Senin, 18 April 2022

ANTALOGI GURIT "ANTENG KITIRAN" ISBN *LESTARI SAHSA MALIKA

PITUTUR BECIK

Pitutur utawa sangu leladi 
yen gelem ngresapi
Bisa dadi colok laku mecaki urip

maneka prakara sing kadhang ngedhang laku 
muga bisa kasikapi kanthi samesthine
jer wiramaning urip owah gingsir 
pletike nalar sing bening bisa dadi setir lan bisa nyumurubi endi dalan sing bener:-)

2.KRUDHUNG UNGU

Semburat kledhange slendhang 
Nyawur aruming kembang tresna 
Rupa ungu kemelun ing kalbu

Esemmu kang sepet madu 
Sumampir ing pangrasaku 

Kapan baya sliramu paring idi?
Marang aku kang nandhang branta 

Swaramu kang aris satemah ndudut ati
netramu sumunar aweh pepadhang
Wanita sulistya pepaes krudhung ungu kinanthen lipstik Abang jambon ing lathi
nambahi pantes katon besus ngadi salira 

Dhuh..,,wong ayu
Aja pijer mbebeda 
Ati iki ora kuwawa 
Mbendhung wohing panggantha
Guyumu reroncen pasemon 
Kang mbukak atine jalu

Dakanti Ing tapel wates angslupe surya 
Yen sliramu ngerti 
ana ati kang banget tresna 
Kagiwang kumlebate krudhung ungu .



3. PANGUCAP IKU DONGA

Pangucap iku pindhane donga
Micara awon bali ajange
Micara apik bakal ketitik
Sing ngati-ati ngobahale lati
Siji sing wigati 
mungguh ing sesrawungan 
Sampun ucul saka niyat kekadangan

Mring kabecikan ngangsu kawruh sesarengan
Yen ana kledhange rasa enggal sesarengan dilarung 
Kareben mboten kedlarung

Yen Aku lali tulung elingakna 
Yen Sliramu lali aku kang tuhu ngelingna

Ora ana manungsa Sarwa sampurna 
Muga Gusti sing bakal ngemutake

Kudu duweni wates ing aran pantes 
Kang bisa nuntun Tansah mawas dhiri
Aja nganti lirwa ing pakerti 
Tansah memuji mring kesaenan 
Sadawane pecak jangkah
Ndlidiir nut swara ati
Kadya Banyu Mili...
Pengangen kareben dadi pamecut
Rembugan ngupadi dununge piterang 
Pangudarasa ngluru bawera rasa
Pangeman krana rasa sayang 
Iku mono Pepaesing jagad sesrawungan
Bisa mapanake ing patrap kang trep
Tinulad mring para sumitra.


4.
GEGAYUHAN LUHUR 

Rasa sumelang jroning ati
wus dakkintirake ing kali pacal 
Bareng kumleyange ron garing
Rikala kelip lintang sumunar peni

Lumakune tanpa tumoleh 
Pindha tekad jroning ati 
Nut sepira teteging ati 
Ngarah jejege sedya kang tumuju

Kanthi bungah tanpa wegah 
dakpecaki dalan dawa iki 
Ngupadi dununge papan kang reja 
Wiwit esuk engga srengenge lingsir
Senajan tapak sikil asring tatu
Ora dadi pepalang babar pisan 

Linambaran puji 
Sumendhe mring Ridha Gusti 
Dakgegem raket dadi sangu sadawane lumaku 
Ndremimil tanpa leren 
Ngrapal sakehing dedonga 
nyadhong kawelasan Gusti 
kang maha wikan,,,,

Senajan pecak jangkah sayah
Nanging ora kudu takrampungi
Adoh kaya ngapa....
daksengkut nguber gegayuhan luhur
Jroning dhadha tansah manther 
Suluh kang madhangi tekad
Ngranggeh gegayuhan sayekti
Kang tansah kudu kaesti

Marang rembulan kang kencar
Daksilih sunarmu ngiringi laku ku
Engga ing titi wanci mengkone 
Bisa takpethik lintang -lintang saka sisihmu
Kang takgambar peni rina lan wengi
Muga bisa kasembadan Lintang kae ana ing  pangkonku ....


5.
TANSAYA TUWA
Bener kandhamu...
Yuswa tansaya kurang ing wilangan
Kamangka dosa isih dadi sanggan 
Maesi saben pecak jangkah 
Yagene durung pana?
Lumakune dina nut pandom jam
Ora gelem ngenteni sing keri 
Lan lumoh reresik ati...
Mung bisa nyadhong pangaksama
Mring Gusti kang maha welas
mbaka sithik rereged iki 
Pengin daklarung ing ilining dina
**
Mengeti dinten lair kula 160219 kaping 46
mugi GUSTI tansah paring kanugrahan 
Yuswa ingkang berkah ...aamiin ya robb:-):-)


6.
ANAKKU CAH AYU

Ndhuk...Anak ku cah ayu
Dina iki wis tambah wilangane yuswamu
Puji syukur ing ngarsane Gusti 
Muga dadi wanita kang utama
Takkudang rina lan wengi  
Senajan dalan sing koklewati 
ing kalane ana enggokan 
munggah lan mudhun  
Aja sumelang ....
Iku minangka pandadaran 
Anuju papan kang reja
Donga ibu tansah mili cah ayu...
Pindha gemriciking banyu sendhang 
Kang ora nate asat
Senajan katiga ngerak 

Iki payung pepaes godhong waru 
Sawayah-wayah udan ngreceh
Uga  panas srengenge semelet 
Ngiyuba ing sangisore payung iki
Rupa abang jambon kinanthen renda seta
Minangka wujud tresna lan asih saka ibu

Dadiya bocah pinter ya ndhuk 
Tansah sehat lan bekti 
Mituhu pitutur bapak lan ibu
Muga sadawane lakumu Tansah Rahayu widodo 
Kalis ing Sambikala
Aamiin yra...



7.POKAK

Rikala ati lan pikir wus reged
Apa wae mesthi ora kaanggep   
Anane mung sarwa ora mranani ati
Saobahe Tansaya nggegarit ati
Kedadeyan ing endi papan
Aji mumpung Gampang rampung
Wis dakbundheli sajroning ati 
Nalika angin santer nibakake warta 
Saka sempyuh rerasan batin
Kang dadi reribeting pangrasamu

Pengin daktimba 
Ning emne taliku mung sadhepa
Ora kuwawa datan sulaya
Ya mung winates panjangka 
Kukuh ing pecak jangkah 
njegur ing kedhunge rasa
Ning kebak tidha-tidha

Pengin dakranggèh
Samar yen anane kêwêlèh
mung kandheg ing pengangen 
durung klakon  Ning wis pokak ing kahyun
Kapan bisa rinegem ing driji?
Kamangka kabeh pepenginan 
Kudune nglewati perjuwangan 
Ora mung tembung ngayawara
Kaya endahing pangimpen 


8.
LELAKON URIP

Pindha manuk kang mabur dhuwur
mung luru mareming rasa
Pencolotan Ing pang Mega
Datan sumelang kelangan arah 
Binarung angin Ngoyak wayah

nut tumibane pandum kang wis ginaris ing langit
Mring maneka panjangka kang asring cidra

Ning aku isih duweni kapitayan
Kang dakugemi kanthi kukuh jroning dhadha

Marang sekabehing lelakon iki
Mbokmenawa Minangka tapel watesing aku bisa methuk kabagyan 

Jalaran Gusti bakal Paring piwales Tan kanyana
mring wutahe kringet lan banyu netra

Ing Kana ana
Rupa-rupa  perjuwangan kang Estu mlintir batin
Nalika Mrangguli Lelakon kebak rekasa.


 9.
JEJEG MRING IMAN 
Mecaki dalan panguripan
Mesthine akeh sandhungan 
Siji sing mesthi....
Aja lirwa ing kabecikan  
tansah Gegondhelan mring kapitayan
Amrih jejeg dununge iman ...

Ora usah keli mring gebyar
Aja monat- manut 
Polahe mung anut grubyug
Mring samubarang sing ora patut

Tindak sapecak 
omong saklemah kudu ngati-ati
ora diarani wong sing hebat Ora dadi ngapa....
Sing baku lakumu manggih rahayu...

10.
PESISIR KAMBANG PUTIH

Ing pesisir kambang putih  
Dakumbar playune angen 
Ngetut gemulunge ombak samodra
Sinambi engggar-enggar lejaring ati

Kijenan ngronce sepa sepi 
Ngupadi kabagyan  kang kumleyang 

Ing kene kelingan rupa-rupa kenangan

Daksalami mbaka siji binareng sepi kang nguleng rasa
ngebaki dhadha....

Dakcawuk semilir angin 
Kang kumlawe ing pucuk ron cemara
Nelungake rasa nglangut jroning ati

Peksi-peksi pencolotan ing pang garing 
Sesondheran ing kedhep netra 
Tansaya anambahi gorehing nala 
Ana kledhang wewayanganmu
Kang dumadakan teka 
Tansaya nambahi panelangsa 
Mring ati kang nandhang kapang iki....


11.
GAMAN SEKTI

Nggedhekake koneksi 
Minangka gaman satuhu sekti 
Ndhudhah pethi isi kursi aji
Ngenteni sing suguh mring endahing janji 
Nora eling dina mburi
Mbesuk beja apa cilaka?
Aji mumpung padha nyemplung
Njur kemaruk .....

ing jaman saiki 
Endahing bebudi akehe wis musna 
Jawor ing kembange donya
Tumpang Suh mring sesuluh

Jatining dhiri kabur kanginan
Ora bisa jejeg nyangga kautaman
piwulang lan Pitutur luhur tansaya luntur
Kabecikan pindha ancik-ancik eri

Asring cidra 
mung Wedi Ora duwe wadya bala 
Njur kapilut gebyaring Donya


12.
PAHLAWAN TANPA ARAN

Gawang-gawang ing kedhep netra
nalika simbah wiwit ngrayuk kenangan 
Ing tumapak surya kapapak dalu

"Cuwilan-cuwilan crita iki nyacah ati 
Kang banget nguras luh ..ndhuk"

Kandhane :
Perang kuwi nipakake perih jroning ati
Kelingan mbiyen tanpa leren 
ilining ludira prasasat nelesi bantala
Para pejuwang nrabas pluru ing palagan 
Datan perduli mring keslametan dhiri

Semangat makantar pindha obor kahyangan
Cecoloking laku ngiring lanciping pucuk pring  

Swara pluru rina wengi ngrangin 
Nyentak rasa nggugah jiwa-jiwa mudha 

Playune Wektu ora bisa semaya
Sawayah-wayah kudu siyaga 
ndhepani pertiwi tohing nyawa
Kanthi tekad kang kuwat
Senajan senjata sarwa prasaja
Manunggaling Rakyat lan tentara 
Dadi sesanti ngrebut kamardikan

Lan Sandikala iki dadi saksi 
Kembeng-kembeng kaca ambyar
Ing plataran atine simbah 
Sempyuh ing pasuryan sepuh
Nglangut....ngumbara ing jaman perang
Kelangan bandha lan sanak kadang 
Ngegla ginambar ing jroning dhadha

Muga GUSTI paring pepajar 
Mapan ing swarga langgeng
Katur pahlawan bangsa tanpa aran
Uga simbah miran ....
Tansah Bagas waras yuswa panjang

MERDEKA..!!



13
KABOTAN SANGGAN

Ibu pertiwi dhuhkita 
Mbuh wis pirang kolah luh sing kutah
Nyawang wong-wong mung regejegan 
Rina wengi mung rebut panguwasa 
Ngumbar sesorah sadawane dalan

Ati rinujit perih namdhang sungkawa
Jalaran polah tingkah para putra 
Wis lali marang perjuwangan para pahlawan
Kang rinebut kanthi tetesing ludira pungkasan

Ana endi ilining semangat kang banyu mili
Kang mbiyen ngiring pecak jangkahmu?
Saiki kaya-kaya wis garing ngringking 
Ilang musna kebrongot nepsu angkara
Wis Ora katon ngrembuyunge persatuan
Kang dadi gegondhelaning rasa 

Sawangen.. bumi kelairanmu saiki..!!!
mbedhoyot kabotan sanggan 
Mung bisa sambat tan kuwawa muni 
Nggadhang baline karaharjan
Kapan baya bisa menangi jaman reja 
Dhuh...para pejuwang sejati
Aja lirwa ing katentreman negeri.


14
SANG PAHLAWAN

Tapak jangkah pating blasah 
Jronng taman kusuma asri 
pinaes aruming kamboja amrik
Angambar arum sadhuwuring prasasti 

Senajan mung rupa biru lan bisu
Sangisoring sumare satriya utama
Kang sinebut sang pahlawan bangsa

Lila kelangan nyawa ing palagan 
Nrabas deresing udan pluru 
Senajan pungkasing ambruk rinengkuh bumi
Tekad lan perjuwanganmu tansah dadi obor
Ing sanubari para generasi penerus bangsa

Tipak jangkahmu ora bakal ilang 
Senajan wis ganti jaman...
Dakkirim donga pamuji marang Gusti
Mugi swarga kang pantes dadi paleremanmu

Ing taman pesareyan para pahlawan
Esemmu dakulati kebak rasa bekti
Kamardikan bangsa wis ana gegeman
Bisaa nuwuhake semangat para mudha 
Ngisi lan negesi apa ta sejatine merdika?
MERDEKA..!!


15.
KACIDRA 

Semburat cahya sang surya 
Ginelar ing jembare jagad raya 
Biru cakawala pinaes mega-mega 
Esuk kang banget nuwuhake sengsem 

Rumangsa bombong ati iki 
Nyawang bumi kelairan loh jinawi 
Ijo royo-royo tansaya elok ibu pertiwi
Ning emane....
Ing sadhengah papan ana sing ngregedi 
Ngrusak ,ngapusi ,lan korupsi
Kaya wis dadi penggaweyan aji

Ati rinasa perih lan sedhih 
Nyawang ibu pertiwi netesna luh 
Saben-saben kelaran nampa bebendhu
Jalaran polah tingkah kang nerak tatanan
Panjerit mung kandheg jroning batin
mung nyadhong kawelasan GUSTI kang maha wikan

Dheleg-dheleg ing tritis esuk
Yagene mung rerembug udhu penemu
Pungkasaning mesthi tukar padu
Ngluru bener nganti keblinger
Tundhane mung rebut balung tanpa isi

Dakgadhang baline katentreman
Mesthine kamardikan padha duweni prestasi 
Dadi tujuwan kang tansah diugemi
Ngisi lan negesi makna perjuwangan 
Ora ngrusuhi lan ngisin-isini negeri

Maju lan jaya indonesia ku 
Kanthi sesanti :
rukun agawe santosa 
Crah agawe bubrah

MERDEKA...!!



16.
REBUT BENER ?

Silih ungkih rebut bener
Adu sesorah rerembug saru
Mripat kebak samudana 
Sabela mring wadya bala
Gemerah adol crita ngayawara

Geter palu ing meja pradhatan
Gawe horeg ibu pertiwi
Sesumbar gawe miris ati

Korupsi sapa sing korupsi ?
Panuding adreng mring pandakwa
Ning duratmaka luwih limpat akale
Sesingidan ing laci meja kekunci

Jaman wis owah saka pranatan 
Ana sengkuni mulang ngaji para santri
Ngelmu bulus dadi gegaman sekti

Ana tangis kelayung-layung
Para sudra akeh soroh nyawa
Rasa pangrasa malih waru 
Panyawang mung sarwa klawu


17.
REJEKI ORA BISA DIOYAK LAN DIOYOK 

rejeki mono ora bisa dioyak
Apamaneh dioyok
Kabeh wis ana takerane 
aja mesasa mring nepsu
Sing bisa nata ati  amrih legawa ngadhepi maneka  rupa-rupa pacoban urip

Aja kemrungsung 
Yen kanyatan ora padha karo angen 
Ora usah kedlarung ing rasa kuciwa
Sabisane ditampa kanthi legawa
Sapa ngerti iku dalane kanugrahan
Sing bisa anuju kasuksesan 
Muga Sapungkure luwih prigel lan ati-ati nyikapi kahanan kanthi wicaksana
Sebab pengalaman iku minangka guru sing paling apik

Lan Tansah sumendhe mring kuwasaning Gusti kang maha Rahman lan Rohim.


18.
PINDHA KACA

Ati iku pindhane kaca 
Sithik wae kena anteman utawa goresan   
Bisa rentak lan pecah
Mula sing ati-ati ngobahake pikir

Ati iku alus ing pangrasa 
Kudu asring reresik 
Kanthi instrospeksi dhiri
Ing Kono Sawernane rereged bisa tumempel 
Pungkasan bisa kusem lan klawu 

Mula yen pengin ati Iki tetep wening 
Bisaa njaga ati saka prasangka ala
Yen ora patiya condhong mring kanca utawa tangga 
becike meneng ngadoh sawetara
Kareben edhum lan anteng obahe nala 

Ora usah semon-semon 
Ora ngrasani iki kae 
Iki Bisa ndadekake ati tentrem lan ayem 
Ora sumelang uga was-was ing rerasan sing njalari Gela 
Tur maneh iku penggaweyan sing Tanpa  guna


19.
PUNGKASING MUNG SEPI

Dakpeneg gemuruh jroning dhadha
Binarung semilir angin mangsa katiga
Larap larap bledhug Ngelus netra
Nggiring angenku marang panggrahita
Yagene ...kudu ana lelakon iki?

Lelamisan kang winungkus endahing ukara
Ngglandhang ati ing pangumbaran
Nrabas landheping pangrasa nipakake ngeres linu
Pungkasaning mung ana sepi

Sesambatku ngaruara Ning tanpa swara

Lungguh setimpoh
Mbendhung ilining banyu netra
Kang saben saben mili sauruting pipi
Nyawang langit tansaya klawu
Ah....sasi november kaping 10 iki
isih ana tatu 
Njarem biru jroning kalbu.


20.
ING PUCUK SORE

Sore ing sasi november
Kebak kaendahan kapaes ing langit Manda jingga
Katon Ngegla anyengsemi ati
Mega-mega dhedhampyakan
Nggiring surya ing wates cakrawala

Umpama panjenengan ngerti kangmas
Ing pucuk sore iki ...
Isih ana ati kang nandhang kapang
Ngudang baline esem kang ngujiwat
Ngronce tembung ing larik-larik gurit
Kaya biyenTan ana leren ....

Ing angslupe surya iki
Yen panjenengan ngerti
Ana kutahe luh saka ati sempyuh
Nut ibere pengangen lebur ana deresing udan

Jebul....sepi iki nyacah manah
Rojah rajeh satemah nglinthing garing
Kalindhes sepi tanpa tepi.



21.
ISIH ANA TATU

Ati Iki isih nandhang tatu
Saka landheping ukara biru
Mbedhoyot dadi sanggan jroning atiku

Sore klawu 
Dakpecaki lurung cilik iki
Mbokmenawa wae isih ana esemmu kang biyen daksimpen ing pucuk papringan
Sinungging ing antarane semilir sanirana
Daksawang kelip lintang akasa
kang Tansah setya marang rembulan kae
Ning emane aku Saiki kijenan
tanpa panjenengan...

Dleweran luh saka ati kang sepi
Dalan iki wis nugel tali katresnan
Senajan ta wis bakuh kayangapa 
Ning kanyatan kudu daklilakna kari kenangan..



22.
WIRANG RASA

Dakkira kembang tresna rupa Abang jambon iki 
kang dakronce bareng sliramu 
Bakal selawase kapaes ing plataran atiku

Angambar arum dadi kelangenan Rina wengi ing jembare rasa

Ning jebule ora kanyana  
bisa nuwuhake cuwa

Mesthine aku ngandel kandhane  angin dalu

Katresnan bisa
anjalari wirang rasa

Senajan Amrik angganda wangi
Ning mung sakedhep netra
Janji kang rosa
kaya bisa ngrubuhake dhuwure gunung
Kanyatan amung sawetara

Ya wis aku ora apa apa
Iki pancen kudu dakprangguli
Lelakon kang banget gawe pingget
Nunjem dadi tatu 
Pindha tugu sadawane laku



23.
TANSAH SEMELEH

Ati sumèlèh
Suku têtêg jumangkah tan tumolèh
Sangarêpan bakal ana pikolèh
Tinampaa éklas
Krana isih bakal ana manèh

Tansah bisa ngemong rasa
Senajan ta jroning dhadha gemuruh

Tindak sapecak
Ucap saklemah
Tansah katon sumeh lan mranani ati

Balang binalang piweling bab kabecikan
Datan kapituna  tumeka puputing jaman.



24
GURIT SORE

Gurit iki kanggo sliramu
Tresnaku tansaya ngrembaka
Datan leren ngronce panjangka
Nasak dalan rumpil kebak rubeda
Miyak alang-alang kebak eri carang
Nyabrang kali nglangkahi jurang
Ing wengi sepi sesuluh lintang

Aja banget sliramu tega
Ngrerujit ati garing iki
Singidana ing puthuke mega-mega
Isih setya tuhu anganti tekamu
Senajan mangsa ketiga ganti warsa
Temeka mendhung tumelung ing akasa

Pengarepku mung siji
Pindha bun esuk nelesi ati
Sliramu dadiya sesulih getun
Tresna iki aja nganti mati

25
AKU PAMIT

Daksuwun kelip lintang
Tansah kepanjer ing langit atimu
madhangi saben wengimu
Larikane ukara kang biyen karonce
Minangka sesulihing tresnamu
KalA-kala isih dakwaca
Tembung-tembung rinakit
Ngelingake pangemanmu marang aku
Ahh..

Mbokmenawa ana sing kacicir ing tapak dina
Kandhamu
jenengku punjer donga-dongamu
Yagene saiki sliramu lali ?

Wewayanganmu
Tansah kliteran tanpa leren
Nggubel ilining napas
Saben tembang kangen ngrangin
Kaca-kaca bening ambyar
Mblasah ing plataran ati
Mbrengengeng ngrujit nala
Prasasat ngudal tatu lawas

Tresna lan gela dadi siji
Aku sing luput
Kebacut kleleb
ing sendhang pangimpen
Pungkase katrem jroning dhuhkita

Ya...wis kangmas 
Aku pamit
Aku lunga
Saka papan atimu
Mbokmenawa ati iki wis sayah
Kesel dening pengarep
Kijenan nguber impen samar.


