Minggu, 25 Maret 2018

KUMPULAN GURIT BUNDA LESTARI SAHSA MALIKA

BIODATA PANGRIPTA

Lestari Sahsa Malika utawa Denok ayu lestari,
lair ing Bojonegoro,16 Pebruari 1973 
Seneng nulis wiwit taun 2010 ing sosmed lan blog (bundasahsa.blogspot.com)

rupa geguritan lan saperangan wis kapacak ing majalah basa jawa.
Lelumban ing jagad sastra lan dadi anggota PSJB
(pamarsudi sastra jawi bojonegoro) wiwit taun 2012.

Pendidikan sekolah sing
dirampungake yaiku:
1.SDN Sidobandung 1
kec.Balen Bojonegoro lulus
taun 1985

2.SMPN 1 Balen Bojonegoro
lulus taun 1988

3.SMEA Negeri Bojonegoro
lulus taun 1991

nganti seprene mapan ing
desa ngadiluhur kec.balen Bojonegoro.

@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@

 AKU PAMIT

Daksuwun kelip lintang
Tansah kepanjer ing langit atimu
madhangi saben wengimu
Larikane ukara kang biyen karonce
Minangka sesulihing tresnamu
KalA-kala isih dakwaca
Tembung-tembung rinakit
Ngelingake pangemanmu marang aku
Ahh..

Mbokmenawa ana sing kacicir ing tapak dina
Kandhamu
jenengku punjer donga-dongamu
Yagene saiki sliramu lali ?

Wewayanganmu
Tansah kliteran tanpa leren
Nggubel ilining napas
Saben tembang kangen ngrangin
Kaca-kaca bening ambyar
Mblasah ing plataran ati
Mbrengengeng ngrujit nala
Prasasat ngudal tatu lawas

Tresna lan gela dadi siji
Aku sing luput
Kebacut kleleb
ing sendhang pangimpen
Pungkase katrem jroning dhuhkita

Ya...wis kangmas 
Aku pamit
Aku lunga
Saka papan atimu
Mbokmenawa ati iki kesel
Kesel dening pengarep
Kijenan nguber impen samar.

=====================================
2. ING SAJADAH TUWA

Ing sajadah tuwa iiki
daksuntak sekabehing panggresah
Sing nggubel jroning manah
Mbedhoyot dadi sangganing jiwa
Aku kang  sasuwene Jumawa ing pangrasa
Rinasa kebak rereged
Burem Adoh saka cahyaMU

Ing sajadah tuwa iki
Dakluru sih welasing Gusti
binarung ilining luh
Semendhe marang kapitayan
Sing kari satlenik
Kacicir ing lurung wektu

Dhuh Gusti
Paringana pangapura
Kawula ingkang kebak dosa
Kinemulan rereged donya
Mugi paduka paring pepadhang
Kawula ngupadi dalan anuju swarga.

====================================
 3. KACA BENING

srengenge esuk nrabas cendhela 
Dakranggeh  esemmu kang ngujiwat
Bisaa ngangetake ros-rosaning ala
Sumrambah ing bening kaca maya
Ngilangake lungkrahing rasa
Manjila maneka prasapa
pinaes ulat sumringah
Ngidi berkah ing endahe silahturahmi

bening kaca maya
Tansaya disawang gawe sengsem
Mantulake gambar kang merak ati
Ndadekake ati tansaya tentrem
Sapa aruh ing reroncenan basa jawi
Anambahi bombong lan bungahing ati

Daksuwun muga padha mengerteni
Siji anggit kadhang beda arti
Driji-driji minangka saksi
Endahe geguritan
Muga ngrembaka
Sumulur engga putra wayah

Bismiillah
Esem-esem Dakgambar ing kanvas biru
Dakulati saben kalodhangan wektu
MUGIA TANSAH MANGGIH RAHAYU.

