NALIKA WENGI UDAN RIWIS-RIWIS
.
Wengi iki udan riwis-riwis
kaya wengi lan wengi sapungkure
aku isih nggegem pulpen tanpa mangsi
nglungut ing wates cendhela kaca
nalika grimis nitipake secuwil kenangan
yagene...rasaku dadi kagubel mendhung
kaya langit sing lagi wae nyuntak banyu bening
ing wektu iki...
aku mung pengin nulis
ngenani apa wae
ning dudu keploke tangan sing kelangan suwara
dudu sambate ati sing sayah nata gemuruhing dhadha
njur pengin dakjejer lan daktata dadi pepaesing nala
ing pereng ati sing tansah sepi
senajan aku ora ngerti
ing tembene apa bisa dadi prasasti
kanggo pepeling ing dina iki
.
rasaku dadi nglambrang
pindha kupu-kupu kanthi elar kang semplah
mabur nglewati tritis -tritis omah
menclok ing pang-pang rapuh
ing kalane nasak wit-wit dhuwur
engga ngawiyat ing akasa
ah....
miber - miber Tanpa rasa was-was
nuruti abure pangrasa
apa ya kaya tumurune grimis wengi iki?
sing kuwawa mulas langit
manjila pelangi kang endah ing dhuwur wuwungan omah
aku pengin banget bisa ngedhang deresing udan
kaya sore nalika srengenge meh wae agslup
takjumputi sawernaning ukara
njur dakronce dadi gurit kang endah
.
satemene aku pengin nyoba
nggurit ngenani klebate esemmu
ndadekake jenengmu sumber inspirasi
ing saben larik-larik puisi
Ning yagene kok mesthi kandhek
ing kalane napas iki dadi sesak
senajan sinedya kanvas kosong
kanggo nggambar endahe crita
tetep wae driji iki ora selawase bisa
mulas kaya kang dakimpi
mbokmemawa iku siji saka akehing anggit minangka dhiri sing ora sampurna
.
Terkadhang,
aku ndhedhipe wadul marang Gusti
mugi mbusek wates
sing njalari ati keweden
utawa saora-orane
ati iki dadi kuwat lan tegar
mecaki dina-dina bareng sliramu
senajan ya mung pindha rel kiwa lan tengen
.
merga aku ora lila
yen aku lan sliramu dadi lor lan kidul
njur kangelan nemu titik ing arah pandom siji.
.
*lsm,nov16
Tidak ada komentar:
Posting Komentar