26.
 ING SAJADAH TUWA

Ing sajadah tuwa iki
daksuntak sekabehing panggresah
Sing nggubel jroning manah
Mbedhoyot dadi sangganing jiwa
Aku kang  sasuwene Jumawa ing pangrasa
Rinasa kebak rereged
Burem Adoh saka cahyaMU

Ing sajadah tuwa iki
Dakluru sih welasing Gusti
binarung ilining luh
Semendhe marang kapitayan
Sing kari satlenik
Kacicir ing lurung wektu

Dhuh Gusti
Paringana pangapura
Kawula ingkang kebak dosa
Kinemulan rereged donya
Mugi paduka paring pepadhang
Kawula ngupadi dalan anuju Ridha lan swargaMU.


27. 
KACA BENING

srengenge esuk nrabas cendhela 
Dakranggeh  esemmu kang ngujiwat
Bisaa ngangetake ros-rosaning nala
Sumrambah ing bening kaca maya
Ngilangake lungkrahing rasa
Manjila maneka prasapa
pinaes ulat kang padhang sumringah
Ngajab berkah ing endahe silahturahmi

bening kaca maya
Tansaya sinawang gawe sengsem
Mantulake gambar kang merak ati
Ndadekake ati tansaya tentrem
Sapa aruh ing reroncenan basa jawi
Anambahi bombong lan bungahing ati

Daksuwun muga padha mengerteni
Siji anggit kadhang beda arti
Driji-driji minangka saksi
Endahe geguritan pindha kembang jaman kang aji
Ngrembuyung ing sesrawungan  dakrumpaka temaka puputing yuswa

Bismiillah....
Esem-esem Dakgambar ing kanvas biru
Dakulati saben kalodhangan wektu
MUGIA TANSAH MANGGIH RAHAYU.


28..
 PAYUNG ABANG JAMBON

Payung abang jambon
Tansah dadi pengayoman
Saka apa wae sing dadi reridhu
Ing semelet awan ngenthang-enthang
Ing  grimis bedhug ndrandhang

Senajan wus klawu keterak mangsa
Ora dadi ngapa
Sliramu Nate kandha
Bakal sumandhing lan setya tuhu
Engga oncating nyawa

Dakelus kanthi kebak sayang
Nalika lelungguhan ing tritis sore
Dakpulas maneh gambar kang wiwit surem
godhong waru manda-manda jingga

Payung abang jambon
Senajan Renda wis akeh sing bolong rojah - rajeh
dakdondomi kanthi lila ati
Dakkanthi ing saben mangsa   
Ngelingake marang lelakon
Sepisan pepanggihan
Engga Gusti paring kanugrahan
Nyawiji ing katresnan sejati.


29.
.USAHA LAN DONGA

Kabeh titah ing alam donya
Mesthi duweni lelAkon lan crita
Ora ana wong ujug-ujug beja
Bisa kacukupan ora kurang apa
Mbokmenawa iku mung ing layar kaca
Nyuguhake maneka urip sarwa sekeca
Ning ya sejatine mung ngayawara

Kanggoku
Urip iku kudu ngupaya lan mbudidaya
Kaya manuk sing sigrak ngegarake swiwi
Miber nrajang mega-mega
Kekitrang nut samirana
Nganti tumiba ing tlatah reja
kasembadan kang sinedya

Muga Gusti Allah
Tansah paring nugraha
Marang Endahing kabagyan
Kang tanpa kanyana
Tetep usaha lan tansah ndedonga
Aja ngersula lan sambat ngaruara
Bismillah
Lahaula walla kuwwata




30.
GRIMIS WENGI

Grimis ngriwis ing sepi wengi
Nggugah marang kenangan
Kemriciking banyu ndhudhah tatuning ati
Rasa pangrasa ngulandara 
Nglambrang ing awang-awang
Nglari janji ing sela mega

Rembulan Pucet
Mbokmenawa wis sayah
Andum sunar ing saben wayah
Udar ing samar pandulu

Daktata gemuruhing rasa
Sumeleh marang lumakune dina
Selawase Langit isih rupa biru
Bakal ana rembulan moblong
madhangi jiwa kang lungkrah
Kanthi nyadhong kawelasan
Gusti kang maha kuwasa 
Maturnuwun Gusti.



31
.MUMPUNG  ANA WEKTU

Saben-saben kesandhung Masalah
Lagi padha eling marang kang kuwasa
Ladalah,,
Wingi-wingi padha ana endi?
Kinemulan gebyaring donya
Lali marang sapadha-padha
Njur jumawa

Lali yen ana sing ngawasi...
Nyathet saobahe ati lan lathi
pinter banget dhapuk iki kae
Ngecakake lakon ing drama panguripan 

Ohh ....ya bener
Pancen urip iki pindha panggung sandiwara
Lelakone maneka warna
Umpama Dadi pejabat mesthine sing amanat
Aja malah dadi rereged ing madyane bebrayan

Ning ya tak ngerteni
Umpama aku dadi pejabat
Apa ya mesthi mripat iki ora sulap?
Ahh ya embuh

Rusaking tumindak
Sing njalari kadurjanan
merga kapilut gebyaring kadonyan
Marang wong sing ora kuwat iman

Mumpung isih ana wektu
Ayo padha instropeksi dhiri
Ing endi papan bisa dadi panutan
Ninggal kesaenan
Kanggo sangu sowan mring Gusti



31
WONG NDESA

Aku wong ndesa
Uripku mung prasaja
Ning sugih donga.
(Haiku)




32.
DONGA IKU

Donga iku ora mung merga ana rubeda
Donga iku ora mung merga ati kuciwa
donga iku ora mung golek alem
Ning...
Donga iku  Sarana rumaketing titah marang Gusti

Donga iku minangka gaman kang landhep
Donga iku kanggo cekelaning urip

Apamaneh dongane ibu
Sanalika bisa nembus langit sapitu
Aja kumawani lan mbantah
Tansah Bekti lan mituhu marang ibu

Kinanthen usaha lan donga
Muga Gusti ngijabah sedaya kang simedya.


33
SEMPYUH

Ati kepleh 
Sempyuh ing ulengan pikir
Ambyar ing kembeng-kembeng kaca 

Pecah anelah pategaran jiwa
Lemes sakujur anggaku
Sempoyongan tanpa tujuwan
Pindha wit randu getas 
Tugel dening angin santer

Thenger - thenger tan sulaya
Ngampah tatu jroning dhadha
Ngranggeh sisaning kapitayan
Sing kari samenir iki...
Bisaa dadi kanca sapungkure crita
Senajan dudu kenangan sing Edi
Kepara gawe pinggeting ati.

34
URUPING DAMAR

Mungguh uruping damar 
Tansah Dakjaga amrih panggah sumunar
Senajan mung satlenik 
Muga bisa ngilangi samar
Minangkani pambengoke swara ati 
Marang sekabehing rasa pangrasa
Kang daksuntak ing bawerane panjangka
Mugi Gusti paring  idi
Mring raga lan manah ingkang Tansah semangat 
Nguri-uri endahing budhaya Jawi 
Ingkang Rinakit Ing gurit 
Aamiin.,


35
RAJAH TANGAN

Rajah tangan rajah saka Gusti pangeran
Ing kono wis tinulis Edi
tinatah pindha relief candi
Garis pesthi mring lelakon ing alam donya
Lair
jodho
rejeki 
lan pati

Manungsa mung wenang mbudidaya
Nyadhong kawelasan sihing Gusti kang maha kuwasa


36.
ATI KANG EKLAS

Sapa nandur bakal ngundhuh 
Sapa ngamal bakal nampa beja
Sedaya sampun tinata dening GUSTI
Senajan Ing kalane ora klebu ing nalar 
Bab kanugrahan pancen sarwa ndilalah

Sadawane lurung puja lan puji
Ndremimil tanpa leren 
Nyuntak rasa syukur
Marang GUSTI ingkang maha wikan 
Kang wus Paring kanugrahan tanpa dinuga 

Mbokmenawa  titah ing alam donya 
Sewu siji sing bisa nyipati
Sewu siji sing bisa nglakoni
Sewu siji sing tanggap sasmitaning Gusti

Dhuh..ati 
Muga tansah bisa ngemong rasa 
welas asih lan amanah mring sesami

Kanthi iklas lan legawa 
Sejatine samubarang sing sinebut kelangan Kuwi Dudu mbuwang Nanging nandur
Dudu nggayuh  Nanging ngundhuh kabagyan ing tembe mburi

Ilining kanugrahan tuwuh saka pakerti 
Ati kang resik lan patrap kang becik
Tansah Sumendhe marang ridhoning GUSTI ...

Aamiin ya robbal alamin


37.
AJA KANDHA YA..?

Kijenan ing lurung sepi
Pepayon gegodhongan asri
Mecaki lelakon kang sinandi

Marang semilir angin
Aja kandha sapa-sapa ya?
Yen ing kene 
Aku lagi nandhang kapang 
Marang panjenengane ing tebih kono
daktulis asmane ing kekayon 
Dadiya prasasti kang peni
Tinatah edi jroning ati ...

38.
KARI KENANGAN

Dakgambar maneh wewayanganmu 
Kumlawe ing antarane tletik udan
Kumlebat Rupa jenar merak ati
Dakranggeh kanthi kebak pengarep
Aku kang nandhang dhuhkita 
Katrem jroning angen-angen 
Tanpa ngerti wayah
Isih daksimpen sakebehe crita 
Senajan mung kari kenangan
Gojekmu ing tritis awan 
Maesi lumakune dina sapungkurmu 
Nyancang rasa tan bisa obah
Anjalari kahanan katon alum 
Kusem tan ana cahya babar pisan


Nalika Kijenan ing madya ratri
Hawa adhem nunjem jiwa
Driji srawehan ngusap banyu netra
ngampah geter kapang jroning dhadha 
Kang winungkus wirang rasa


39.
GURIT KATUR SIMBAH

Ing peteng lelimengane nala
dakjejegake pangrasaku
kang dhoyong mentiyung pating sembyah

ing parak esuk iku minangka seksi
ing antarane kumandhange adzan subuh
dakumbulna sekabehane donga
dakiring kanthi iklas
simbah sing daktresnani titiwanci sowan Ngarsaning Gusti..

Senajan Luh kuthah tanpa kabendhung 
Uga ringkihing batin iki
Isih dakranggeh kekendelan
ngenam sewu kapitayan
ing sela-sela palereman 

Nganti temeka Saiki kala-kala udan ngreceh wayah wengi
lan panas sing kadhang sinunggi isih kelingan edhume katresnan simbah

Dak gegem raket
Kabeh pituturmu
senajan kaya njlumati dom ing tumpukane damen

Wengi Iki pengin dakgurit
saka keteg jantung iki
Saka tetesing luh kang tulus Iki
ing antarane donga pamuji

Uga Rapal maneka Donga puji 
Nepaki ing sasi lunga Simbah

Kelingan durung rampung atur leladi
geneya panjengan wis ora kersa..?
mbokmemawa raga sepuh wis sayah...
Ing sepi wengi
isih dakugemi sekabehing pitutur
kanggo mbacutake lakuku
minangka piyandel sekti 
Nuntun mecaki lurung panguripan
Amrih tanggap mring mayuta sasmita

