Selasa, 28 April 2020

SAYAH LUNGKRAHING MANAH

Mbokmenawa sayah lungkrah 
Sing mbedhoyot jroning ati Iki
Minangka tandha ing mengkone bakal teka anane bungah 
Kanugrahan tan kanyana 
mbusek peteng lelimengan 
Sing gumandhul ing ros-rosaning jiwa 

Dhuh ati.... 
mangertiya yen Urip Iki 
Pancen ora selawase anteng  
Samangsa uga ana santere angin 
sing bisa mosak-masikake ledhunge rasa 

Senajan sepira daya kekuwatan sing kokduweni
Kanyatan sok bisa ngrubuhake pategaran kang mbokdhedher saben mangsa 

Pindha ron garing kumleyang 
Mung anut pandoming wektu kanthi dedonga sumendhe mring Gusti
Mugi kahanan bali jenjem 
Kaya sing mbokgadhang rina wengi

Senajan ilining luh tansaya apuh 
Kuwawa nyacah dhadha
Rojah-rajeh agawe pinggeting manah 
nganti njarem biru ...

Sing sabar ya..
Gusti bakal paring kawelasan mring titah sing tansah nrima mring pandum 
minangka lelakon urip kang kudu diprangguli
Wong ngalah bakal luhur ing 
Wekasane.. aamin ❤️

*Nglenyehke driji
Gurit imajinasi*sayah lungkrahing manah
220420

Tidak ada komentar:

Posting Komentar