1.REMBULAN MOBLONG
Rembulan nedhenge moblong
Yagene malah playon?
Enggala ceblok ing pangkon.
2.ABYORING KAHYUN
Wengi Iki ana esem rembulan
sing wingi ucul
Saka panyawang netra
Jaremu....
Bakal Tansah gegandhengan
Bebarengan luru kabagyaan
Ing sadawane wektu
Senajan manggih maneka rubeda
Ing lurung rumpil
Karaya kepengin nyenthelna lintang
Sinubya dening abyoring kahyun
Dimen langit sing dadi payoning Urip
Panggah rupa biru
Padhang bawera tinebehake saking kehing sungkawa
Gambar-gambar
Kang dakpulas
Jroning dhadha
Isih tawa Kaendahaning rasa
Kukuh minangka punjering sedya
Linambaran gedhene tresna
Anuju gegayuhan luhur
Yaiku kabagyan sejati
Kanthi nyuwun idi mring Gusti
Mugi angijabahi.
3.PAYUNG GODHONG WARU
Ing madya ratri
Nalika rembulan anelah Mega
Sesonderan ing jembare tawang
Cahyaning gemebyar
Madhngi jagad raya
Gegodhongan Katon bungah
Binarung tumetesing bun
Anjalari resep ing manah
wengi kang merak ati
Pindha endahing panjangka
Kang sumringah
Kanthi mayuta kaendahan
Rinonce mring adrenging sedya
Rina wengi tansah ndedonga
Njejegake gegayuhan luhur
Kapan baya bisa ana gegeman
Dimen payung-payung godhong waru
Sing sasuwene Iki
setya ngancani Ing gumantine mangsa
Tansah megar
Senajan ta rojah-rajeh isih dakrumat kebak rasa pangrasa .
4.WANI NGALAH
Wengi kang sepi
Ning Ora mesthi Kahanan njur peteng dhedhet
Kaya ati kang nandhang dhuhkita
Isih ana rembulan
Kapanjer ing langit
Senajan mung Njlarit alit
dadi kanca datan sulaya
Saka cendhela senthong Iki
Dakulati Kanthi nglangut
Yagene Kowe Kijenan tanpa rowang?
Apa lintang-lintang isih sesingidan?
Dakjumputi atising bun wengi
Kang gemlender ing kembang kemuning
Amrik angambar arum
Nglipur ati kang dumadakan nelangsa
Mring pengangen kang putung
Dening landheping pandakwa
Miyar-miyur keterak angin
Ning isih ana kesaguhan jroning dhadha
Dimen jejeg dayaning tekad kang makantar
aku ora kalah
Mung wae wegah ngrayah
Adu otot glegering jangga
Tanpa guna rebut balung tanpa isi
Jalaran sapa gelem ngalah mesthi luhur ing wekasane
Muga-muga...
5.OBORING LAKU
dhadha sisih kiwa Iki
Tansah ana gemuruhing rasa kagelar jembar tanpa wangen
maneka pangangen-angen
kapatri jroning sanubari
Sumunar pindha rembulan ndadari amadhangi jiwa
Senajan ing kalane surem
Keterak mendhung peteng
Tansah daksumet
Uruping damar dimen tansah peni
senajan mendrap-mendrip
Minangka oboring laku
Dadi colok tekening urip
Mayuta pepenginan kang ngebaki impen bakal daklabuhi amrih manjila ngranuhi bareng mletheking srengenge esuk.
6. AKU DUDU PUJANGGA
aku dudu pujangga
Sing kondang kaloka
Ning mung Reka
nyerat endahing sastra jawa
Nut ilining rasa
Nut Swara kang dumeling jroning dhadha
Asring mencelat ngawiyat ing plataran Maya
Senajan durung urut lan runtut bisa rumasuk ing kasukan para mitra
Mung nuruti kumlisiking rasa ngulati obahing Donya
Apa aku salah?
Kumawani lan lancang ngenam panjangka
Gegantha dadi pujangga?
Ya mung saderma
Amul lan udhu saklungsu
Obah mosik anut wasesaning Kuwasa
Muga wae ana sing rena
kanthi panyeda kebak rasa pangeman
Uga edining kasopanan
Dadi sesuluh kang bakal nuntun jangkah nganti puput yuswa.
7.KASUKSESAN DUDU WARISAN
Sadawane wektu
Sadawane lurung
Tansah ana panjangka kang makantar
Kanthi jejeg jumangkah
tanpa tidha-tidha
Kepriye carane bisa ngregem kabagyan urip
Wis Katon wenteh
Kasuksesan Urip
Jinurung saka kuwating karep
Baweraning Donya bisa padhang jalaran saka jembaring sedya
Kasuksesan dudu amerga warisan
Ning saka apuhing kringet sing atus
Lan gedhening tekad
nggayuh cita-cita
Bisa maujud ing kanyatan
Ora kandheg ing endahing pangimpen.
9.MENGETI DINA PAHLAWAN
Saben nepaki Dina pahlawan
sadhengah papan mesthi ana gemuruh swara para bocah
Nembangake lelagon perjuwangan
Gumleger aruh-aruh para anak negri
Mengeti mring perjuwangan para pahlawan
kang wis sumare ing pangkon Gusti
bumi kelairan
Minangka wutah getihmu
Ana pitakonan ngranuhi ing sanubari
Apa sing wis kokpisungsungake mring bangsa Iki?