Sugeng Sare ingkang taneg mbahyut....
katresnan putra wayah tansah mili
uga donga -. donga pamuji
mugi panjengan mapan ing swarganig Gusti 
Aamiin yaa robbal alamin
*
Kangen mbahyut
KENANGAN ,270816


40.
OMAH CEKLI LAN ASRI

Kidul kae ing pinggir kali
Ana omah cekli lan asri
Papan palereman aku sakulawarga

Rasa tentrem
Pepayon agrom ijo papringan

Aweh pangayoman saka panas lan udan 
Omah cilik kang dakgawe saka kuwating rasa

Kang dakrakit udakara selawe taun kapungkur

Ngajab kasantosan temeka kaken ninen
Bagya mulya tansah kasalira 
Tan kendhat anggonku memuji
Ing siyang lan ratri
mugi Gusti ALLAH Tansah paring kanugrahan lan amberkahi 
Aamiin yaa robbal alamin...


41.
JRONING SEPI

Kijenan tanpa rowang 
Jroning sepine wengi
Apa ta sing lagi dakrasa iki?
Ati tansah klisikan 
Molak malik tan kuwawa muni

Apa iki dayane ati kepranan?
Marang panjenengan kang lagi wae tambuh
Lewat endahe ukara kang rinonce 

Pawongan kang sarwa linuwih 
Ora mung kaprigelan nata endahe bait gurit
Ning uga jatmika ing jati dhiri
Kang mbabar hambeg tama alusing pambudi

Yagene....tansah sesonderan ing kedhep netra
Njur ngebaki impen-impenku?

Kamangka durung nate wanuh 
Sedina wae ora sapa aruh 
Rinasa setaun suwene anganti

Nanging ora ....
Iki mbokmenawa wae  mung aku dhewe
Sing gedhe rumangsa
Senajan critaku lan critamu 
Deres gemrajag ing sangisore pengarep

Iki Kabeh bakal daksimpen ing lempitaning ati
Mbokmenawa mbesuk kena kanggo tamba 
Nalika kapang
Lan panjenengan uga wis awis sambang

Ya mung pawartamu tansah dakantu 
Ing tritis awan lan dalu..



42.
KESAGUHAN ATI

Iki gurit sing dakkirim lumantar e-mail
Saka adrenging pepinginan ngrakit endahing memitran

Wacanen ing Tritis  sore  
kanthi rena ing rasa
senajan amung rupa tembung ampang tanpa isi

Nanging takundhuh saka dhuwure anggit
Pindha ngranggeh Cahya rembulan wanci dalu
Betheke mung nyilih satlenik sunare
Dimen madhangi margi anuju laladan kene
Nglewati praupan lan netra kebak pitakonan?
Kanthi mlipir-mlipir daksengkut jangkahku

Saka wiwitan wis  maca bismillah
Daktulis reroncen ukara tharik-tharik

Muga wae ing watu-watu taman kang asri
Ora ana panggrahita sepa 

Senajan durung entha
Ning Kesaguhan ati iki 
wis nuntun driji kudu bisa?
Ngungkal pakerti lelandhesan greged 
ing kene daktemu weninging rasa
Bebarengan njaga endahing sastra jawa
Dimen tansaya ngrembuyung lan ngrembaka.



43.
KIDUNG KANGEN

Semilir angin anelah sepi
Deleg-deleg kijenan Ngudari reribeting ati

Swaraning batin dumeling ngranuhi

Kelingan panjenengan ing Tebih paran
Yagene saiki ilang tanpa warta?

Kidung kangen sing dakronce
Amung dadi panglipur cuwaning ati 
Kaya lintang panjer rina 
Wewayanganmu manter ing punjering sukma

Ing kene isih dakantu tekamu nganti ora ngerti wayah
Esemmu kang ngujiwat 
Tansah Dremejeg ing larikan idep
Prasasat cahya semburat ing langit ati

Nuwuhake pepadhang ing jiwa
Marang ati kang nandhang kapang

Pengangen nganti konjem
Nggagas panandhanging jiwa
Apa iki dayane ati kapang?
Marang sorot netra kang merak ati
Pindha Keli ing tlaganing madu retna
Kebak sih palereman ing rasa
Aku ora bisa selak marang rasa iki
Solah bawa tan ginawe nglegganaing ati Sesonderan ing gisik kalbu
gedhe pangarep-arepku 
Senajan mung bisa sapetemon jroning impen
Iki lho...gelang alit mripat biru
Isih kumanthil ing drijiku 
jare biyen tandha tresnamu💕




44.
GURIT PITAKONAN

Sisih etan regejegan 
Sisih kulon pating bleber
Endi papan padha umeg sora
Mbuh apa sing dirembug?

Angin sumilir nyangking warta
Njur taksawang langit ndesaku 
Ing sela-sela mega dakcantelake gurit pitakonan
Ing Ketiga dawa akeh lemah sawah nela
Hawa panas sumelet nembus dhadha

Ujaring kandha 
jare wis lumrah lan dudu wadi maneh 
Sapa wae dikeparengake nyuwara
Pambengoke nganti njebolna rasa
Wis ambrol ngebaki dalan-dalan
Manjila watu-watu lancip kang mbilaheni
Samangsa bisa natoni sapa wae sing nglewati
Suket teki ora kober semi 
Ing sangisore sikil kedhungsangan
Jalaran batin lan pikir wis umub
Ngetut laku kang kasurung gedhene ambisi

Wis enggal padha lereme sauntara
Enggal asuh salira
ing wening rasa

Donya mono pancen akeh wong pinter
Ning mbokya sing eling 
Aja  seneng nerak angger-angger
Apa wis padha nyingkur ing bebener ?