=====================================

4. PAYUNG ABANG JAMBON

Payung abang jambon
Tansah dadi pengayoman
Saka apa wae sing dadi reridhu
Ing semelet awan ngenthang
Ing  grimis bedhug ndrandhang

Senajan wus klawu keterak mangsa
Ora dadi ngapa
Sliramu Nate kandha
Bakal sumandhing lan setya tuhu
Engga oncating nyawa

Dakelus kanthi kebak sayang
Nalika lelungguhan ing tritis sore
Dakpulas maneh gambar kang wiwit surem
godhong waru manda-manda jingga

Payung abang jambon
Renda bolong rojah - rajeh
dakdondomi kanthi lila
Kanggo mecaki dina-dina
Ngelingake marang kenagan
Sepisan pepanggihan
Engga Gusti paring kanugrahan
Nyawiji ing katresnan sejati.

=====================================

5.USAHA LAN DONGA

Kabeh titah ing alam donya
Mesthi duweni lelAkon lan crita
Ora ana wong ujug-ujug beja
Bisa kacukupan ora kurang apa
Mbokmenawa iku mung ing layar kaca
Nyuguhake maneka urip sarwa sekeca
Ning ya sejatine mung ngayawara

Kanggoku
Urip iku kudu ngupaya lan mbudidaya
Kaya manuk sing sigrak ngegarake swiwi
Miber nrajang mega-mega
Kekitrang nut samirana
Nganti tumiba ing tlatah reja
kasembadan kang sinedya

Muga Gusti Allah
Tansah paring dalan
Marang Endahing kanugrahan
Kang tanpa kanyana
Tetep usaha lan tansah ndedonga
Aja ngersula lan sambat ngaruara
Bismillah
Lahaula walla kuwwata

=====================================

6.GRIMIS WENGI

Grimis ngriwis ing sepi wengi
Nggugah marang kenangan
Kemriciking banyu nembus tatuning ati
Rasa pangrasa ngulandara 
Nglambrang ing awang-awang
Nglari janji ing sela mega

Rembulan Pucet
Mbokmenawa wis sayah
Andum sunar ing saben wayah
Udar ing samar pandulu

Daktata gemuruhing rasa
Sumeleh marang lumakune dina
Selawase Langit isih rupa biru
Bakal ana rembulan moblong
madhangi jiwa kang lungkrah
Kanthi nyadhong kawelasan
Gusti kang maha kuwasa 
Maturnuwun Gusti.

========================================

7.MUMPUNG  ANA WEKTU

Saben-saben kesandhung Masalah
Lagi padha eling marang kang kuwasa
Ladalah,,
Wingi-wingi padha ana endi?
Kinemulan gebyaring donya
Lali marang sapadha-padha
Njur  jumawa

Lali yen ana sing ngawas
pinter banget dhapuk iki kae
Ngecakake lakon ing pentas drama

Ohh ya bener
Pancen urip iki pindha panggung sandiwara
Lelakone maneka warna
Umpama Dadi pejabat mesthine sing amanat
Aja malah dadi rereged ing madyane bebrayan

Ning ya tak ngerteni
Umpama aku dadi pejabat
Apa ya mesthi mripat iki ora sulap?
Ahh ya embuh

Rusaking tumindak
Sing njalari kadurjanan
merga kapilut gebyaring kadonyan
Marang wong sing ora kuwat iman

Mumpung isih ana wektu
Ayo padha instropeksi dhiri
Ing endi papan bisa dadi panutan
Ninggal kesaenan
Kanggo sangu sowan ing swarganing Gusti.
=========================================

8.WONG NDESA

Aku wong ndesa
Uripku mung prasaja
Ning sugih donga.

====================================

9.DONGA IKU

Donga iku ora mung merga ana rubeda
Donga iku ora mung merga ati kuciwa
donga iku ora mung golek alem
Ning ..,
Donga iku  Sarana rumaketing titah marang Gusti
Donga iku minangka gaman kang landhep
Donga iku kanggo cekelaning urip

Apamaneh dongane ibu
Sanalika bisa nembus langit sapitu
Aja kumawani lan mbantah
Tansah Bekti lan mituhu marang ibu

Kinanthen usaha lan donga
Muga Gusti ngijabah sedaya kang simedya.

===================================

Lestari Sahsa Malika
Denok ayu lestari
Maret 2018

Tidak ada komentar:

Posting Komentar