Selasa, 28 April 2020

BISAKU MUNG MADUL MRING PANGERAN

Bisaku mung ndremimil
Madul tanpa leren marang pengeran
Umbul donga tan kendhat

Senajan ta jroning dhadha iki
Isih deres ilining luh
Kuwawa nuwuhake atis
Isih dakrasa angete Cahya
Senajan mung satlenik
manther madhangii jiwa
Mbokmenawa isih kanggonan rasa pangrasa
Moh yen ucul saka endahing kasih sayang

Tansah Nyingkirake rereged batin 
ngedohi saka pangucap ala
Saka ukara sing ora manfaati

sepira jeroning tatu
Isih bisa dakkekep 
kanthi istighfar....

Marang ati alit iki
Tetepa anjir mring jejeging iman 
Kanthi kapitayan kang kukuh
Gusti kang bakal paring pitulungan.... aamin🌹

*Gurit esuk lelipur at😷😷
Lestari Sahsa Malika
280420

Tidak ada komentar:

Posting Komentar