Wong Jawa duwe pitutur luhur:
#aja cedhak kebo gupak.
yen cedhak suwe-suwe ora wurung bisa gupak.tegese.....
Aja srawung karo wong sing seneng tumindak ala, mundhak ketularan alane.
.
** sinau budi pakarti.
========================================================
@Para luhur paring pepeiling kanthi tetembungan :
ilmu tanpa laku kadya jemparing tanpa bedor
Senadyan tumama ananging datan nrabas .
.
Ilmu tanpa laku , tegese ;
ilmu kang tanpa wujud anane pengabdian kanggo masarakat, bakal tanpa guna.
Bocah-bocah tanpa perlu dibedak bedakake anane sing sugih utawa sing mlarat, pinter utawa bodho, kabeh dipadhakake kanggo ngoyak kasampurnaning urip.
=======================================================
@aja gegetunan sing tundhane mung ngrusak pikiran.
apa kang dadi sanggane ati kudu enggal dikipatake.
njur piye carane supaya bisa nampa kaunyataning urip kanthi legawa?
.
pancen ora gampang kudu dilatih, tansah sinau mangerteni gejala-gejalane lan bisa antisipasi sikep lan bathin.
.
Dadi cara wong kang tiba dhumawah ing luwangan bisa diarah-arah tibane ora kudu mlumah njrebabah nebani bantala apameneh bisa krungkeb ajur sewalang walang.
Kanthi mangkono ora bakal kena ing kapitunan kang gedhe.
.
#instropeksi
=====================================================
@@ dina iku nggawa critane dhewe
saben wong iku ya ngalami
kahanan sing ora kanyana.
kadhang bungah kadhang uga susah.
mula kahanan sing owah gingsir kudu diadhepi kanthi ati sumeleh kaya iline banyu kali.
Ngalir ana ing wiramane dewe
ora nyaruwe babar blas apa maneh manut karo kekarepane manungsa.
.
Kahanane urip penak ing dinamika.
Ana kedadean kang ora diarep arep nanging malah nemoni,
nanging sing diarep arep malah ora kasembadan.
.
Akeh kedadean ing urip kang digetuni amarga kita duwe pangangen,
sing dhuwur. ..
yen sing ditemoni adoh saka pangangen banjur getun kepara emoh nampa kasunyatan.
Kamangka sak nyatane ora kabeh gegadhangane manungsa iku bisa keturutan lan kelaksanan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar