Dina Iki sang Bagaskara sumunar kanthi kencar
Ing dalan kang sepi kiwa tengen mung ana sawah sing lagi wae ditanduri winih pari katon mbah karti ngolahi sepedhahe ider blnaja sawise kolakan ing pasar.
Pasuryane sing wis ana garis-garis sepuh Wiwit teles merga kemringet,jalaran bar solat subuh mau Mbah karti ora leren Anggone sengkut mergawe
Masak lan resik-resik omah sadurunge budhal menyang pasar.
Gobyos demleweran turut ulu nganti teles kebes klambine ing gegere.
Mbah karti ora rumangsa kabotan utawa Sambat,penggaweyan ider blanja wis dilakoni mataun-taun engga saiki.
Kanggone ora pengin ngrepoti anak putu selagine bisa lan tenagane isih Kuwat pengin tansah mergawe yaiku ider blanja.
Jarak antarane pasar lan karang padesan ana kira-kira sakilo,dadi barang dagangane isih utuh jalaran mung ngliwati sawah.
Ora ana sing tuku dagangane .
Nalika wis meh nyedhaki omahe pendhudhuk Mbah karti tawa blanja
" Blanja blanja Iki lho iwake isih pepeg,mangga tempe tahu janganane "
Mangkono swarane mbah karti sinambi ngelap kringet ing pilingane lan kipas-kipas nganggo capile sangisore wit Pelem cedhak pagere Bu kaji rodiyah
Bu kaji rodiyah sajake ora mireng Yen ana bakul blanja sacedhake daleme ,ora ana semaure saka njero omah blas sepi.
Mbah karti ngambali maneh Anggone tawa blanjane Ning ya pancet sepi...
Mbah karti njur mbacutake ider blanja ,ngolahi sepedhahe kanthi semangat .
Senajan yuswane wis meh 60 taun ora dadi sebab Mbah karti aleman lan males mergawe.
Ngolahi sepedhahe kanthi gawe jarik iku ya ora gampang ning kanggone mbah karti wis biyasa.
Mbah karti sabendina pancen sandhang pengaggone isih tradisional banget
Nudhuhake wong Jawa sing isih ngugemi jawane.
Jarik lan kebayak ngancani mbah Karti ider blanja sabendina.
Omah siji mbaka siji di tawani ,mlebu mlebu gang Ning Dina Iki ora ana sing tumbas blanjane.
"Apa ya sebabe "?
Ngono pitakon-pitakon sing ngranuhi pikirane Mbah karti,
"apa merga ana pageblug Corona Iki dadi wong-wong keweden blanja"?
"Wedi yen bakul blanja nyebar virus saka pasar?"
"Ee...ya mbuh,niyatku mergawe golek sandhang pangan kanggo nyukupi kebutuhan sabendina lan ngragadi putu siji sing takramut Kawit cilik."
Ngono rerasan batin sing ngebaki atine Mbah karti.
Mbah karti ngramut putune sing wong tuane kerja ing Kalimantan lan mulih ing njawa pendhak taun utawa saklodhange Anake sing wis krasan ing Kalimantan.
Udakara jam suwelas luwih 20 menit, srengenge wis krasa clekit-clekit ing kulit Mbah karti isih nyoba ider blanja turut ndalan ngubengi desa,mbokmenawa isih ana sing butuh tuku blanja.
Rasa kesel sing dirasakne sikile mulai protes, njur Mbah Karti leren ing cakruk. Sikile diselehna kanthi sluku ing cekruk pojok desa, lungguh ing kana njur unjal ambegan landhung,mikir kahanan sing lagi diprangguli,gara-gara pageblug Corona pengasilan wong cilik tansaya seret,akeh wong saiki milih blanja lewat hape,yaiku blanja online Sing luwih praktis ora perlu metu saka omah.
"Njur piye nasib bakul blanja kaya aku ngene Iki,"
Mbah Karti ngudarasa njur diolak-alik dagangane sing isih utuh.
Mbah karti sih thenger-thenger Kijenan ing gerdhu,kala-kala.sikute ngusapi banyu Luh sing nrocoh ing mripat sepuhe, dumadakan ing sangarepe Mbah karti lungguh ana mobil putih mandheg lan parkir sacedhake rengkek'e blanja,Mbah karti nyawang sapa sing metu saka mobil iku.
Anggone ngawasi kanthi permati Jebul sng mudhun saka mobil kasebut Bu lurah lan nyedhaki rengkek blanjane .
Senajan kesele durung ilang lan isih Sedhih merga blanjane dereng payu blas.
Mbah karti gage -gage ngadheg lan nyapa aruh kanthi kurmat.
" Lho Bu lurah ta jebule , saking tindak pundi ta Bu,"?
" Saking rapat ing kecamatan Mbah"
wangsulane Bu lurah sing isih nganggo masker.
"Menika kok mandhap napa wonten dhawuhBu lurah ,"? Pitakone
Mbah karti karo isih ketenggengen kerawuhan bu lurah ing cakruk esuk Iki tanpa kanyana.
"Bakal janganane napa mawon Mbah sing taksih,"?
"Taksih kathah Bu lurah, Niki wau duka kok arang tiyang blanja,sami sepen lan tutupan Sedaya lawange" semaure Mbah karti sinambi nglumpukna bakal janganan sing ditangkletake Bu lurah.
