ELING LAN WASPADA
Ing Donya Iki akeh Kahanan kang anjalari mripat mblereng
Pathing glebyar tawa kabingaran
Ngumbar kabungahan tanpa tedheng aling-aling
Saiki ing ndesa lan kutha
Tan ana beda
Lugu lan burusing Budi pekerti mung Tembung jare
Aja gampang kepencut
marang tata lair
Apamaneh mring gebyare njaba
Yen ora ati-ati
Ing pungkase bisa nemahi kuciwa
Ing jaman Sarwa MAJU
becike Duweni saringan mitayani
Yaiku kekuwatan iman Jroning dhadha
Dimen Urip Tansah Bagya Mulya nut paugeran pangeran
Kudu eling Tansah waspada
Muga tinebihake saking bilahi lan wirang rasa.
2. WIS GARING
Isih daksimpen
Sekabehing impen
Nalika biyen sakloron ngiket talining prasetya
Senajan wis garing pindha alang-alang rinengga mangsa ketiga
Kumleyang....
Ngrantu tetes bun
Nelesi bantala
Ahh... Kanengaya?
Ing sepine ratri
Dakpecaki lurung ati
Ngluru endahing janji
Dakcoba nyilih cahyane lintang
Dimen madhangi langit ati iki
Daksuwun kledhangmu sambang ing ngarepku
Senajan sedhela bisa dadi tamba
Kapang sing dakrasa.
3.LANDHEP KAPANG
Mbokmenawa panjenengan mangerteni
isih ana landhep kapang
Sing dumadakan nugel sepi
Kumlebat ana ing protelon wengi
Ambyar njejuwing nala
Bareng semiliring samirana
Gemuruh ngebaki dhadha
Banyu netra gemrajag ing jogan rasa
Kemembeng mbendhung kapang
Kang banget anjalari ati nelangsa.
4.ING GISIK SAMODRA
Ing gisik samodra
ombak gegojekan
Datan ana lerene
Ngglandhang pengangen mring kenangan
Ing Kono ana wewayanganmu
kumlawe kebak sih katresnan
angin kumlisik
njalari ron-ron cemara mosak-masik
Nglangut sepi lan sepa
Ing sisih kulon
Bagaskara meh wae angslup
Dakulati maneh alun samodra biru
Mbokmenawa isih ana esem kang endah kanggo aku
Ah..Kabeh malih klawu lan lan bisu.
5.LELAKON URIP
Wis dakngerteni
Yen ta panggresah
Iku tuwuh saka ati kang nandhang sayah
mecaki Sewu lelakon urip
Maneka crita ing saben Gumanti dina
Sok ucul saka panggantha
Pepenginan kaya ibering laron
kumleyang
Njur mobat-mabit
Njalari ari tansaya konjem ing perih
Ning siji sing aja lali
Tansah sumendhe mring garising pesthi
Ora selawase peteng iku seneng ngancani
Jalaran wengi bakal tumuju esuk kang kencar
Mbusek sekabehing susah dadi rasa kang bungah.
6.JAREMU
Jaremu..
abot kayangapa
Sliramu Bakal saguh anggiring mega
kareben langit ora manggih rubeda
Panggah rupa biru
senajan mendhung angreridhu
Yagene njur lali?
Kaya lagi wingi wae
sliramu kandha Ning Saiki wis cidra ing janji
Jebule langit kae
Ora selawase biru
Kabeh lelakon iki
Ora dakgetuni
Aku kudu Kuwat mrangguli
Senajan kudu ngampah dhuhkita
Jroning dhadha.
