51.PRENJAK TANPA SWIWI
Ora usah takon paran iberku
Jalaran swiwi sing wis semplah iki
Bakal dakgawa kekitrang nut swara ati
Aku iki mung prenjak lola
Tanpa rowang sinorawedi
Kayadene sliramu sing bisa pencolatan ing pang-pang pinilih
Tan ana camah cathuk lawung pangece
Ora usah nglari luh
Sing kacicir wingi
Wis dakringkesi bareng sesambate ati
Ing mangklunge pang-pang jati
Daktambani sakehing tatu iki
Aja nganti landheping lathi
Nigas swiwi sing wis semplah siji
Panyuwunku aja nganti kelangan pengarep
Engga gumanti mangsa
Selawase kuwawa ndepani sakehing rubeda.
52.SEJATINING JATI DHIRI
Separo rasa wis kelangan panggrahita
Mlipir-mlipir kelangan arah tujuwan
Mlengak ngiwa mung ana sepi
Minger nengen mung ana surem
Punjering nala kinunjara
Mring panelangsa
Kelangan sesuluh kang madhangi jiwa
Kasiya-siya kridhaning ambisi
Sinubya mring gedhening jumawa
Ati cilik iki
Mung nyadhong lilaning Gusti
Mring welas asih
Muga sabanjure bisa lantip Njingglengi ireng lan putih
Minangka wujud saka sejatining jati dhiri.
53. ING TRITIS MANGSA
Saka ati kang nandhang dhuhkita
Daktintingi lumakune mangsa
Nalika nemahi lelakon kebak wisa
Ora daksuntak panggresah jiwa
Ing plataran bawera
Pepaesan endah kartika
Jalaran wis dakgulung brukut saka pandulu netra
Kanthi paeka-paeka sinandhi ukara
Dimen ati sing rojah-rajeh memala
Ora kawruhan sapa-sapa
Lelakon iki bakal dakpaes ing lembar-lembar dina
Muga ing lumakune wektu
Bisa manggih usada
Ngudarasa ing tritis-tritis mangsa.
54.CATHETAN SORE
Sore klawu nalika udan riwis-riwis
Mapak jangkahku sing sempoyongan
Mlaku wis ora jejeg lan ajeg
Angin lesus nerak kekendelan rasa
Geneya sliramu tega ?
Munggel mring pepenginan kang adreng nenandur sedya
Kutahe luh mblabar sajogan
Ngreceh ngesok kuciwane rasa
Kecepehan atis tanpa pangiyuban
Ati owel kelangan pangemanmu
Ninggal gegetunan tan bisa nggandhuli
Kabeh wis kebacut ucul udhar saka rerengkuh ati
Cathetan sore iki
Salembar suwek tumiba ing pangkon ringkih
Dakkekeb rasa perih iki ana gisiking wektu.
55. PEPAYON ASRI
Plataran jembar bawera
Sakehing tetuwuhan tinandur asri
Ngrembaka angembang sari
Mangsa rendheng pating srebel gandhane mlathi
Dadi panglipuring ati
Gegodhongan kumlawe minangka pepayon asri
Nalika srengenge nyempyok bun-bunan
Wit-witan kumlisik
Rerambatan angin semilir
Gegodhongan tansah setya
Paring edhum ing nala
Tanpa pamrih ing pandoming wektu
Senajan segagang mbaka segagang
Wiwit alum
Ngrantu tetesing grimis tumiba ing dhadha
Awit keteg jantung
Isih saguh ngetung tetuwuhan
Sing bakal trubus luwih ngrembuyung
Ngronce kembang-kembang edi peni
Sadawane panguripan ngudi endahing bebudi.
56.PANGILON AJI
Wis dakngerteni apa sing dadi reribet atimu
Pancen ora gampang
Ngudhari reribet sing kebacut mbulet jroning ati
Apa maneh tinali welat panas saka kemrungsunge kuciwa
Saben-saben mung ndremimil
Weruh para paraga kae sesingklonan
Ing panggung-panggung drama
Ora usah ngundhamana
Njur maido kono-kene
Mundhak dhadha tansaya sesak
Ora ana sing bisa paring pitulungan
Marang ati sing kebrongot prahara
Kejaba bisa ngerih-erih ati
Kanthi meneb wening ing rasa
Aku percaya....
Lelakon iki bakal gumanti ing jemedhule bagaskara
Kaya srengenge ijolan wayah mring rembulan
Ora selawase srengenge manther ing ari
Sunar rembulan bakal temeka kanthi cahyaning kang anyengsemi
Dadi tuladha minangka sangu leladi
Pangilon kang piniji aji.
