Kamis, 09 Januari 2020

ATUR SAPALA *ING SAJADAH TUWA (BUKU ANTALOGI GURIT)

ATUR SAPALA

ING SAJADAH TUWA

Antologi geguritan iki dakwenehi irah-irahan
ING SAJADAH TUWA

Muga bisa dadi sumbering inspirasi lan pepadhang jroning jiwa Nalika Kula mecaki Margi panguripan sing tansaya kompleks.
Irah-irahan buku kapethik saka judhul salah sawijining gurit,sedaya seratan kula sakawit Namung tuwuh saking rasa remen lan Tresna marang edining sastra Jawi.
 
Saperangan sampun nate
kapacak ing majalah basa jawa Penyebar semangat lan Jaya Baya.

tema sing daktulis maneka warna saka rerasan batin lan imajinasi sing ora kocap ing kasunyatan.

Atur panuwun marang bapa Jfx.Hoery,bapa H.Nono Warnono,bapa Hery Abdi Gusti    ingkang
sampun paring eguh pratikel,panyurungugi tansah sabar paring panyaruwe ugi kekuwatan saengga kula saged nerbitake buku menika.

Ing pangangkah buku antologi gurit  iki Muga bisa nambahi dhokumentasi
ing sastra jawi,mligi dhokumentasi pribadhi,ugi para maos kena kanggo panglipur ati.

mesthi wae gurit-gurit sing daktulis iki durung bisa apik lan lungit.
Saran ugi panyeda (kritik) lan panyaruwe tansah dakantu.
Nuwun

Lestari Sahsa Malika

Tidak ada komentar:

Posting Komentar