Senin, 26 Desember 2016

PITUTUR BECIK (BUNDA SAHSA)



@.nggampangke lan nyepelekna pituture wong tuwa ,
Senajan cerewet lan juweh yen gelem nggugu
muga wae bakal nuntun ing padhange kalbu.
aja nganti yen wis keblasuk ing dalan salah lagi krasa lan sambat marang wong tuwa.
mulane sadurunge nindakake samubarang iku dipikir dhisik
Aja nganti getun mburi.
dadi ora merga wong tuwa iku gething
Ning mung kepengin para putra tansah ing karahayon..
.
Bunda sahsa
11 Oktober 2015
 ======================================================

@ kadhang nglegakne wektu kanggo ngrungokake swara batin iku perlu banget.
kareben bisa tansah mawas dhiri lan bisa nyelarasake antarane angen-angen karo kanyatan .
ing kene iki mbokmenawa luwih bisa menebake batin lan nggayuh ketentremane ati..
.
#jenengku lestari
Sesingklon Denok Ayu
9 Oktober 2015 pukul 8:55

=======================================================

@ nglakoni sembarang gawe iku kudu diselarasake karo kemampuan awake dhewe.
jalaran ora kabeh penggaweyan iku bisa ditandangi,ya manut kekuwatane awak.
yen mung kemrungsung nguber pikolehe malah kabeh ora kecandhak.
aja ngangsa-angsa dupeh awak rosa samubarang diayahi ning malah ora ana asil sing aji.
.
#jenengku lestari
Sesingklon denok tary
9 Oktober 2015

=======================================================

~tansah elinga marang jaman susah nalika lara lapa ngupaya dalane urip sing luwih mulya kanthi sregep makarya nganti saiki wis bisa ngrasakne urip sing kepenak ora kurang sawiji apa.
mula mesthine saiki bisa ndherek ngrasakne uripe liyan sing kesrakat aja eman dana weweh lan sabiyantu sakbisane iku uga mujudake rasa syukur marang Gusti sing Maha Welas lan Asih.
.
#jenengku lestari
Sesingklon bunda sahsa




Tidak ada komentar:

Posting Komentar