Sabtu, 28 September 2019

3.KUMPULAN GURIT LESTARI SAHSA MALIKA (25)

1.
SUMBERING PEPADHANG

Ati burus
jiwa resik...
Kanthi rasa sumeleh lan pasrah

iku pindha pepadhang
Kang tangeh bisa mbleret
Sumunar ing endi papan

dadi tuk sumbering inspirasi
kang tansah ngunggar semangat

Makarti ngarah gegayuhaning cipta

balik asiling pakarti
Kang dhasare mung kasurung
dening watak meri srei lan jail
Anane mung ngidham pangelembana
Wekasane bobote ya sarwa ampang

yen kanca sing dianggep musuh wis klakon dikalahake
Swarane kaya ngrubuhake aldaka

sumbering pepadhang 
pindhane obor blarak....
urube ngalad-alad
Kaya madhangi jagad
Nanging mung sakedhepan netra
Njur pepes dadi awu
Njalari pikire dadi peteng
nyingkur sakehing bebener.

2.
AJA KUMUNGSUN

Kumulip Pating gemebyar madhangi wanci Dalu
Kang sinebut konang-konang
Anyengsemi panyawang
Seliweran nambahi Peni
Dhewekne rumangsa bisa madhangi jagad
Ning suwene mung Sawise srengenge angslup

Nalika lintang-lintang abyor sumunar
rasa kumingsune konang banjur ilang....

Njur Saiki si lintang sing rumangsa
yen dheweke sing madhangi jagad
Ora suwe rembulan ngatonake cahyane
Njalari lintang-lintang kelangan cahyane
Njur katon surem ....
Lintang isin ngungalake awake maneh

Lumakune wektu njur wis parak esuk
Rembulan sing mau rumangsa madhangi jagad
dadi katon pucet
sawise srengenge mlethek....
Byar padhang

Mengkono uga manungsa

menawa duwe watak kumingsun
merga kasugihane
Merga kepinterane
Merga pangkat drajate
Merga ilmune
Biyasane njur jumawa

Mula sok sapa wae
Sing gelem sinau
Marang pralambange alam iku
Muga wae bisa kanggo instropeksi dhiri
Awit samubarang ing alam donya iku ora langgeng
[27/9 15.59] Lestari Sahsa Malika: 3.
PEMECIT DHIRI

Pitutur becik utawa wasita adi kena kanggo Sangu Jroning nglakoni urip ing satengahing bebrayan
Bisa ngatonake patrap kang becik marang sapadha-padha
Kanthi patrap kang andhap-asor lan welas asih
ora ngagungake awake sing rumangsa hebat dhewe
Ora mung ing bab kasugihan lan drajat-pangkat nanging uga ing bab kapinteran

Aja gumedhe rumangsa sugih dhewe ngegungake drajat-pangkat
Sing sawayah bisa oncat
Mamerake kapinterane
Jalaran
Sapinter-pintere wong isih ana sing ngungkuli kapinterane
Kaya unen-unen ing sadhuwure langit isih ana langit
Mangertiya....
Ora ana wong sing sampurna
Kabeh duweni kekurangan lan kaluwihan

Muga bisa dadi pamecut dhiri kanggo ngundhakake kawruh lan wawasan urip ing bebrayan agung

4.
RASA PANGRASA

Lungkrah sakabehing rasa
sumarah anyekseni Nuswantara
Wus owah saka berkah

Dadi papan dhangkaning pancabakah
obah ...
owah ...
kaya-kaya ya wis susah

nandhang lungkrah
malah dadi bubrah
Rumangsa wis ora saguh yen kudu tetep puguh
Mikukuh ....
angrengkuh ...
tata raharjaning laku kang rinasa rubuh.
[27/9 16.58] Lestari Sahsa Malika: 5
KAHANAN DONYA

Ubenging kahanan ing alam donya tansah owah gingsir ing wolak-waliking mangsa Manungsa urip
Tansah mbutuhake liyan kang kacipta GUSTI kanthi gegandhengan mula ya padha elinga....
marang pesthine Gusti Kang Murbeng Dumadi
Kudu bisa ngowahi laku Kliru