7.AJA SENENG DOLANAN
dunya iki papan ampiran
kanggo golek sangu mbesuk
sowan gusti pangeran
mula salugune wong urip
ora usah kakehan polah
aja seneng dolanan
Njur lali dununge kebecikan
Ing Kana nguja kesrakahan
Ing kene seneng ngrikiti laci aji
Ing ngarep seneng awu-awu
Ing mburi malah
Ongkrah-ongkrah
Samubarang dadi mblangkrah
Sing ati-ati
Yen luput tundhane keblasak ing
luwangan
manungsa iku bakal
ngundhuh kang tinandur
sapa wae....
salah bakal seleh
lan sing ijir bakale kacicir
bisaa dadi wong pinter
nanging aja keminter
supaya urip ora keblinger.
8.DALAN PAVING
Biyen nalika aku cilik
sadawane dalan iki
rupa galengan
yen pinuju wanci udan
budhal sekolah sepatu dadi
cangkingan
durung ana listrik
yen sinau kekancan ublik
uga swara jangkrik ngerik
yen bengi bubar ngaji
ndhepipis pengin ndelok tipi
ing terase mbahkaji
padha ngenteni serial filem
boneka si unyil
gegojegan
poyok-poyok'an
tanpa rikuh
Guyub rukun tanpa congkrahan padha uber-uberan
ngoyak konang-konang
saiki wis beda
omah-omah wis rapet
sawah mung bisa dietung driji
Manjila omah Gedhong magrong-magrong
yen bengi wis padhang njingglang
dalane kabeh wis pavingan
sing kari amung crita
Kenangan gupak linet ing dalan iki
Uga polahe wong sing anteng kitiran
Saben Dina diuber wektu
Nggolek kebutuhan urip
muga wae isih ana grapyak semanake
sing padha liwat ing dalan kene.
9.NGUNDHA LAYANGAN
Ing ara-ara amba
nalika ketiga ngerak
ana bocah angon
ngundang barat gedhe
ngundha layangan
aku mesem
krungu tembang kekidungan
Gemerah pepayon langit biru
rinengga mega sesulak jingga
srengenge nyedhaki angslup
layangan isih anteng mbrengengeng
tangan-tangan kasar ngulur
kenur
anteng sowangane
iki kang tinemu
ing desaku...
ngudang
benang lan layangan
enom tuwa suka parisuka
isih taksawang jembare
tawang
benang lan dluwang abang
oyak-oyakan
atiku ayem
ndesaku katon tentrem.
10.AJA KUMINGSUN
Akeh wong pinter
ning Ora ngerti dununge bener
Pikolehe dadi muspra tanpa guna
ora selaras
Marang tatanan kang dadi paugeran urip bebrayan
Seneng nggugu penemu pribadhi
Rumangsa wis paling apik dhewe
Njur Nyepele liyan tanpa ana sungkan
Lali Yen Urip iku pindha mutering rodha
Kabeh nut ilining garis panguripan
Aja kumingsun
Dimen Ora nandhang getun.
11.ENDAHING TRESNA
Isih daksimpen endahing crita
Nalika sasi Desember selawe taun kawuri
sorot netramu
Kang Kebak rasa asih
Madhangi jiwa Iki
Dadi punjering rasa tentrem
Katrem jroning katresnan jati
Marang panjenengan kang Tansah lelewa ing netra
Dremejeg kumanthil ana lariking idep
Esem sumeh aweh pangayom mring Nala
Kanthi kebak pengareb Muga selawase bisa Tansah sumandhing kebak kembang Tresna
Ing sarina lan sawengine
Ing selaning mega seta
Dakcenthelake gurit alit
Senajan mung Njlarit
Muga bisa dadi
Pepaesing langit senajan ya durung bisa lungit.
12. ING TRITIS DALU
Sapungkure grimis ing Tritis dalu
Ing walik cendhela sinawang teja manther ing dhuwur papringan
Kaendahan langit kang banget Anyengsemi..
Sunar kartika sumebyar
Amadhangi Tawang
Angin semilir anjalari atising raga
kemlisiking rasa
Nggugah kenangan kalungse
Ana wewayanganmu dumadakan nothog korine kapang
Grimis kacicir ing kaca cendhela Katon kusem
Bareng ibering angen kang tansaya peteng.
13.KEMBANG TRESNA
Kembang ing taman katresnan
Amrik angambar arum
Dadi kelangenan kang Peni
Ndlidir rasa bungah kang dakpondhong
Ing lengen kiwa lan tengen
Adhem lan tentrem adoh saka lelara ati
Ing gubuk pojok taman
Tinatah gambar godhong waru
Papan pangiyuban saka panas lan udan
Ing Kono ana sih katresnan sejati
Kebak abyore kembang Tresna.
14.WENGI KLAWU
Wengi Iki...
Pandom wektu kaya mandheg ing mripatku
Engga lingsir dalu
Tan owah mung sedheku
Ngluwari rasa kang nggubel kalbu
Njalari Tatu tansaya jeru
Wengi tansaya klawu
Wewayanganmu Tansah angreridhu.
15. KABAGYAN URIP
Kebagyan urip
ora mung ing gebyare lair
Ning satemene mapan ing ati kang sumèlèh
Lan tansah sarèh
Samubarang ora perlu grusa grusu
Ngupaya landheping pikir
Tetep ngesuh weninge ati lan batin.
16. NGGAYUH MUKTI WIBAWA
Samubarang sing diarani mukti
Bakal dioyak awan lan bengi
Ora perduli adohe jangkah
Uga suku-suku kebak tatu gobrah
Njegal ngareb lan mburi
Nyikut kiwa lan tengen
Senajan dalane kebak watu lancip
Ora dadi pepalang
Mung siji sing dadi tujuwan
Sarwa ginayuh Urip mukti wibawa
Ning Yen gelem nintingi Kanti Wening
Mesthine dalané kudu sing bener
Dimen Urip kebak berkah barokah
aja Nganti lali mring larangan lan prentahe Gusti.
17. AKEH WONG LAMIS
Tansah waspada
yen dumunung ana alas lathi
Saiki akeh sing memba-memba apik
Lamis dadi sandhangan sesrawungan
Kaya wis lumrah
Jroning kekancan
akeh wong seneng lelamisan
Wong sing apik dadi ketampik
wong atine ala malah ketampa
mbokmenawa jamane wis tuwa
Angel mbedaake sing burus lan sing mung apus-apus.
18.DAMAR JRONING JIWA
Ngurupa damar
jroning jiwa
kareben tansah sumunar
Amadhangi ing sadawane laku
Senajan kelipe mung saktlenik
Ngreksa wijiling rasa...
Nuntun laku
Ngupaya alusing rasa.
19.ATI KANG MENEP
Ati kang menep iku ora gampang kebrongot nesu
Samubarang ucap lan tingkah laku
Tansah nglewati kumlisiking pikir
Kabeh nganggo alusing Budi pekerti
Ngerti empan lan papan
Dadi Ora grusa-grusu
Duweni tata Krama kang dadi tetenger Edi
Sesuluh tiyang Jawi.
20. PEPELING
Saben wong tuwa
Mesthi Duweni tutur kang becik Kanggo putra wayah
Piye supaya kalis saka memala
Uga wus paring pepeling
Lumantar tutur utawa unen-unen
Sing sapa gelem ngecakake ing
Urip sapadinane..
Mesthi bakal nemahi slamet
Ora kedhungsangan lali paugeran.
21.SEKAR ANGGREK
Resep ing kedhep netra
Kapaes soroting bagaskara
Manjila manda jingga
Sekar kang amrik...
nyebar greged nlesep jroning jiwa
Maturnuwun Gusti sedaya anugerah paduka
Sekar anggrek nedhenge mekar
Ing plataran omahku sing cekli....
Bungah banget Dina iki
Pindha ati kang seneng nandur kebecikan
Gawe betah jroning sesrawungan .
22 HAWA NAPSU
Urube hawa napsu iku
Tansah ajak-ajak
Ngedohi kesaenan
Ngedohi ing kabecikan
Ngedohi kautaman
Yen lena bisa mbranangake ati
mburu kamukten
nggayuh bandha donya
Kanthi laku ngiwa
Ora preduli senajan gawe kapitunan liyan
Betheke tujuwane bisa klakon ing gegeman.
23.TIPAK KANG BECIK
Sinau marang kedadeyan urip
Kang nuntun ing pangerten luhur
Bisa tansah manggih ing margi leres
Kanthi pangati-ati luwih permati
Murih Ora sembrana ing pecak jangkah
Eman yen urip mung digawe dolanan
Umpama mlaku kudu bisa duweni
Tipak kang becik
bisa gawe aruming asma
Lan bisa manfaati mring sesami.
24.MEMITRAN ING JAGAD MAYA
Endahing tembung kang rinonce
Pinaes asri Ing tritis esuk
Pindha sekar nedhenge mekar
Ngambar aruming sastra
Nyebar rasa pangrasa
Medhar sasmita kang sinandhi
Kirim warta rinengga
Katur para sumitra
kekancan Ing jagad maya
Kebak esem lan tutur pamrayogi
Ngunggar semangat kang lagi sedhih
Uga Gegojegan ngraketake paseduluran tanpa Winates Drajad pangkat
Anane mung seneng lan regeng.
25.EDINING SASTRA JAWI
Daktimba saka edhuming rasa
Nalika reroncening ukara
Mili saka bening kaca maya
Esem kasungging maesi ati
Basa kang tinata edi
Rerenggan sastra milangoni
Mumpung driji saguh nyebar wiji
Nenandhur ing larikan sangu leladi
Senajan mung RupaTembung alit
Pengin dakjejer Kanthi bungahing ati
Dakpisungsungake mring panjenengan ingkang remen nyawang njur kepranan mring edining sastra Jawi.
26. REJANING JAMAN
Mugi tansah pinaringan eling
Marang ati sing lagi ginulung
Ing rejaning jaman
Akeh sing Kedhungsangan
Polahe anteng kitiran
Kemrungsung ...
Karep-karep cementhel ing sadawane dalan
Pindha mangsa rendheng
Ngreceh ...
Tanpa leren.
27.DALAN KANUGRAHAN
Ngupadi rejeki iku pancen diwenangake mring sapa wae
Kanthi ihktiyar sing temen
Siji sing Wigati
aja lali mring panembahe
uga bisa welas asih mring sapadha-padha
Seneng dana weweh
Marang sing kesrakat
Patrap sing ngono iku
Bisa ndudut langit
Muga bisa mbukak kanugrahan
Gusti Allah bakal paring kabungahan tanpa kanyana... aamin
28. ORA GAMPANG NESU
Duweni ati resik
iku ora gampang nesu
Ing dhadhane ana papan kang jembar lan adhem
yen katemben kagubel masalah
Ora kesusu gawe keputusan
Bisa ngleremake pikiran
Eman-eman yen dinane kebak uring-uringan mbuwang tenaga muspra
Mesema ya.....
29.ATI LEJAR
Aja rumangsa dadi wong sing susah dhewe
Isih akeh sing luwih susah uripe
Sandhungan sing dadi panandhang
Anggep wae pacoban
sing bakal nguwatake kateguhan dhiri
Aja Mikir ngenani sing durung klakon
Sejatine malah ngribeti pikir
Dilakoni apa sing saiki dadi jejibahan
mengkone bisa ndadekake ati lejar
Bawera padhang jingglang.
30.SING TATAG ATI
Ing donya iki
Prakara susah lan bungah
wis dadi sandhangane ngaurip
tetepa duweni kateguhan iman
Aja miyar-miyur
Sing tatag atine
Apa maneh mung masalah sepele
Lelakon wingi
sing ora nyenengake
bisaa dadi pangilon
Mecaki dalane urip
Sing ora selawase lempeng
akeh enggok-enggokan
Tetep ati-ati lan waspada
Siji sing aja lali
Nglodhangake wektu
Kanggo mawas dhiri
Apa kang ndadekake ati butheg
enggal diresiki kanthi istiqomah
Mbokmenawa
bisa ngilangi sanggan jroning ati...