59. GANTAR GAPUK
Wengi kang tintrim
Isih dakrungu sesambatmu
Nalika sliramu pengin nggothek rembulan
Nganggo gantar sadhepa
Polahmu anteng kitiran
Prasasat kaya ucule jaran teji
Tampa kendhali
Dina lumaku pindha gemerahe bebek adus kali
Daya-daya rembulan kae
Enggal ceblok ing pangkon
Saiki mung kari sepi mampring
Kelangan gantar sing tansaya gapuk
Tan bisa sinambung ing pucuk gothekmu
Cara apa maneh kang bisa kokpilih?
Kajaba ati kang gemlonthang tanpa rowang
Senajan isih ana sisa pangimpen endah
Mbesuk apa bisa karanggeh?
Kanthi prasetya kang dadi paugeran manah
Nggayuh pepenginan kanthi samadya ing ridhoning Gusti.
60. ATI RENTAK
Ati iki mung pindhane kaca pangilon
Kang sawayah bisa rentak
Nalika rasa gething dadi pangigit-igit ati
Ing kalane uga kekanthilan eri
Sing bisa nujes nyubles alusing ati
Pancen ati iki ora bisa nulad woro sembadra
Sing aris kebak welas asih
Senajan kagubel aluring rekasa
Tansah mesem merak ati
Ora ana sing bisa mangerteni
Apa maneh bisa ngosikake rasa
Nalika dhadha cinengkerem pratelan sepa
Ing nglenggananing jiwa
Kuwawa daklarung rereged iki
Bareng asate luh sing pating prenthul ing tracak-tracak guritku.
64.
SLIRAMU GOROH
Angin rerambatan ngelus rasa
Hawa atis kang dakrasa sauruting angga
Tansaya keranta-ranta kedlarung ing panelangsa
Kapang sing dakcenthelake ing ros-rosaning batin
Mbaka siji gogrok kumleyang ing paran
Bareng tumetese luh
Sing ajrih kelangan kasih sayang
Jumangkah tanpa arah tujuwan
Mung ngampah perih sing nracah alelewa
Tatu iki satuhu mbeset ati rapuh
Kelingan pangucapmu jroning prasetya
Sing mbiyen njalari kajiret ing tetalining asmara
Ahh...jebule sliramu saiki cidra
Gorohmu katon ngegla trawaca
Pasemone tresna kang klawu
Ngrubohake gedhene kapitayan
Nipakake sisa-sisa tresna kang garing
Kenangan ginulung wektu
Gumlethak ing lembar dina tanpa bisa karukti
Tatu iki isih ana
Njarem biru ing kalbu.
[23/8/2021 7.01 PM] Lestari Sahsa Malika: 68. GURIT SEPI
Tlatah jembar padha nela
Garing kumringking kelangan rasa
Panas enthak-enthak
Adoh saka ngrembuyunge sih tresna
Angen-angen kang mardhika
Dumadakan tumpes dening wengising lathi
Ora ana maneh crita gemerah kaya kawuri
Ngrakit silaturahmi
Kayadene endahe kupu-kupu kang kekitrang ing taman sari
Pangimpen mengkeret alit
Ora wani kumecap ing paseban
Ajrih yen disengguh keminter kumawani
Mung panyawang kang kedhep tesmak
Mring kridhane para pangarsi
Awit pakarti wis dianggep asor
Bebela kayangapa ora ana panyaruwe babar pisan
Dakrayuk ngrembakane imajinasi
Sing pating sliwer
Ing lumakune wektu
Embuh kapan bisa dadi pethetan peni
Maesi meja-meja kang aji
Mbokmenawa mung kandheg ing rerasan ati
Dadi cathetan ing gurit sepi.
69.KEMBANG KEMUNING
Ing plataran kang asri
Dakronce kembang kemuning amrik
Dadi panglipuring ati satuhu
Awan nalika srengenge ngancik wit klapa
Kembangku wiwit alum
Kasempyok panas tanpa aling-aling
Ora dakgetuni alume kembang
Aku mung kepengin ngriwuk srengenge
Aja nganti nembus palereman jroning dhadha
Awit wis dakkekep kanthi edhuming panggantha
Senajan ukara-ukara kutah ngayawara
Ing bedhug dhrandhang
Isih dakrasakake getering sih tresna
Saka gegodhongan kang mangklung
Ing dalan-dalan anuju kesabaran.
[: 70.ATI GRIPIS
Ora usah gupuh mring owahe sapa aruh
Awit ati kang gripis
Ora gampang bisa nenimbang rasa
Kamangka yen gelem tumenga sedhela
Isih ana esem tulus kang sejati
Yagene padha silih ungkih
Rerebut bener kang durung karuwan jluntrunge
Pindha panas setaun
Kebusek udan sepisan
Dhuh ati...
Saiki ora ana sing perlu koklari
Endi sing pantes dadi papan tetirah
Saka panas bagaskara kang tumancep dhadha
Becik enggal gumregah
Anggep kedadeyan dina iki
Minangka dolanan suramanda
Ing plataran wanci sore
Delengen sapa sing bisa engkle banter
Mesthi kuwi sing dadi juwarane
Mara enggal mbacutna laku
Isih ana akeh kalodhangan wigati
Kanggo ndandani ati
Sing wingi pating cloneh
Saka maneka mangsi abang
Sing kutah ing lembaran dina
Elinga....kabeh bakal ngundhuh wohing pakerti.
71.PANGILON ALIT
Rembulan wegah mesem
Nganguk-anguk ing pucuk mega
Mripat manther ing pangilon alit
Ing kono daktemu pitakonan lirih
Yagene katon nglentere ?
Gumandhul ing akasa
Njlarit sacuwil katon pucet
Ing ayang-ayang mega
Isih ana kasantosan nurani
Kang dadi gegondhelane ati
Minangka tuk sumbering kaweningan batin
Kang aweh seger ing pangrasa
Ngajab rembulan mesem ing pangkon
Amadhangi telenging tyas iki
Salawase dadi pangilon lungit
Kang ngancani saben wengiku
Ngrenda impen-impen landhung kang satuhu edi peni
[72. PUNJERING LAKU
Hawa atis kang njekut mili ing balung sungsum
Ombak rasa
gemulung jroning ati suwung
Sasuwene iki keplayu kebak tatu
Wis suwe daksingidake ing walik mega
Ora usah takon mengkone tinemu ing tlatah endi?
Mangsa ketiga ngerak
Bantala bera tan sulaya
Dadi panggon mendhem sakehing cuwa
Nalika sunaring mripat ngobong wit-wit kayun
Ora bakal dhoyong
Isih nggejejer sandhuwuring kapitayan
kanthi bismillah
Dadi pepadhang ing punjering laku.
73. PANGUDARASA DINA IKI
Aku dudu penggurit kaloka
jalaran guritku durung bisa lungit
Ora bisa maesi kalawerti ing saben sasi
Guritku mung cumenthel ing kaca maya
Ndrejel pepaesan ukara tanpa makna
Senajan kala-kala adreng pengin njora akasa
Ning ati iki durung tatag
Awit saben pecak jangkah iki
Wis dakkanthi kaca pangilon
Kang asring aweh pepeling
Marang praupan kang asring mengos
Nyepele mring gurit kang dakpaes ing kene
Ora dakselaki gatra -gatra sing daktata durung enthos
Mula lumrah yen durung pantes
Nggelar klasa lungguh ing lincak sastra
Lerema ing gisik wengi
Ora usah mbedhek cangkriman kang njalari ruweting ati
Tetepa ngronce ukara-ukara
Senajan ing njaba kono
Ora ana sing maelu mring gurit-gurit mu
Mbesuk bakal kokngerteni apa ta werdine pangudarasa dina iki.
[23/8/2021 9.08 PM] Lestari Sahsa Malika: 74. SUKET TEKI
Wingi kae dakbukak cendhela kaca
Sing bening kinclong tan ana bledhuk sawiji
Hawa seger aweh prasapa
Dakulati kanthi kebak rasa sengsem
Ning ora kanyana
Sangisoring cendhela ana suket teki
Kang tuwuh rerenggan eri
Yagene bisa thukul suket teki?
Kamangka saben dina wis reresik kanthi setiti
Prasasat datan nate lali
Ana kuciwa kang nempes nala
Njalari seseg jroning dhadha
Sesuk esuk nalika srengenge jumedhul
Bakal dakjabut sakoyot-oyote
Dimen ora tuwuh maneh
Dadi papan palereman kang bawera
Tan ana rereged kang njalari mblawur ing netra
Nglaras swara peksi pencolotan ing pang -pang edhum
Dadi panglipuring ati satuhu.
75.
GENDHUK AYU
Kembang kaca sanalika rentak
Nggaweng ing kedhep netra
Nyawang gendhuk ayu
Saiki wis ngancik dhewasa
Ndhuk..
Dina iki wiwit pasinaon kampus
Puji syukur ing ngarsane Gusti
Muga dadi wanita kang tangguh
Dakkudang rina lan wengi
Senajan dalan sing koklewati
Mengkone ana enggokan
munggah lan mudhun
Aja sumelang ....
Iku minangka pandadaran
Anuju gegayuhan luhur
Donga ibu tansah mili cah ayu...
Pindha gemriciking banyu sendhang
Kang ora nate asat
Iki payung pepaes godhong waru
Sawayah-wayah udan
panas semelet
Ngiyuba ing sangisore payung iki
Rupa abang jambon kinanthen renda mantra
Minangka wujud tresna asih saka ibu
Dadiya bocah pinter ya ndhuk
Tansah sehat lan bekti
Mituhu pitutur bapak lan ibu
Muga sadawane lakumu
Tansah manggih rahayu widodo
Kalis ing Sambikala
Aamiin ya Robbalalamiin
LESTARI SAHSA MALIKA
Tidak ada komentar:
Posting Komentar