Apa ya amung winates ing endahe pitutur 
Lamun ing kanyatan padha keblinger?


45.
DAHANA ING DHADHA

Mecaki lurung wektu 
Mangsa katiga ngerak 
Anane mung panas ngalad-alad
Urubing dahana mapan ing dhadha
Tansaya mbulat-bulat Ngegla ing netra 
Lan obahing lathi tan bisa sinaring 

Sawayah Ngobong alusing budi pakerti
Lali marang luhuring jati dhiri

Lumantar Reroncen kembang pikir
Mbaka siji daktlateni
Mring jembaring tawang
Lilanana aku methik mega kae
Dhampyak-dhampyak ing langit biru
Rupa putih rinengga  angsluping surya

Amrih bisa aweh Suluh mring ati alit iki
Senajan Ing kalane mendrip-mendrip
Keterak tumiyubing samirana kang santer 

Tansah Dakramut kanthi sagegem kapitayan 
Amrih sumunar ing obahe jaman

Kandhamu....
Ilining jaman kemajuwan 
Akeh sing wis kelangan Edining pakerti
Akeh wong pinter malah keblinger 
Tanpa mikir yen ing tembe nemahi wirang rasa nggegirisi

Butuhe uripe mulya kinemulan bandha donya
Kamangka samubarang laku kudu mlaku ing dalan bener.



46.
KALUHURAN PAKERTI

Manungsa iku kejaba wujud badan wadhag
Uga duweni pancadriya lan osiking ati
Kabeh mau kudu bisa kompromi kanthi apik
Murih ginayuh karahayuning urip
Polah lan tingkah nut swara ati nurani
Aja nganti laku ngiwa padhatan iku kliru
Mula penting banget bisa ngrungokake osiking ati

Guneman sethithik saperlune wae
Ora usah meksa kaanggep pinter
Samubarang dadi omongan lir tong kosong 
Becike nengenake kaluhuran pakerti
iku kang tumrape urip bebrayan
bisa aweh katentreman lan rasa adhem 
kang gedhe tumrap wong sing gelem mikir?


47.
KATENTREMAN BATIN
Omong sakecap tembung saklemah 
Kudu dipikir dhisik sadurunge kawetu
Awit yen mung kadereng rasa serik
Lan panase ati kang kebrongot nesu
Bisa nuwuhake katiwasan kang ndrawasi
Gedhene bisa getun keduwung
Pungkasane ngrubedha katentreman batin
merga keprucut omong sing ora patut

Sanalika pancen bisa aweh pamarem
Jroning ati kang lagi srengen 
Bisa nguntapake dayaning hawa nafsu 
Marang wong sing dianggep gawe gela
Nanging samangsa lerem atine   
Bakal getun lan balik nutuh marang dhiri pribadhi
Yen satemene mung mbuwang energi
Kang Tanpa guna..



48.
JAMAN KEMAJUWAN

Mripat-mripat  pating plirik
Apa padha ngupadi sisik melik?
Ora preduli sinempyok bledhug panas
Nempes ing sakujur angga
isih adreng ngoyak tujuwan
Rasa pangrasa malih atos

Tanpa tedheng aling-aling
Ing endi papan 
Ing endi wayah
Keprungu umeg regejegan 
Rerembug saru 
Adu argumentasi 
Datan ana pungkase
Horeg padha sesumbar 
njalari giris Jroning ati
Kemajuwan jaman 
Yagene akeh kelangan iman.?


49.
PEPARING ADI

urip iku peparing adi
Ing alam bebrayan iki
Samubarang bisa lumaku kanthi becik
Amerga ana tatanan lan paugeran 
Kang dadi pedhoman ngaurip

Duweni tekad lan sesanti kang luhur
Iku apik lan dikeparengake 
Uga Tansah sengkut ngisi obahe majuning jaman
Sinartan rasa bombong Lan melu andarbeni 
Marang kabudayan lan adat tradhisine dhewe
Para pangarsa uga nyengkuyung 
Amrih  LOCAL GENIUS/kabudayan lokal 
Tansaya ngrembuyung 
Bisa dadi titikane bangsa kang maju


50.
PAUGERAN URIP
urip ing jaman tansaya maju
Kagawa jaman modern
Ora ateges ninggalake pitutur becik
Samubarang laku kudu nut paugeran 
jaman kebebasan aja nganti kebablasan
Mesthine kena kanggo sangu
Ngadhepi kahanan sing sarwa instan
Supaya ora ilang watak lan jati dhirine 
Minangka wong jawa kang misuhur 
Duweni pakerti lan tradhisi kang luhur


50.
GEBYOK KACA

Sesrawungan ing jagad Maya
Pindha mapan ING sajroning omah 
Kang wis ora duweni senthong
Tanpa tedheng aling-aling
Kanggo ndhelikake apa wae
Kabeh Sarwa trawaca
Lan cetha wela-wela

Ora ana papan nyimpen wadi
Lan sisik Melik
Jalaran saka gebyok kaca Wening Iki
Lathi wis dadi mripat
Mripat wis dadi kuping 
Ala lan becik
Ngawe-awe tanpa sungkan 

Muga wae kita bisa metik
Kembang kang ganda Arum
Saka sakehing kembange jaman
Aja nganti nglirwaake paugeran bebrayan.

**Kumpulan gurit niki sampun  TERBUKUKAN BERISBN /HAK CIPTA

Mboten kepareng copas tanpa sepengetahuan penulis asli,
ttd
 Lestari Sahsa Malika

Tidak ada komentar:

Posting Komentar