingglengi 

wanci surup nora katon apa-apa
sing katon mung tipak jangkah sing tracak 
lerem sawetara ing napas-napas lila

wengi iki reroncen impen landhung mapak srengenge esuk luwih kencar
ngujiwat sumilak 
amadhangi laku


Lestari Sahsa Malika
180121
[14/3 1.36 PM] Lestari Sahsa Malika: KABEH KOK SALAH?


Sing kanggonan mesthi wae moh diarani salah
kuwi ngono jare wadi 
mula sok didhelikna dimen ora kena aloke kanca

saben-saben gawe gendra
tembung-tembung abang sinigar 
saka ilate sing landhep
temlecek ing Jogan rasa

nyacad liyan sakepenake udele
sing iki jare keminter
sing kae jare pengkoh
sing kono jare kakehan umuk
kabeh kok salah
lha ..sing cedhak kae
salah kaya ngapa jaremu ya bener

apa lali...yen awak dhewe iki 
satenane uga nggembol sesukeran ?
ngono kok ya seneng alok kekurangan liyan

eling.....kae lo srengengene tansaya mangklung
ora bisa mbokrekayasa ing lakune
yagene seneng 
gawe gela ngudal-udal mala

lungguh sing kepenak ya
sinambi ngunjuk banyu tawa
apa sing umub jroning dhadha
dimen adhem lan tinata.


lestari Sahsa Malika
140321