Saindhenging nuswantara nggunggung para pahlawan
Bumi Pertiwi geter gumleger
Kasumet dening semangat jiwa satriya
Biyen kamardikan iki karebut Kanthi
Ledhoring mimis nrajang mayuta-yuta nyawa
Apa Ora lingsem Yen aku lan kowe
Mung bisa lungguh jegrang sila tumpang sedheku
Tanpa niyat kepengin ngisi kamardikan?
Mengeti Dina pahlawan
Ora mung pinter nembang lagu perjuwangan
Ning ayo bebarengan ngisi kamardikan Kanthi prestasi kang bisa ngangkat Drajat
Lan kuncaraning bangsa.
10.WIS ILANG
Isih daksimpen kaendahan kawuri
Nalika aku isih cilik
Mbiyen ana klasa pandhan ginelar ing plataran
Wanci padhang rembulan
Simbah ndongeng mprit dhandhun
Bocah-bocah lungguh mubeng
Kanthi seneng
Gemerah gemuyune
Playon obak sodor
Uber-uberan sesingidan
Yen mapak dalu
Padha luru konang
Njur diwadhahi papah kates
Ning....Kabeh mau kari crita
wis ora ana maneh
Bocah cilik sing nembang sluku-sluku bathok
Dolanan jarakte Dongengan kancil apa uthek-uthek ugel
bocah jaman saiki dolananane sarwa canggih
Hape lan Game online
Sing Njalari lali wektu
Wis ora ngerti apa Kuwi dolanan kekehan,benthik,
suramandha
Samubarang Sarwa maju lan instan
Ing sekolah
Para guru repot
Nggawe laporan ing omah bapak repot makarya
Ibu asring tindakan
Ahh..jamane wis beda
Gelem ora ya kudu nrima owah gingsiring jaman
Ning aja nganti ngrubohna iman
11. WENGISING LATHI
Jumawa ing panantang
wis suwe ora dakpaelu
Sumiyute swara kaya nyamber talingan
Ora dakgubris
Tutukna anggonmu kedhungsangan tekan poncoting lurung
Sesumbar ngegungake drajad pangkat
Wektu tansah nyathet pangucap uga polah tingkahmu!!
Ing kene aku panggah mesem
ati iki wis taloh
Lan eklas manggul paite sanggan urip
Senajan ati rojah-rajeh njarem biru jalaran wengising lathi
Gusti....
Maturnuwun sampun paring kekuwatan jiwa raga
Awit saka pangina liyan
Senajan tatu-tatu Iki ora bakal pulih kaya wingi
Wis dakolesi banyu wening saka bun kang gumantung ing pucuk arum dalu
Dimen ambyar bareng ibering samirana
Muga bisa ngilangake perih
Mbokmenawa sesuk esuk ana kabar anyar
Sing bisa nglindhih sakehing tatu.
12.SING SABAR
Sesongaran ing tengah dalan pengkerikan ora srantan
Kamurkan sumebyar
Mripat pating plirik
abang mbranang ngampah kesumat
Raga wis tuwa
Pindha gaman wis teyeng
Yagene Isih rebut bener?
Elinga nyawa mung Silihan
Sawayah bisa kasuwun sowan
sing bisa sabar ngakehake donga
Nyedhak mring pangeran
mumpung ana wektu
Aja nganti ilang dununge iman ?
13.GUYUB RUKUN
Ora perlu takon
Sapa Gusti sesembahanku
Urip iku aja digawe ribet
Kekancan Karo sapa wae
ora ana sing nglarang
patrap sing becik pangucap sing pantes
Bisa dadi titikane kerukunan jroning kekancan
Guyub rukun sing wajib disyukuri
Ora usah umeg Iki kae
Aja nganti dadi dagelan
Ngerti pranatan malah nerak aturan
Sandhang penganggo dudu ukuran
Mesthine bisa ngecakake rasa pangrasa
Landhep ing panggrahita
Sing ati-ati
Akeh wong ngaku apik ning mung merga pamprih
Kandhane kanca nyatane tega milara
Eling lan waspada!
14.RERASAN BATIN
Iki jaman kemajuwan
Akeh bocah sekolah
Ora ngerti endahing geguritan
Basa jawa jare Tembung kuna
Ora pantes kanggone sesrawungan malah kapilut basa manca
Wong tuwa wis wegah mulang muruk
tatanan unggah-ungguh basa jawa
Kasilap dening owahing jaman
Wuta mring tata krama
Endahing pitutur mung dadi pasemon
kekudhungan ilmu dhuwur
Ning lali mring jati dhiri
sejatining wong jawa sing njawani
Guritku mung rerasan batin
Saka ati kang banget prihatin
Mring kahanan sapadinan
kandheg ing panyawang
Tanpa bisa tumandhang
aweh piterang.
15.KEMBANG TANPA ARAN
Umpama kembang wujudmu mung kembang kang tuwuh ing sesuketan
Ora ana sing maelu
apamaneh kesengsem
Kijenan tanpa rowang
Ngukuhi darmaning gesang
dakjingglengi kanthi permat
Wiwit megar seger
dakaras kebak rasa sayang
Mumpung durung rempel
Katiyub semilir angin
Daksungging lumantar rasa
Rupa abang jambon Sulistya Reroncenan esem kang ngujiwat
Muga wae isih ana mekaring sekar trubus semi ngrembaka
Senajan ora nganbar Arum
Kaya pasuryan para putri ing taman sari
Saorane bisa aweh kabungahan nalika kasawang netra
Minangka kembang tanpa aran.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar