Sabtu, 13 April 2019

BASA JAWA *PARAMASASTRA

PARAMASASTRA

Paramasastra inggih menika ngelmu kang nyinau babagan aksara, wanda, tembung, lan ukara.

Paramasastra miturut golonganing tembung kaperang :

·      Tembung aran (tuladha: radio, meja, lsp)

·      Tembung kriya (tuladha: maca, turu, lsp)

·      Tembung sesulih(tuladha: kowe, aku, lsp)

·      Tembung wilangan (tuladha: telu, enem, lsp)

·      Tembung kaanan (kata sifat) (tuladha: elek, kuru, lsp)

·      Tembung katrangan (tuladha: kana, lor, lsp)

·      Tembung pangarep (tuladha: saka ing, lsp)

·      Tembung sandhangan (tuladha: sang, hyang, lsp)

Jinising tembung ana 2,
Tembung lingga lan tembung andhahan…

Tembung lingga >>tembung kang during owah saka asale, 
tuladhane meja, pangan arit,…lsp

Tembung andhahan >> tembung kang wis owah saka asale,tuladhane mlaku koktuku, gumagus lsp

Tembung andhahan kuwi asale saka tembung lingga kang oleh ater-ater, panambang, lan seselan

Tuladhane ater-ater:

·   Ater-ater a+….

a+karya: akarya

·   Ater-ater ka+…

Ka+tabrak: katabrak

·   Ater-ater anuswara (na,ma,ny, ng)

na+tampa: nampa

ma+pangan: mangan

ny+sapu: nyapu

ng+goring: nggoreng

·   Ater-ater tripurusa (dak, kok, di)

+jambak: dijambak

dak+masak: dakmasak

·   Ater-ater sa, pa, pi, pra, pari, tar

sa+wengi: sawengi

pa+mudha:pamudha

pi+tutur: pitutur

pra+yoga: prayoga

pari+wara:pariwara

tar+buka:tarbuka

·   Ater-ater kuma, kapi, kami

Kuma+lamcang:kumalancang

Kapi+adreng: kapiadreng

Kami+gila:kamigilan

**
Tuladhane panambang:

·   Panambang ku, mu, e

Buku+ku: bukuku

Sapu+mu: sapumu

Jaran+e: jarane

·   Panambang an

Gawa+an: gawan

·   Panambang i

Suwek+i: suweki

·   Panambang a, na, ana, en

Jupuk+a: jupuka

Pangan+na: panganna

Sapu+ana: saponana

Jaga+en:jaganen

·   Panambang ake

Gambar+ake:gambarake

·   Panambang ne, ing

Bapak+ne: bapakne

Abang+ing: abanging

**
Tuladhane seselan:

·   Seselan in:

Cedhak +in: cinedhak

Titah+ in: tinatah

·   Seselan um:

Bagus+um: gumagus

Tindak+ um: tumindak

·   Seselan l, r:

Siwer+ l: sliwer

Kelip + r: krelip


Sumber : basajawa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar