Sabtu, 17 Desember 2016
KUMPULAN CATHETAN "TRITIS WEKTU"
KUMPULAN CATHETAN
"TRITIS WEKTU"
★
1.Samubarang sing njalari pikiran ruwet iku enggal di kipatne,
ora usah ngambra-ambra sing digagas.
luwih becik ngrampungke pakaryan kanthi semangat..
**Bunda sahsa
15 November pukul 3:40
★
2.wong urip ing bebrayan iku ukurane mulya ora mung merga ketunggon bandha donya wae,ning uga rasa tentrem ing sabendinane.
lan tentrem iku mapan ing jroning atine dhewe.
sok sapa wae sing tansah syukur marang Gustine,mesthi ora keweden bakal ngalami kasangsaran.
akeh pralambang urip ing sakiwa tengen kita sing bisa kanggo pangilon ,yen ta gelem titen lan landhep ing panggrahita mesthi luwih bisa metik hikmahe kanggo bahan instropeksi lan ngati-ati.
.
**bunda sahsa
22 November pukul 3:47 · Teman
★
3.Yen ana kesempatan wektu kanggo ndandani prilaku kang sasuwene kaanggep kliru
aja diendhe-endhe
enggal...katindakake
ora ana samubarang ing donya iki sing jenenge kasep utawa wis kadung...
kabeh wong bisa *berubah luwih apik maneh sauger duweni semangat lan greged gelem ngudi undhakaning kawruh lan mesthi wae bakal dadi pribadi sing luwih wicaksana.
.
**bunda sahsa
22 November pukul 3:39 ·
★
4.unen-unen jare urip mung mampir ngombe kuwi ya ora selawase cocok...
merga nek perlu ya mangan,mbungkus
,ngrampok
perkara salah apa bener jare urusan mburi,
Sing penting sinedya karepe
mulya uripe..
ra ketang bar-barane dhedhel dhuwel endhang-endheng ra karuan dadi rasanan lan tontonan wong sak pirang-pirang
entek-entekane mung ngeler wirang ...
.
Bunda sahsa
12 November pukul 4:22
★
5.Lakoning manungsa pancen owah gingsir
Lan akeh kedadeyan sing kadhang ora dinuga.
wingi bungah saiki ora kanyana bisa susah.
kaendahan alam kang ginelar ing sakiwa tengen kita
Bisa dadi colok madhangi ati
Kang nembe ruwet.
sorote srengenge esuk
kedhepe kartika sing kerlap-kerlip
Kemriciking banyu bening mili
sarta aruming kembang lan ijo gegodhongan
yen kita gelem ngematake bisa ngresepake ati lan mbenigake pikiran.
saengga nuwuhake wirama bungah sing angel digambarake.
bisa nuwuhake greged anyar
sawise awak sayah pikiran lungkrah
Ngadhepi rutinitas penggaweyan sing banget meres uteg ing sapadinan.
.
urip ing jaman saiki kanthi maneka masalah
kudu pinter-pinter nata ati,milah lan milih kanthi cerdas
amrih pikiran bisa adhem lan ayem.
perlu duweni keseimbangan antarane kebutuhan lair lan batin.
.
**BUNDA SAHSA
9 November pukul 12:21
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar