GURIT KATUR IBU ADI
Ing tumapaking Bagaskara wanci esuk
Bun ing kudhup melathi nyawur ganda Arum
Anyarengi pecak jangkah tumuju paseban agung
Esem maesi Pasuryan kang sumunar
Ing saben mlebu metu napas
tansah rinoncen donga
wilanganig pangucap
kebak rasa welas asih
solahbawa tan ginawe
prasaja satemah gawe rena
menika kang aran ibu...
jiwa cumadhong mring panadhang
kebak rasa panarima
teteg teguhing tekad pindha obor
Makantar madhangi jiwa
anjalari tentrem pangrasa
sabda kawedhar winungkus donga
ibu....
ing asta panjenengan
rinipta santosaning jiwa lan raga
tangguh ngadhep maneka lelakon ngaurip
ibu....
sembah sungkem
Lan taklim tansah katur ing pangkon panjenengan
Srikandhi kang gawe bombonging
Manah
widodarine garwa lan para putra.
**nuwun Sewu ibu Adi
sugeng mahargya HUT DWP kaping 20
Ugi dinten ibu 22 desember 2019
Selamat atas kanugrahan Gusti Minangka juwara 2 ing lomba tertib administrasi
mugi ibu Adi sakulawarga tansah pinaringan sehat lan saged paring inspirasi
Dhumateng Sedaya ibu mligi ing DWP cabdin wilayah bojonegoro nggulawentah para putra lan kulawarga,kanthi sukses lan bagya Mulya ...
dunya dumugi akherat
aamiin yra...🌹♥️
💪pangapunten ibu
Kula pun ibu Lestari Suprayitno
SMKN Sugihwaras ♥️🙏
Tidak ada komentar:
Posting Komentar