Selasa, 22 November 2016

AKIBAT SAKA SEBAB


"urip iku jare mung akibat saka sebab"
tegese :
urip sing saiki akibat saka sebab-sebab sadurunge,ngundhuh apa sing nate katindakake,
sebab sadurunge polah-polah
njur saiki akibate nemoni opah
mbuh iku rupa bungah apa susah.
.
dadi yen wis bisa mangerteni kanthi satemene
yen urip iku akibat saka sebab, mesthine sabarang laku kudu ati-ati lan dipikir akibate.
aja nganti getun ing tembe mburi
ya...
ora mbungahi yen nampa beja
ora ngersula yen nampa coba.

Ibarat wong nandur mesthi bakal ngundhuh apa sing ditandur ,ning eloke yen nandur pari mesthi tukul suket ,yen nandur suket ora ngarah tukul pari,ya ing kene iki kita bisa methik hikmahe,yen tindak becik ora mesti kawales apik sok ana sing srei lan nyandhung laku.
Kita bisa sinau piye bisane panen kanthi asil sing mlimpah akeh.
Butuh ketlatenan lan sregep, sabar ora gampang coklek semangat.
Tetep ngupaya ngundhuh apa sing ditandur ing kesaenan.
.
Denok,nov16

Tidak ada komentar:

Posting Komentar