Senin, 08 April 2019

KRUDHUNG UNGU

Semburat kledhange slendhang
Nyawur aruming kembang tresna
Rupa ungu kemelun ing kalbu

Esem mu kang sepet madu
Sumampir ing pangrasaku

Kapan baya sliramu paring idi?
Marang aku kang nandhang branta

Swaramu kang aris satemah ndudut ati
netramu sumunar aweh pepadhang
Wanita sulistya pepaes krudhung ungu
Kang besus ngadi salira
Lipstik abang jambon ing lathi
Dhuh..,,wong ayu
Aja pijer mbebeda
Ati iki ora kuwawa
Mbendhung wohing panggantha
Guyumu reroncen pasemon
Kang mbukak kori atne jalu
Aku kepranan marang menis esemmu

Dak anti ing kene
Ing tapel wates angslupe surya
Yen sliramu ngerti
ana ati kang banget tresna
Kagiwang kumebate krudhung ungu
Kumlawe saben kedhep netra ku...💕

**
Gurit iki
Request kanca:-):-)
080419

Tidak ada komentar:

Posting Komentar