Jumat, 04 Oktober 2019

2.KUMPULAN GURIT SPENSABA *9

1.
ELUH SOKYASA YOJGAWRISTI
KLS 8C

*NARKOBA*

narkoba pancen ngrusak anak bangsa
Anjalari manungsa kedanan
Wis akeh kedadeyan sing mlebu pakunjaran
Merga kapilut narkoba

Pancen wujude mung cilik
Ning bisa anjalari sapa wae bisa rugi
Lali mring sekabehane tujuwan
Urip Ing alam Donya

Mula padha elinga...
Nalika para pejuwang maju ing madya palagan
Ngrebut kamardikan Indonesia
Ilining kringet lan ludira
dadi rabuke bumi pertiwi
Yagene...kudu kacidra mring narkoba?

Akeh sing kelangan iman
Ora eling mring jiwa lan raga

Yen Ora mlebu kunjara
Kowe mesthi mlebu nraka

Ayoo....Brantas narkoba

Ayoo...berkarya mbangun negara
Tumuju ndonesia makmur lan jaya

2.
TIFANI AKMALU SYIFA
KLS  8H

*SEJARAH BAKAL NGRESIKI JENENGKU*

Sauruting wulu sing ana anggaku
Prasasat Ora leren anggonku mikirna negriku

Rinasa Ora bisa ngilangi saka ati
Lan kanggo para taruna sing wis berjuwang
Masiya kinurban jiwa raga

Ya Ora dadi baya pangapa
Yen akeh sing ngarani aku *kolaborator*
Aku Ora perlu ngayawara
Apa maneh Kandha mring Kabeh pandakwa

Jiwa raga ku Iki mung kanggo Indonesia

akeh rupa-rupa sejarah
kang ditulis nganggo getih sukarno

mbesuk sejarah Uga kang bakal ngresiki jenengku.

3.
NADHIN GISSELA P.
8H

*SEKOLAHKU*

Sekolahku
Ing kene aku ngupadi ilmu
Ora mung bisa nulis lan maca
Uga nggarap tugas sabubare jam sekolah

Ning...
Aku Uga Sinau mring endahing Budi pekerti
Amrih dadi bocah sing duweni suba sita
Tansah Bekti marang wong tuwa lan bapak ibu guru

Sinau ngurmati kanca Kanthi Welas asih
Adoh saka srei lan drengki
Nengenake guyub rukun ing memitran

Bapak lan ibu guru
Wis paring ilmu tanpa pamprih
Supaya aku dadi Manungsa sing Migunani
Tumpraping bangsa lan negara.

4.
AYU NUR A.
8H

*LINTANG PANJER RAHINA*

Nalika Parak esuk kahanan isih sepi
Lintang panjer rahina isih manther ing Tawang

Aweh pepadhang mring Sagung dumadi
Kang Wiwit sengkut Gumregah ngupaya rejeki

Para among tani wis ndlidir mecaki galengan
Mbok bakul Uga padha budhal makarya
para ulama tumungkul mangestu puji
Para santri wiridan ngaji

Swara jago kluruk sesautan
Melu tasbih syukur mring pangeran

Wayahe wis gagat rahina
Mertandhani para titah ngupadi pangupajiwa.

5.
PUTRI RAHAYU
8H

*SEKOLAHKU*

sekolahku..
Papan Anggonku golek ilmu
Sekolahku..
Ing Kono aku diwulang dening bapak ibu guru

Kejaba sinau nulis lan maca
Uga ngangsu kawruh endahing Budi pekerti
Bisaa aku duweni pribadhi kang becik
Welas asih mring kanca
Aja nganti srei lan drengki

Nggarap tugas sabubare jam sekolah
Nggladhi dhiri
supaya mbesuk tangguh ngadhepi Urip Ing bebrayan

Aku percaya...
Senajan abot kudu taklakoni
Kabeh pancen kanggo sangu ing tembe mburi
Kareben dadi wong kang aji.

6.
ELUH YOGYASA YOJGAWRISTI
8C
*ALAMKU WIS RUSAK*

Alamku ...
Saiki akeh sing rusak
Wit-witan padha dikethoki
Alas akeh sing diobong
Sawah kang ijo royo-royo
Kasulap dadi gedhung-gedhung Gedhe

Ilining banyu Bengawan kang resik
Sasuwene Iki dadi sumber panguripan
Wis cemer dening reged larahan
Akeh iwak-iwak padha mati merga banyu sing kebak limbah

Dhuh Gusti...
Ana Endi alamku sing mbiyen Endah?
Sing dadi sumbering kemakmuran

Saiki wis rusak
Merga polah tingkahe Manungsa sing jail

Alamku....
Jasamu pancen Gedhe tumpraping Manungsa
Matur nuwun alamku.

7
ALDA SHAH PUTRA
8H

*DESAKU*

Desaku...
Ing kene aku dilairna
Uga papan wong tuwaku makarya
Desa kang banget gawe bungah atiku

Nyawang swasana desaku
Njalari ati seneng
Ngilangake lungkrah lesu

Matur nuwun Gusti
Sedaya anugerah menika
arupa desa ingkang Endah
Uga kulawarga ingkang rukun lan tentrem bagya

Tansah dakrumat Kanthi eklasing ati
Muga dadi desa kang asri
Kanthi masyarakat ingkang adhem ayem Karta Raharja.

8
ASMARA DWI AGUSTIN
8E
IBU

ibu..
Tresnamu Ora bisa kaganti
Kesabaranmu tanpa ngajab sesulih
Selawase Ora bakal daklaliake

Donga ibu kang tulus
Tansah ngiring Sadawane jangkahku
Labuh labetmu tanpa Wates

Ibu...
Pitutur mu bakal dadi sangu uripku
Tresna asihmu Ora bisa ilang engga Puput yuswa Iki

Ya mung pandongaku
Muga Gusti Tansah paring kanugrahan ingkang berkah.

9.
AULIA DUHITA
8E
CITA-CITAKU

Esuk engga wengi
Aku Tansah sregep Sinau
Ora ana wektu kanggo nyenengke ati
Semangat pindha damar wanci Dalu
Aja nganti surem

Penginku mung ngestuake dhawuh wong tuwa
Aja lirwa mring cita-cita
Kena godha Tan piguna

Aku kudu dadi Juwara
Dhuh.. Gusti
Paringana Ridha marang kawula
Amrih saged dados tiyang ingkang Bekti
Mring wong tuwa lan bangsa
Ilmu kang Murakabi mring sesami

Oh..
Senajan angel lan abot kaya ngapa
Tekadku wis Gedhe
Jalaran aku kelingan bapak lan ibu
Sing rekasa nyekolahna aku
Kanthi ragad sing Ora sethithik

Mula aku kudu bisa mujudake cita-citaku.

10.
Yuli pertiwi Ningsih
Kelas: 9f

REMBULAN

Ing pungkasan sore iki
Tan ana cahya ingkang padhang
Ngaliyakake mega kang peteng

Katon peteng dhedhet
Tanpa cahya rembulan

Dhuh gusti...
Rembulan dhateng pundi..
Kulo ngrantosi..

Rembulan..
Cahyamu sumorot ing saben wengi
Cahyamu kang padhang njingglang
Lintang-lintang kang sumebyar sebyar
Ingkang madhangi sajroning jagad

Nanging..
Wengi iki..
Tan ana cahya
Rembulan...
Aku ngenteni cahyamu kang endah

Mega ireng.. nyingkirana
Aja ngalingi cahya rembulan
Tak enteni cahyamu rembulan..

11.
SHELLA IRA MAYA
8H

*KAHANAN WAYAH ESUK*

Kahanan peteng dhedhet
Kabeh kegawa turu kepati
Tapa raga tanpa swara

Ora watara suwe
Wengise wengi kumlebat
Rinasa ilang tanpa tilas
Kesentor Cahyaning ublik
Sakala Katon padhang byar

Sapungkure iku
Ngundang udan Gedhe
Ngancik wayah esuk
Ning kawiyak sunaring srengenge

Jagad Katon bingar maneh
Kabeh padha Tangi lan bungah
Kembang-kembang Katon sumringah.

12.
MARCHA FEBRILIA P.
8H

*IBUKU*

Ibu
senajan raga kesel
Isih ana endahing esemmu
Rina klawan Dalu
Mung sengkut makarya
Datan ngersula netepi jejibahan

Tansah Kuwat Ora Nate sambat
Kabeh mung kanggo aku

Ibu..
Kesabaranmu pindha segara
Ngadhepi polah tingkahku sing ndableg
Tansah jembar paring pangapura
Nuntun lakuku amrih Tansah Kuwat

Ibu...
Nyadhong duka ingkang kathah
Aku mung bisa ndedunga
Mugi Tansah pinaringan kesabaran
Kasinungan rejeki ingkang berkah
Sakit Gusti ingkang maha agung.

Kumpulan gurit jurnalistik SPENSABA

  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar