Selasa, 11 April 2017

RASA PANGRASA .

RASA PANGRASA
.
Lungkrah sakabehing rasa s
umarah anyekseni Nuswantara
Wus owah saka berkah
Dadi papan dhangkaning pancabakah
obah ...
owah ...
kaya-kaya ya wis susah
nandhang lungkrah
malah dadi bubrah
Rumangsa wis ora saguh yen kudu tetep puguh
Mikukuh ....
angrengkuh ...
tata raharjaning laku kang rinasa rubuh.
~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~


nuwunsewu bapak lan ibu...
kula ingkang sarwa cubluk ing panggrahita keparenga ngetut lampah saparan-paran, tambuh lenging sedya anyambungi laksitaning carita amadosi tetalining gesang. mboten kok ateges udud cekak neges-negesi punapa dene cumantaka angguroni piyantun sepuh kanthi kekudhung carita mawi kalodhangan punika.
.
Wus kocap kacarita menawa manungsa iki pancen diwenangakake duwe karep nggayuh rejaning donya lan bandha. Ananging sing kudu ora kena dilalekake ya polah kang datan kapradhah, kosok wangsuleipun ya kudu manut marang krenteging batin kang resik sakjroning ati, ora gampang katut marang dayaning lair, ora ngaji mumpung ing kamurkan supaya kita bisa nggayuh rahayuning wiwitan lan pungkasan. .
Katentreman dumunung ana ing rasa. Rasa tentrem tegese rasa kang sumeleh, rasa kang ora gawe kisruh ing kalairan liyan.
Rasa pangrasa kudu dijaga utamane kanggo para priyangga pranata bangsa iki, jalaran kabeh mau ing temah ya bakalan den suwuni pertanggungjawaban dening Gusti . Tindak, polah lan pocap apa kang wus sira tindakakake? Ngemu babagan kang migunani lan ngemu manfaat kanggo para nayaga apa malah dadi srimpet lan rubet ruweting laku para kawula. Sejatining Priyangga kang kacipta kanthi paedah lumahing asta anyenyadhong amanah wus diwajibake mituhu, datan kena nerak sarak amrih prasaja lan sentosaning swasana. Ananging yen kita bisa angrasakakake kabeh iku mau jebul wus oncat saka penggalih para pranata pengemban dhawuhing bangsa. Ora ana babar pisan olah rasa pangrasa uga olah pikir menawa kudu migunakakake usus kang dawa kanggo nggulawenthah kahanan kang wus kebacut ora tata iki. Kepara malah amung bandha-donya kang dadi tujuwan, dene  kang kanggo tedheng aling-aling ya babagan urip lan uga panguripan. Urip lan panguripan kang amung di ibaratake mampir ngombe.
Nyuwun sewu sakderengipun, kang aran panguripan iku ora kena diselaki menawa amung winates ana ing manungsa wae,
dene kewan lan uga tetuwuhan dadi piwulang sing kudu ditampa amarga kabeh nate den tampa lan uga den weruhi, ketok cetha wela-wela.
Kabeh kang gumelar ana ing jagad iki ya kadunungan urip. Lemah, banyu, geni, angin, srengenge iya bisa mobah mosik amarga kadunungan urip. asal muasal miturut carita kang ana ya amung awang-uwung. Sing urip mbutuhake wadhah awujud jagad gumelar iki. Urip tanpa wadhah senadyan tetep bisa mobah mosik ananging prasasat kesampar-kesandhung tanpa aji. Semana uga si wadhah, prasasat tanpa aji manawa wus diponcati denning isi, iya urip iki wus ora bisa mobah mosik malah kepara banjur malih dadi bathang. Mula sak kloron ing antarane urip lan wadhah iku wus kegaris tansah silih sinilihan samad sinamadan. Minangka wadhahing urip kang suci mesthine manungsa bisa anindakakake sakabehing laku kang suci.
.
Bisaa wengku-winengku, mong-kinemong, ora malah padha sikut-sikutan utawa jothakan.
Yen urip kang dumunung ing manungsa kuwi banjur diombang-ambingke, wadhah diwengku dening rasa kang ala, lha iki jenenge ora ngajeni, si isi dadi ilang regane dadi ora ana ajine. Kamangka manungsa tumitah ing ngalam donya iku kudune bisaa dadi wali, kang ngemu teges tingkah laku kang apik aja diuwali , aja nganti uwal saka rasa kang suci resik. Raga yen wis ora dikanggoake dening si urip, ya bakalan mung ditinggal glanggang kaya wong boyongan omah, omahe sing ditinggal.
Lamun ewa semana kang nggulawenthah ya tetep si urip, ora ana liya ya jalma kang isih kadunungan urip iki. Jalma limpat seprapat tamat, manungsa asale saka lemah bakal bali menyang lemah, ananging aja dianggep lemah kuwi mati. Lha yen lemah kuwi mati rak ya ora bisa nguripi tanduran, mula manungsa iki ora bisa uwal saka urip sanadyan wis tilar. urip iku ya sing bisa nguripi panguripan .
Pawiwitan ana ing ngisor tumancep ing lemah kang mawa banyu, ing nduwur diuripi dening srengenge lan angin. Manungsa nandur pari, jagung, tela lan liyane  bisa tuwuh lan metu wohe kang ngemu paedah supaya bisa kanggo pangupajiwa uga panguripane tumrap manungsa iki. Kasunyatan yen disawang uripe kewan iya beda karo uripe jalma-manungsa ananging yen banjur disawang kanthi jlentrehan kang utama lan seksama sejatine sing beda iku dudu uripe ananging amung awujud glegere lan uga pikire.
Amarga saka iku mula ya kudu bisa ambedakake. Endi polah lan tingkah kewan kang tanpa pikir uga rasa tresna, lan endi ta jalma-manungsa sing wus sak mesthine bisa eling marang sak padha-padhaning jalma.
.
Ubenging kahanan ing alam donya tansah kawetu ana ing wolak-waliking tetembungan kaya iku mau. Manungsa urip ana ing alam ndonya iki ora amung dhewekan, kaya dene sing dikersakake lan den ngendikakake dening Gusti, kabeh iku kacipta kanthi pasang-pasangan, mula ya padha elinga....
marang pesthine Gusti Kang Murbeng Dumadi. Wusana kudu bisa ngowahi laku ,
milah lan milih endi kang becik lan endi kang ala. Dene tindak mengos lan nggragas sing dadi polah tingkahe para Nalendra pangurusing bangsa iku mau ya aja nganti ditiru lan bisaa kenceng lan amanah ngemban jejibahan nata kawula.
.
sumber: *) Piwulang urip rasa pangrasa
010517

Tidak ada komentar:

Posting Komentar