Lantip ing pikir
milah lan milih endi kang becik lan endi kang ala

Aja nganti tindak mengos lan
nggragas
Kaya kang kedadeyan ing sadhengah papan
para oknum pejabat cidra ing sumpah
Sing asring dadi pancongkrahan Gedhe
aja nganti ditiru
Para Mudha penerus bangsa

bisaa kenceng lan amanah ngemban jejibahan nata raharjaning praja.
[27/9 20.54] Lestari Sahsa Malika: 6.
GURIT KANGGO DENOK AYU
.
Ngampah tumetesing luh
samar gumadhul ing tlapukane netra
nalika udan grimis ing surup klawu
tipak jangkahmu tansaya adoh
krenggosan ngliwati dalam watu
mecaki lelakon sing mbokdaku
dhuhkita nggrenggani jroning kalbu
dadi sanggan sadawane wektu

dhuh..denok wong ayu
aja banget olehmu kleleb ing panggresah
eman yen rasamu tansaya alum
rojah-rajeh pindha klasa pandhan
kelangan endahe pangenam
mesema..
mesema..

ujare kandha...
rasa Sedhih iku
sejatine uga rahmat
Yen mbesuk wis titi wanci
Gusti mesthi paring kebungahan

Ing kana bakal kokngerteni
apa ta sejatine makna tumetesing luh dina iki
tangis mono pancen tansah ana
Ngiringi sekabehing titah ing alam donya

Embuh sapa wae
Ing nalika  bungah utawa susah...
minangka dalan pandadarane urip
Tumuju ing kadewasan dhiri
Dakajab sliramu dadia wanita kang tangguh
ngreksa sekebehing lelakon
senajan tumpang suh tanpa sela

wis...ya cup menenga
kae lho ing tritis esuk
Kembange mawar mesem
Mbarengi sumunariing bagaskara
Andum cahya tanpa sulaya
enggal usapana luh mu
lir gumantine dina
mbokmenawa enggal ana tamba 

Lerema sayahmu ing pangkon donga
Sumendhe marang kawelasan Gusti

Pancen lumakune dina
Kabeh nggembol crita
Becik kasimpen ing bait gurit
senajan ta durung bisa lungit
njur centhelna ing pandom wektu
muga ing tembe mburi
Bisa dadi panglipuring nala

7.
ING SURUP DALU

Ing Surup dalu dakgiring getiring rasa
Angin tetembangan kanthi tidhem
Nglangut...
Sorot netra sempyuh ing luh
Ngudarasa mring panelangsa

Dumadakan langit sakala peteng
Ngrumpaka tatu-tatu lawas
Manjila mendhung angendhanu

Nratap jroning dhadha
Sandikala iki kuwawa ngudal wirang rasa

Srengenge meh wae angslup
Kijenan ing walik mega klawu
Godhong waru gogrog kumleyang
Kabuncang dening samirana

Ah.. .geneya atiku krasa liwung?
Keplantrang ing pereng wektu
Dakcoba Nglari warta ing larik gurit
Sepi sepa tanpa swara
Anane mung tatu njarem biru
Kalungse.....
Rinengga ing rasa kang ringkih


8.
SESER ING LAKU


Seser idering laku
Nguber impen-impen
Ing sauruting lurung panguripan

Marang pepenginan kang ndlidiir tan ana leren

Kringet nganti deres riwe
Betheke mung golek cukup
Kanggo Sarina sedalune....

Ngudi Keberkahan
Nyadhong ridhone Gusti kang maha kuwasa.

9.
ABANG-ABANG LAMBE

Kaca iku.... mantulake apa wae kang ana sangarepe
Ala lan becik ora bisa dipaeka

Mula becike tansah bisa mulat salira
Aja gedhe rumangsa
marang gunggunge liya

Sing diarani ayu aja kemayu
Sing diarani bagus aja gemagus
Sebab biyasane mung abang-abang lambe
Padhatan mung lelamisan wae....
Ora tumus saka ati lan batine

Aja kapilut ing tembung ngayawara
akehe njlomprongake  wekasane Muspra tanpa guna.

10.
LAMBE TURAH

Nenacad sing tujuwane ngudal ala kekurangane liyan
Iku penggaweyane sing rugi banget
Kang bisa wae diarani lambe turah
Ora duwe penggaweyan liya
Ilate dadi keri yen sedina durung ngrasani kanca

Anggepe dhewekne apik lan bener dhewe
Ora ngerti yen satemene mung mbuwang
Wektu lan tenaga
aja ditiru kareben tentrem uripmu.

11.
RAMA SEMAR

Ala tanpa rupa
Ning Duweni bebuden luhur
Yaiku rama semar

Nduding ateges waspada
Nggegem ateges meneng
Kalung klinthing ateges tengara
Pusaka mesthine manjing warangka

Ora lanang ora wadon
Minangka Simbole rohani manungsa
Memayu hayuning bawana
Sumebyar pindha baskara


12.
TAMAN ASRI

Jumangkah ing taman sore
kaendahan Sarwa anglam-lami 
Kembang-kembang mekar Kapaes asri
Rupa jambon lan ungu
Kelangenan para pawestri lan para widodari

Aku Katrem ing kene...
Gegodhongan kumlawe ngawe-awe
Angambar amrik gandane arum
Remesep jroning kalbu..

Sore Iki dakunggar  sakehing parisuka
Ngrengkuh kaendahan kang banget gawe sengsem ati.

13.
ENDAHING KENANGAN

Samirana semribit
Alelewa
Nalika sore mapak angslupe surya
Kumlawe ngelus tyas iki

Takgegem kapitayan sing isih keri
Senajan mung satlenik
Takugemi temeka saiki
Pindha kinemulan pedhut lelimengan

Kelingan slirane kang nyidra ati
Puluhan taun kapungkur
Nalika yuswa isih tumaruna
Aku lan sliramu Nate ngiket Prasetya
Ing sangisore pengarep kang durung jejeg
Nganti seprene nipakake endahing kenangan

14.
REJANING JAMAN

Urip ing rejaning jaman
Pindha ing alas gung liwang liwung
Adoh lor adoh kidul
Tanpa rowang
Aja gupuh
aja bingung
Ora bakal kelangan dununge lurung
Waton tansah eling ....
Sumendhe marang kang peparing

Gegondhelan kanthi kukuh
Mring jejeging  iman
Mengkone bakal slamet temaka tujuwan.


15.
IMAN WIS UCUL

Yen iman wis ucul saka jroning ati
Akehe padha mbingungi
Wedi kelangan ing kasukan
Ngrumpaka bandha donya
Direwangi adol lamis

Ngudang setan jejogedan
Ngglandhang keyakinan
Oncat saka santosaning kapitayan
Kang mapan jroning dhadha

16.
MANGSA KETIGA

mangsa Ketiga dawa
Panas Keplantrang
Sakehing tetuwuhan
Satemah gogrok
Garing kumleyang

Dalu nuwuhake Atis
Tembus ing balung sungsum
Mijil kasepen ngranuhi dhadha

Rembulan pucet tumangsang ing pucuk mega
Tansaya tintrim nylamur sasmita

Driji ora kuwawa
Mbendhung iliining luh 
Ngenam mayuta dhuhkita

Ah....mangsa ketiga Iki
Nipakake lara lapa
Ngajab tumurune udan
Kuwawa nelesi bantala kang nela

17
ENDAHING KATRESNAN

Endahing katresnan iku mapan jroning wirama rasa
Sapa wae tan bisa selak yen ketaman asmara

Pikiran nglambrang kedlarang-dlarang
Anane mung kepengin sesandhingan

Mecaki dina poyang-payingan

rinasa Donya sepi tanpa kanca
Kajaba caket mring kang sinedya.

18
SAMADYA ING PENGANGGO

Sandhang penganggo biyasa wae
Kareben ora kabotan ing ubarampe
Akehe nuruti pepenginan sing ora ana entek'e

Pantes lan sopan iku ukurane
Aja mung Nguber apiking gebyar

Sing samadya
Aja dipeksa ana
Pungkasan malah tuna

Sing bisa nata pepenginan
Aja jomplang mring pengasilan


Ing Kono
mesthi bisa anuju prana
Marang panyawang netra.

