Kanggo mitraku Bu oni sing AYU
Ora krasa Dina iki wis tambah
wilangane yuswamu....
Puji syukur ing ngarsane Gusti
Muga tansah manggih rahayu dadiya cagake bebrayan kang tangguh
Senajan dalan sing koklewati
ing kalane ana enggokan
Munggah mudhun tanpa bisa kaselaki
Aja sumelang ....
Iku minangka pandadaran
Anuju papan kang kebak kabagyan
Donga ku lan kanca-kanca
Pindha gemriciking banyu sendhang
Kang ora nate asat
Iki gurit dakronce saka ati kang kebak rasa sayang uga dakirim maneka gambar godhong waru wujud rasa paseduluran kang endah
Rupa Abang ❤️❤️❤️❤️❤️Tandha tresna lan asih saka alumni ku2 SMEA 91
Muga Tansah sehat LAN sukses
Jinangkung Sedaya kang ginayuh
Gusti tansah amberkahi
Rahayu widodo
Kalis ing sambikala
Aamiin yra...
emuahh 💕💕
Tidak ada komentar:
Posting Komentar