Jumat, 28 Juli 2017
KESEL
KESEL
.
Marang raga
sing saiki krasa lungkrah
aja kebacut olehmu sambat
iki lho...
takkanthi ing papan refresh
kareben seger lan semangat
mripatmu katon arip
pindha damar mendrip-mendrip
embuh wis pira jangkah sing kaliwati
warr..weerrrr
pungkasane kesel nglumpuk dadi siji
muga wae enggal saras bali kaya wingi
ora ana balung linu otot nyeri
*
lumrahe....urip ing padesan
tulung-tinulung rewang tangga
dadi among tamu gilir gumanti
alhamdulilah...
maturnuwun Gusti sedaya anugerahipun
arupi tangga lan sedulur ingkang sae.
guyup lan rukun sabendinane
.
* refresh...
Lestari Sahsa Malika
130717
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar