WONG JAWA ILANG JAWANE IKU SING KEPIYE TA ?
Ing sesrawungan kadhang ana unen-unen jare wong Jawa iku akeh sing ilang Jawane?
genahe piye ya?
miturut sumber sing tau takwaca
ilang Jawane tegese ilang sifat-sifat lan kepribadian kejawanane. Yen wis ilang Jawane sembarang tingkahe lan pangucape yo wis dudu wong Jawa maneh.
"Wong jawa ilang jawane "
bisa uga ditegesi wong jawa sing wis kelangan jati dhirine minangka wong jawa.
katitik saka tingkah laku uga kesopanan sing dadi ciri khase wong jawa.
sing kondhang duweni tata krama lan trapsila kang sopan / alus
ngecakake unggah-ungguhing basa ing sesrawungan kanthi trep.
Banjur wong Jawa sing wis adoh saka jawane iku dadi wong jawa sing piye ?
Wong Jawa diarani Jawa amarga nduweni sifat lan ciri-ciri sing isih dicak'ake ing bebrayan
contone :
wong Jawa iku ing sapadinane isih seneng migunaake basa ibu yaiku basa Jawa,
isih seneng kesenian, tradisi lan kabudayan Jawa.
yen wis ora bisa basa Jawa, ora ngerti tradisi lan kesenian Jawa, ora tepung karo kabudayan Jawa, “gaya hidup”-e wis ora kaya saklumrahe wong Jawa,
apa ya isih bisa diarani wong Jawa?
.
ya kena wae ngaku wong jawa
merga ora bisa kaselaki yen katilik saka asal muasale pancen anak-putune wong Jawa, mesthine ya isih dianggep tetep wong Jawa.
senajan lunga adoh tekan negeri manca,wong saka jawa iku tengerane ya gampang : kulite sawo mateng, rambute ireng lurus, irunge rodok pesek, lan liya-liyane.
Dene ngenani ciri khas liyane iku biyasane ing logat basa jawane terkadhang durung bisa ilang.
.
dadi kula lan panjenengan iki saiki akeh sing ngaku wong jawa ning ya mung *ngaku-aku wae..heeeee
yen pengin dadi wong jawa sing satemene iku bisa uga sarana sinau utawa liwat paguyuban,liwat kumpulan-kumpulan sing mbahas apa wae migunakake basa jawa,akeh ing medsos grup-grup kanthi slogan kang meneka warna ngenani endahe basa jawa sak pirang-pirang,cukup dadi anggota njur nyemak lan niteni,apa sing diwedhar para dwija senior lan pujangga jawa ingkang saben dina lewat ing beranda.
Tanpa sinau utawa srawung karo padha-padha wong Jawa, ya ora bisa basa jawa kanthi sae ,ya ora tepung karo kesenian Jawa.
nggih napa nggih..heeee wong Jawa sing digulawentah lan digedhekake ing kulawarga sing nengenake unggah-ungguh lan tata krama wong jawa,mesthi bakal dadi wong jawa satemene .
akeh uga wong Jawa sing urip ing satengahe bangsa lan kabudayaan liya, ya isih padha ngleluri kabudayane leluhure, upamane wong Jawa ing Suriname, wong Jawa ing daerah-daerah transmigrasi ing luwar Jawa.
Basa lan kabudayaan Jawa iku tansah ngrembaka lan owah-gingsir nut ing jaman kelakone.
.
Kabudayaan Jawa iku perlu diuri-uri supaya lestari lan isih tetep dadi warisan kanggo anak-putu, mung wae kabudayaan mau besuke mesthi wis beda karo kabudayaan Jawa saiki, nanging ora ateges menawa wong Jawa banjur ilang Jawane.
Ya mung “Jawane” wong Jawa besuk mbok menawa wis beda karo “jawane” wong Jawa saiki.
Pancen ana wae wong Jawa sing ora njawani, sauger wong Jawa iku isih ana, kajawaane mbokmenawa uga tetep isih ana,
.
★★dadi, tetembungan “wong Jawa ilang Jawane”iku bisa uga ditegesi
wong jawa sing kelangan sipat-sipate wong jawa utawa lali marang tata cara adat kesopanan lan unggah-ungguhing wong jawa. utawa wis ilang kemampuane ngudhari,ngonceki,negesi pralambang sinandi kang dumadi ing bebrayan jawa.
.
**mangga sami nguri-uri endahe basa jawa uga kabudayan jawa murih jawa-ne mau ora ilang lan ora adoh mlencenge...
.
lest sm,nov16
Tidak ada komentar:
Posting Komentar