1.
SUMBERING PEPADHANG
Ati burus
jiwa resik...
Rasa sumeleh lan pasrah
iku pindha pepadhang
Kang tangeh bisa mbleret
Sumunar ing endi papan
dadi tuk sumbering inspirasi
kang tansah ngunggar semangat
Makarti ngarah gegayuhaning cipta
balik asiling pakarti
Kang dhasare mung kasurung
dening watak meri srei lan jail
Anane mung ngidham pangelembana
Wekasane bobote sarwa ampang
yen kanca sing dianggep musuh wis klakon dikalahake
Swarane kaya ngrubuhake aldaka
sumbering pepadhang
pindhane obor blarak....
urube ngalad-alad
Kaya madhangi jagad
Nanging mung sakedhepan
Njur pepes dadi awu
Njalari pikire dadi peteng
nyingkur sakehing bebener.
2.
AJA KUMUNGSUN
Pating kerlip
Amadhangi wanci Dalu
Anyengsemi panyawang
Sikonang seliweran nambahi Peni
Rumangsa bisa madhangi jagad
Ning mung satleraman
Sawise srengenge angslup
Banjur surem...
Lintang-lintang abyor
rasa kumingsune konang banjur ilang....
Njur Saiki si lintang sing rumangsa
yen dheweke sing madhangi jagad
Ora suwe rembulan ngatonake cahyane
Njalari lintang-lintang kelangan cahyane
Lumakune wektu
titi wanci wis parak esuk
Rembulan sing mau rumangsa madhangi jagad
dadi katon pucet
sawise srengenge mlethek....
Byar padhang
Mengkono uga manungsa
menawa duwe watak kumingsun
merga kasugihane
Merga kepinterane
Merga pangkat drajate
Merga ilmune
Biyasane njur jumawa
Mula sok sapa wae
Sing gelem sinau
Marang pralambange alam
Muga wae bisa kanggo instropeksi dhiri
Awit samubarang ing alam donya iku ora langgeng
3.
PEMECUT DHIRI
Pitutur becik utawa wasita adi kena kanggo Sangu Jroning nglakoni urip
ing satengahing bebrayan
Bisa ngatonake patrap
kang becik marang sapadha-padha
Andhap-asor lan welas asih
ora ngagungake awake
sing rumangsa hebat dhewe
Ora mung ing kasugihan drajat-pangkat nanging uga ing bab kapinteran
Aja gumedhe
rumangsa sugih dhewe
ngegungake drajat-pangkat
Sing sawayah bisa oncat
Mamerake kapinteran
Jalaran
Sapinter-pintere wong
isih ana sing ngungkuli
Kaya unen-unen ing sadhuwure langit isih ana langit
Mangertiya....
Ora ana wong sing sampurna
Kabeh duweni kekurangan lan kaluwihan
Muga bisa dadi pamecut dhiri kanggo ngundhakake kawruh lan wawasan urip ing bebrayan agung
4.
RASA PANGRASA
Lungkrah sakabehing rasa
sumarah anyekseni Nuswantara
Wus owah saka berkah
Dadi papan dhangkaning pancabakah
obah ...
owah ...
kaya-kaya ya wis susah
nandhang lungkrah
malah dadi bubrah
Rumangsa wis ora saguh
yen kudu tetep puguh
Mikukuh ....
angrengkuh ...
tata raharjaning laku kang rinasa rubuh.
5
KAHANAN DONYA
Ubenging kahanan ing alam donya
Tansah owah gingsir
ing wolak-waliking mangsa Manungsa urip
Tansah mbutuhake liyan
kang kacipta GUSTI
kanthi gegandhengan
mula ya padha elinga....
marang pesthine Gusti
Kang Murbeng Dumadi
Kudu bisa ngowahi laku Kliru
Lantip ing pikir
milah lan milih
endi kang becik
lan endi kang ala
Aja nganti tindak mengos
Apa maneh Nggragas
Kaya kang kedadeyan
ing sadhengah papan
para oknum pejabat cidra ing sumpah
Sing asring dadi pancongkrahan Gedhe
aja nganti ditiru
Para Mudha penerus bangsa
bisaa kenceng lan amanah ngemban jejibahan nata raharjaning praja.
6.
MESEMA WONG AYU
Ngampah tumetesing luh
samar gumadhul ing tlapukane netra
nalika udan grimis ing surup klawu
tipak jangkahmu tansaya adoh
krenggosan ngliwati dalam watu
mecaki lelakon sing mbokdaku
dhuhkita nggrenggani jroning kalbu
dadi sanggan sadawane wektu
dhuh... wong ayu
aja banget olehmu kleleb ing panggresah
eman yen rasamu tansaya alum
rojah-rajeh pindha klasa pandhan
kelangan endahe pangenam
mesema..
mesema..
ujare kandha...
rasa Sedhih iku
sejatine uga rahmat
Yen mbesuk wis titi wanci
Gusti mesthi paring kebungahan
Ing kana bakal kokngerteni
apa ta sejatine makna tumetesing luh dina iki
tangis mono pancen tansah ana
Ngiringi sekabehing titah ing alam donya
Embuh sapa wae
Ing nalika bungah utawa susah...
minangka dalan pandadarane urip
Tumuju ing kadhewasan dhiri
Dakajab sliramu dadia wanita kang tangguh
ngreksa sekebehing lelakon
senajan tumpang suh tanpa sela
wis...cup menenga
kae lho ing tritis esuk
Kembange mawar mesem
Mbarengi sumunariing bagaskara
Andum cahya tanpa sulaya
enggal usapana luh mu
lir gumantine dina
mbokmenawa enggal ana tamba
Lerema sayahmu ing pangkon donga
Sumendhe marang kawelasan Gusti
Pancen lumakune dina
Kabeh nggembol crita
Becik kasimpen ing bait gurit
senajan ta durung bisa lungit
njur centhelna ing pandom wektu
muga ing tembe mburi
Bisa dadi panglipuring ati.
7.
ING SURUP DALU
Ing Surup dalu dakgiring getiring rasa
Angin tetembangan kanthi tidhem
Nglangut...
Sorot netra sempyuh ing luh
Ngudarasa mring panelangsa
Dumadakan langit sakala peteng
Ngrumpaka tatu-tatu lawas
Manjila mendhung angendhanu
Nratap jroning dhadha
Sandikala iki kuwawa ngudal wirang rasa
Srengenge meh wae angslup
Kijenan ing walik mega klawu
Godhong waru gogrog kumleyang
Kabuncang dening samirana
Ah.. .geneya atiku krasa liwung?
Keplantrang ing pereng wektu
Dakcoba Nglari warta ing larik gurit
Sepi sepa tanpa swara
Anane mung tatu njarem biru
Kalungse.....
Rinengga ing rasa kang ringkih
8.
SESER ING LAKU
Seser idering laku
Nguber impen-impen
Ing sauruting lurung panguripan
Marang pepenginan kang ndlidiir tan ana leren
Kringet nganti deres riwe
Betheke mung golek cukup
Kanggo Sarina sedalune....
Ngudi Keberkahan
Nyadhong ridhone Gusti kang maha kuwasa.
9.
ABANG-ABANG LAMBE
Kaca iku....
mantulake apa wae kang ana sangarepe
Ala lan becik ora bisa dipaeka
Mula becike tansah bisa mulat salira
Aja gedhe rumangsa
marang gunggunge liya
Sing diarani ayu aja kemayu
Sing diarani bagus aja gemagus
Sebab biyasane mung abang-abang lambe
Padhatan mung lelamisan wae....
Ora tumus saka ati lan batine
Aja kapilut ing tembung ngayawara
akehe njlomprongake wekasane Muspra tanpa guna.
10.
LAMBE TURAH
Nenacad sing tujuwane ngudal kekurangane liyan
Iku penggaweyane sing rugi banget
Kang bisa wae diarani lambe turah
Ora duwe penggaweyan liya
Ilate dadi keri yen sedina durung ngrasani kanca
Anggepe dhewekne apik lan bener dhewe
Ora ngerti yen satemene mung mbuwang
Wektu lan tenaga
aja ditiru kareben tentrem uripmu.
11.
RAMA SEMAR
Ala tanpa rupa
Ning Duweni bebuden luhur
Yaiku rama semar
Nduding ateges waspada
Nggegem ateges meneng
Kalung klinthing ateges tengara
Pusaka mesthine manjing warangka
Ora lanang ora wadon
Minangka Simbole rohani manungsa
Memayu hayuning bawana
Sumebyar pindha baskara
12.
TAMAN ASRI
Jumangkah ing taman sore
kaendahan Sarwa anglam-lami
Kembang-kembang mekar Kapaes asri
Rupa jambon lan ungu
Kelangenan para pawestri lan para widodari
Aku Katrem ing kene...
Gegodhongan kumlawe ngawe-awe
Angambar amrik gandane arum
Remesep jroning kalbu..
Sore Iki dakunggar sakehing parisuka
Ngrengkuh kaendahan kang banget gawe sengsem ati.
13.
ENDAHING KENANGAN
Samirana semribit
Alelewa
Nalika sore mapak angslupe surya
Kumlawe ngelus tyas iki
Takgegem kapitayan sing isih keri
Senajan mung satlenik
Takugemi temeka saiki
Pindha kinemulan pedhut lelimengan
Kelingan slirane kang nyidra ati
Puluhan taun kapungkur
Nalika yuswa isih tumaruna
Aku lan sliramu Nate ngiket Prasetya
Ing sangisore pengarep kang durung jejeg
Nganti seprene dadi kenangan
14.
REJANING JAMAN
Urip ing rejaning jaman
Pindha ing alas gung liwang liwung
Adoh lor adoh kidul
Tanpa rowang
Aja gupuh
aja bingung
Ora bakal kelangan dununge lurung
Waton tansah eling ....
Sumendhe marang kang peparing
Gegondhelan kanthi kukuh
Mring jejeging iman
Mengkone bakal slamet temaka tujuwan.
15.
IMAN WIS UCUL
Yen iman wis ucul saka jroning ati
Akehe padha mbingungi
Wedi kelangan ing kasukan
Ngrumpaka bandha donya
Direwangi adol lamis
Ngudang setan jejogedan
Ngglandhang keyakinan
Oncat saka santosaning kapitayan
Kang mapan jroning dhadha
16.
MANGSA KETIGA
mangsa Ketiga dawa
Panas Keplantrang
Sakehing tetuwuhan
Satemah gogrok
Garing kumleyang
Dalu nuwuhake Atis
Tembus ing balung sungsum
Mijil kasepen ngranuhi dhadha
Rembulan pucet tumangsang ing pucuk mega
Tansaya tintrim nylamur sasmita
Driji ora kuwawa
Mbendhung iliining luh
Ngenam mayuta dhuhkita
Ah....mangsa ketiga Iki
Nipakake lara lapa
Ngajab tumurune udan
nelesi bantala kang nela.
Lestari sahsa Malika
Tidak ada komentar:
Posting Komentar