Ana terong,labu,waluh,kacang ,lan sayuran liyane
" Nggih Mbah mbokmenawi sami ajrih entene pageblug Corona Niki lho,amargi saniki nembe anget-angete wabah covid19 nyerang awak sing imun tubuh lemah,mulane panjenengan kudu tetep njaga awake kanthi ngecakake protokol kesehatan sing dianjurne pemrentah nggih mbah,"
Mekaten ngendikane Bu lurah marang Mbah karti
" Kula sampun nggangge masker kok Bu lurah,"semaure Mbah karti kanthi nyekel maskere
" Kajaba iku kudu asring wisuh Mbah,nganggo sabun ing kran sing banyune Mili mancur nggih Mbah terus jaga jarak sampun celak-celak lan nggrombol ,"mekaten Bu lurah paring pengertian marang Mbah karti.
Lan mbah karti manthug-manthug mertandhani ngestuake sedaya dhawuhe Bu lurah.
"Mbah ,Niki blanjane Kula tumbas Sedaya,keleresan Kangge ngisi kulkas sing wis kothong merga pirang-pirang Dina ora ana bakul blanja rengkekan langganan sing mara,terose nggih ajrih anane virus Corona Iki,"
"Walah nggih Bu lurah,, maturnuwun sanget," bungahe atine Mbah karti ora bisa digambarake.
Sabubare Mbah karti ngadhahi blanjane Bu lurah,lan nampani yatrane,Mbah karti njur ngrewangi nggawakne blanjane ing bagasi mobile Bu lurah kanthi bungah.
" Nggih sampun nggih Mbah ,,jaga kesehatan lan sing penting tetep nganggo masker ing endi wae ora usah salaman ," ature Bu lurah marang mbah karti njur pamit lan ngucapna panuwun merga wis digatekne lan oleh blanja sing dibutuhake.
Mbah karti ora bisa bendhung rasa bungah sing ngebaki manah.
Dhuh Gusti....pranyata paduka mboten Nate klintu paring rejeki,
Semangat Kula sing meh wae alum lan nglokro, sanalika paduka gebyur kanugrahan tanpa kanyana.
Maturnuwun Gusti...
Sedaya puja lan puji Namung pantes kaaturake dhumatheng paduka.
Mbah karti njur mulih,ngolahi sepedhahe karo ndremimil turut ndalan ngesok rasa syukur mring Gusti, ora perdhuli swarane sepedhahe sing kriyet-kriyet.
Atine sing susah nelangsa wis diijoli Gusti Allah barang dagangane diborong Bu lurah Sedaya.
Ora krasa ngonthele Mbah karti wis tekan omah,njur sepedhahe disendhekna ing emperan omah.
Njur uluk salam nalika mlebu omah
"Assalamualaikum...le assalamualaikum"
"Walaikumsalam ..Makdok ," ngono semaure Adi saka njero omah , nimbali mbahe
Kanthi celukan kesayangan Makdok
" Lagi ngapa Iki le"pitakone mbah karti marang putune sing Katon menthelengi hape
" Niki lho Makdok ,nggarap tugas saking Bu guru,"
" Ya le..Ndang garap tugase,sinau sing pinter ya le," semaure Mbah karti karo nyoplok capile sing amoh lan dicenthelna ing cagak.
" Nggih makdok,Kula badhe matur Niki kuota internet benjing Kedah ngisi sampun telas kuota internete Makdok," wadule adi Karo nyekel hapene.
"Ya le.. alhamdulillah Iki mau Makdok oleh rejeki dagangane diborong Bu lurah kabeh,ya Ndang tumbas paketan sesuk esuk ya,"
" Nggih makdok ,, maturnuwun benjing Kula taktumbas paketan internet,"
sawise ngulungake dhuwit Kanggo adi,Mbah Karti njur tumuju Pawon , lungguh ing kursi reyote,,
Dheleg-dheleg mikir kahanan Saiki.
Senajan abot kayangaoa Urip Iki kudu terus lumaku.
Lan siji-sijine dalan aku kudu tetep dodolan blanja ,jalaran mung ider blanja sing bisa taklakoni.
Lan siji sing mesthi Tansah
sumendhe mring Gusti.
Awit garis pesthi wis tinulis ing saben titah.
Ora bisa Selak lan ucul saka peparinge , Tansah manembah lan pasrah kanthi tetep mbudidaya samampune Awak iki
Ngenani asile Gusti Allah sing nentokake.
Ngono gremenge Mbah karti .
Muga-Muga pageblug Corona Enggal sirna lan wong cilik kaya aku Iki bisa Urip kanthi tentrem...
Pandongane Mbah karti ..njur nyelehna sirahe ing sendhenan kursi kanthi nglenggana.
Njur liyer-liyer mapak impen-impen endah sing bakal dilakoni sesuk bareng putune lan Kabeh panjangka luhur ngupadi rejeki kanthi nyuwun berkah lan ridhone Gusti.
Kanggo nyekolahne adi nggayuh Kabeh cita-citane ing tembe mburi dadi manungsa kang migunani tumpraping bangsa lan negara ❤️
Cuthel.
Dening :
Lestari Sahsa Malika
Tidak ada komentar:
Posting Komentar