19
KATENTREMAN ATI

ayem lan tentrem iku pepenginan kabeh wong Urip Ing alam Donya

Ning kanyatan asring adoh saka kekudangan
Urip asring nemahi pacoban

Muga wae ati Iki
isih bisa nyikapi kanthi sareh
ora pokak semangat
Anggone ngudi katentreman ati.

20
SORE ING NDESAKU

Handulu bagaskara ing sandikala
katon resep ing kedhep netra
Rupa jambon manda jingga
Angin silir-silir tanpa leren
Bocah playon ing dalan lan galengan
Ngundang angin gedhe
Ngumbulake layangan gambar kupu

Pepayon langit biru asesolak mega

Kekidungan nuwuhake katentreman ati
Mring urip prasaja

ing padesan isih tinemu Esem-esem sumeh

Jroning sapa aruh
Wiwit pojok kidul nganti lurung cedhak kali
Kabeh isih asring gojek jejagongan
Tanpa winates pager dhuwur

Sadawane dalan
Tanpa sungkan mring sugih miskin
Swasana gemerah lan grapyak semanak
Iki kang ana ing ndesaku.



21.
LELAKON LAWAS

Kembang kaca pinaes ing netra
Kemembeng ambyar
Nylamur ing panggresah jiwa

Kelingan mring lelakon lawas ngegla Mbebeda

mring kenangan
Sing saiki kabur kanginan
Bareng sliramu kang wis suwe lali
Marang prasetya lan janji.

22.
KASANTOSAN TEKAD

Suara adzan ing wektu iki
Ngelingake aku marang Gusti
Urip pancen maneka crita
Ing kalane bisa ngrubuhake rasa

Marang lelakon kang nrenyuhake rasa
Urip rekasa saben dina

Ning aku Isih nyimpen Jroning dhadha
kasantosan tekad kanggo mecaki dina
Lir lelayaran ing ambaane samodra
Kudu kuat lan sumeleh ing pepesthi Gusti

Ora ana nahkodha sing tangguh tanpa nglewati gemulunge ombak Gedhe

Ing Kono ...
Bisa ngerteni Yen Urip Kuwi butuh perjuwangan
Kanggo nggayuh kabagyan sejati.

23
ING PARAK ESUK

Ing parak esuk
Nalika sesuketan  kinemulan pedhut
Kelingan sliramu sing sesingitan Ing taman pangimpen mau bengi

Garis-garis esemmu katon kusem
Klawu sinempyok lamur dalu
Mlintir pangrasaku tansaya perih
Pengin dakranggeh
Nanging aku ora kuwawa muni
Negesake warta

Kledhangmu Katundhung swara jago kluruk kapisan
Anjalari pikir ambyuk nelungake rasa lungkrah.

24.
JAMAN REJA

Menangi jaman reja
akeh sing padha rebutan rajabrana
Pating balilung tanpa jluntrung
Kalimput ing tumindak nistha

Bejane wong sing eling lan waspada
Tetep mlaku ing margi utama
Prasasat tapa ing alas coba
Kebak lathi manis winungkus wisa

Kang nylamur
Njlomprongake rasa pangrasa

25.
SADAWANING LAKU

Anggonku seser
Nggoleki nganti kliyengan
Mbokaja mbebeda
Iki lho..aku nyangking maneka crita
Saka lurung cilik sadawaning laku
Sing pengin daksuntak ing joganmu
Ana greged Kang tuwuh saka Anggit
Mbokmenawa bisa dadi sumbering pepadhang mring bebrayan

Lungguh sing anteng
Manther sing angkler
Dimen atiku seneng
Mengkone bakal ana harmoni kang Endah
Jer Urip kuwi pancen kudu bisa luwes
Amrih sinawang Katon pantes.

Bunda Lestari SAHSA Malika

Tidak ada komentar:

Posting Komentar