Kamis, 27 Juli 2017

PIWULANG BECIK SAKA LELUHUR JAWA

PIWULANG BECIK SAKA LELUHUR JAWA

nglakoni urip tumraping manungsa ana ing ngalam donya.
kudu Fokus tumuju nglakoni urip sing bener, becik lan pener murih 
bisa ‘titis ing pati’. '
Titis ing pati’ tegese ora ngrembuk suwarga lan neraka. nanging luwih tumuju bisa ngulihake sakabehing ‘unsur-unsur’ kang mangun wujuding ‘manungsa urip’ marang sumbere dhewe-dhewe kanthi sampurna. 
kang maune ‘wujud’ ninggala jeneng kang becik kang bisa tinulad dening turas (anak turune).

piwulang Jawa luwih migatekake babagan urip bebarengan karo sakabehing titah. 
kanyatan kang ora bisa dibantah
menawa manungsa ora bisa urip ijen,
 nanging kudu bebarengan karo manungsa liyane lan sakabehing titah kang manggon ing alam donya kene iki. Holistik, 
mangkono anggone para ahli menehi tenger marang wawasan (falsafah) Jawa iki. 
Karepe, menawa sakabehing ‘kang ana’ ing alam semesta iki ana sesambungane sacara ‘kosmis-magis’.
 Kang mangkene iki tumrape wong Jawa sejatine wis mbalung sungsum dadi otot bayu.
 Karepe, wis dadi ‘naluri dasar’ kanggone wong Jawa.
Piwulang Jawa kang wujud ngelmu lan laku tumangkare wiwit saka sumber asal biyen-biyene nganti tumekane jaman saiki ora sarana anane ‘sistim pendidikan’.
 Mung sarana gethok tular ing antarane ‘sesepuh’ marang generasi bacute. Nanging pilih-pilih marang sing bisa
ditulari kawruh. 

Mulane saya suwe saya tipis lan terasing saka wong Jawa dhewe.
 Malah-malah saking ora ngertine lan kebacut nyecep kawruh saka kabudayan lan peradaban anyar/globalisasi,banjur nganggep ngelmu lan laku Jawa iku mung gegayutan karo olah kebatinan. Sing ekstrim banjur ngarani yen klenik, tahayul lan gugon tuhon.

Kemajuan jaman ing wektu iki ndadekake manungsa mundhak pinter lan mulur nalare. 
Mula yen ngadhepi bab-bab sing kurang ‘nalar’ padha ora tertarik. kabeh-kabeh dianggep kudu logika penalaran kang klebu akal. 
Yen ora, dianggep omong kosong nggedebus..
Apamaneh tuntutan kanggo ‘survive’ ing jaman saiki butuh ‘segala daya’. jlentrehe, wektu iki ana ‘pergerakan’ peradaban tumraping manungsa sak jagad. Owah-owahan kang dumadi rikat banget lan akeh wong sing ‘bengong’ semlengeren ora gaduk nalare kanggo ‘memahami’.

 Sing operasional kari ‘naluri defensif’ supaya tetep ‘survive’.
 Kabeh butuh urip kang maton miturut undheran wedhatama:
 1.kecukupan kebutuhan sandhang-pangan-papan  (kerta utawa arta),
 2.kajen keringan ing tengahing bebrayan (wirya) 
 3.pinunjul ngelmu lan kawruhe (winasis).

Menawa salah siji bab tetelu mau ora diduweni banjur banget nisthane kang diupamakake
 ‘luwih aji godhong jati aking’. 
Senajan diskripsi underane kebutuhan urip wis cetha diterangake, 
nanging kanyatane ora saben uwong bisa nggayuh kanthi sampurna. 
Ing tengahing masyarakat ana sing sugih ning ya ana sing mlarat banget. 
Ana sing bisa dadi panutaning liyan (nggayuh kawiryan) nanging ana sing dadi ‘memalaning bebrayan’. 
Ana sing pinter, nanging ya akeh sing bodho.

Kabeh prabedaning manungsa sing siji lan liyane kanyatane ana ing tenghing masyarakat. 
Mula ana ‘potensi ketegangan’ kang ora ana enteke.
Mbok menawa wae sakabehing ajaran agama lan ideologi kang lair ing donya iki salah siji tujuwane kanggo ngawekani murih rukune manungsa. 
Potensi ketegangan diredam nganggo hukum negara, adat, ajaran agama lan etika moral liyane. 
semono uga ngelmu lan laku Jawa uga duwe tujuwan kanggo gawe tata tentrem kerta raharjaning bebrayan. 
Mung wae, cara Jawa iku luwih tumuju marang rekadaya nata ‘kesadaran’ batine manungsa katimbang gawe hukum-hukum kang ngatur tumindake saben manungsa ing bebrayane.
 Ya kanggo nata ‘kesadaran’ iku anane ngelmu lan laku ana ing piwulang Jawa. 

Pitakone, apa ngelmu lan laku Jawa isih relevan kanggo ngadhepi persoalan urip ing jaman globalisasi wektu iki ?

Nilai-nilai budaya lan peradabane manungsa pancen owah gingsir manut jaman kelakone. 
Ngelmu lan laku kang ana ing piwulang Jawa wernane akeh lan duwe piguna dhewe-dhewe. 
nanging umume, gunane kanggo kepentingan urip. 
Kamangka wateking manungsa urip uga werna-werna. 
Ana sing ‘becik-bener-pener’ kanggo kepentingane urip bebarengan, 
nanging ya akeh sing ‘ala-salah-ngawur’ sing ngrusak bebrayan.

Anehe, ngelmu lan laku kanggo kekarone ya ana kabeh 
Kabeh pancadane kanggo sangu nglakoni urip.

Muga-muga Gusti Kang Murbeng Dumadi tansah paring kekuwatan lan kesabaran ngadhepi owah-owahan donya sing sarwa maju.

sumber: piwulang jawa
Lestari Sahsa Malika,280717

Tidak ada komentar:

Posting Komentar