Yen Urip tansah eklas
ngayahi samubarang gawe
Praupan mesthi Katon Adhem ora gampang ngersula
Tansah sumendhe marang ridhone Gusti ngajab kanugrahan Gusti.
31.MAHARGYA DINTEN IBU
Ing tumapaking Bagaskara wanci esuk
Bun ing kudhup melathi nyawur ganda Arum
Anyarengi pecak jangkah tumuju paseban agung
Esem maesi Pasuryan kang ayu sumunar
Ing saben mlebu metu napas
tansah rinoncen donga
wilanganig pangucap
kebak rasa welas asih
solahbawa tan ginawe
prasaja satemah gawe rena
menika kang aran ibu...
jiwa cumadhong mring panandhang
kebak rasa panarima
teteg teguhing tekad pindha obor
Makantar madhangi jiwa
anjalari tentrem pangrasa
sabda kawedhar winungkus donga
ibu....
ing asta panjenengan
rinipta santosaning jiwa lan raga
tangguh ngadhep maneka lelakon ngaurip
ibu....
sembah sungkem
Lan taklim tansah katur ing pangkon panjenengan
Srikandhi kang gawe bombonging
Manah
widodarine garwa lan para putra.
32.WIS KUSEM
iki dudu paukuman
iki mung palereman
kang lagi sanjan
gregede rasa
krentege ati
iki mung pepindhane ngimpi
ing margi
kang kebak cobi
atis kinudangan wengi
oyak-ayik mlintir ing kekesing ati
wewayangan larik-larik
sesalipan mring waspaku
kaya wis kusem
sinempyok awu
Luntur...
sinempyok lamur
wis kusem
kucem tanpa esem
**
PANJEBAR SEMANGAT
NO.28 JUNI 2012
33.KEMBANG KANTHIL
Kembang ing plataran
Sawetara tanpa siniram garing tan ginape
Nganti seprana-seprene alum rontog godhonge
brindhil kaya urip kepencil
ketiga ngerak sambate ngelak ngeres dening bledhug
keterak angin tansaya montang-manting
Nyidham tumetesing banyu udan
ora kanyana ana grimis esuk sore katon seger trubus godhonge
Njenggelek... mekrok kembange ngganda wangi dadi kembang kanthile ati.
34.KECANTHOL
Pucuk slendhang kecanthol ing petengan
Suwek katon ing pepadhang
Taktangisi mbrebes mili nglangut ing pandulu
perih dening dom kang anjalari tatu
Takcabut dom iki senajan isih nunjem ati
kanggo dondom pucuk slendhangku
Sinambi ngudal bolah
kanggo ngrajut pucuk slendhang kang bedhah.
35.Tinandur asri
ing tegal maya
taksiram saben dina
takgelar ing larik-larik ukara
mujudake ana endahe nala
guritku wiwit kembang
katon trubus sinawang
dakajap bisa ngrembuyung
mekar angambar
arum..
Ing saben mangsa.
**
Panjebar Semangat
No.4 -26 Januari 2013
36.KAPANG
Kapang tumangsang
ing pang-pang pring ori
gemrisik gegodhongan
ngudhal sepi
lelamunan ngulandara
batin tansah kandha
aku kudu bisa
ngliwati rasa iki
rasa kapang
kang tanpa pinggir.
**
Penjebar Semangat
No.44 / 3 nopember 2012
Mugi manfaat katur Sedaya pamaos.. maturnuwun 😍
ALAMAT:
Lestari Sahsa Malika
RT4 RW 01 BAREK
NGADILUHUR BALEN BOJONEGORO
081252741804