Bisaku mung ndremimil
Madul tanpa leren marang pengeran
Umbul donga tan kendhat
Senajan ta jroning dhadha iki
Isih deres ilining luh
Kuwawa nuwuhake atis
Isih dakrasa angete Cahya
Senajan mung satlenik
manther madhangii jiwa
Mbokmenawa isih kanggonan rasa pangrasa
Moh yen ucul saka endahing kasih sayang
Tansah Nyingkirake rereged batin
ngedohi saka pangucap ala
Saka ukara sing ora manfaati
sepira jeroning tatu
Isih bisa dakkekep
kanthi istighfar....
Marang ati alit iki
Tetepa anjir mring jejeging iman
Kanthi kapitayan kang kukuh
Gusti kang bakal paring pitulungan.... aamin๐น
*Gurit esuk lelipur at๐ท๐ท
Lestari Sahsa Malika
280420