Minggu, 29 Januari 2017

LINTANG ING LANGIT ATI

LINTANG ING LANGIT ATI
*
Nguwit krambil..
Tharik tharik ukara saka latiku
Hamung salugune tak suntak
Ing penganggit...
Lintang kang ing tawang
Bisa ceblok ing pangkon..
Nanging..
Ajamaneh hamangku lintang
Kedipe wae amung samar
Kapanbaya lintangku
Nadyan ora bisa tak rengkuh
aja gawe pekewuh..
Tak gayuh amung sorotmu
Bisaa dadi sesotya
Sakjroning senthong biru
Kairing donga dalah pepuji suci
yayi...
Mugi tansah manggih ing karahayon
*
Yen sang surya mesthi bakal kepangan grahana
Yen ta rembulan uga ora bisa endha saka kala
Ananging sliramu...
Wis tak anggep kaya dene lintang
Tak lari kedip cahyamu
Tak suwun sorotmu wengi iki..
Bisa madhangi tawang
Kae lho ..
tak gantung rasa kapang
Kang kebandhang kabur kanginan
**
lintang tansah kepanjer ing telenging ati..
yagene isih koklari?
yen ing kalane ilang
saka ing panyawang ..
mangertiya kangmas
satemene dhewekne
amung pengin mbebeda panjenegan
sesingitan ing sewalike mendhung
hemm..
mendhung peteng sing dumadi
mretandhani ana sing kaprangguli
ngampah sangganing ati
Ngrantu tumurune sih kawelasan
pamujiku...
bisaa mbusek peteng
ing wilangane sepiku
kasuntak bareng gemrajak udan
mbok menawa
bisa manjila padhang
sumilak ing jembare tawang
maesi langit biru
sinawung ibere kupu
lan rupa jingga ing endahe kluwung
kandhamu...
jeng ...kaendahan kang ana
jebul anane mung saklebatan..
wong nyatane
lintang ya tetep lintang
ora mobah mosik..
jer sing mobah mosik mau
jebul barang anyar kang nggawa kaendahan
iya lan orane..
ya mung winates ing kedhep netra
cat ilang cat ana
pindha lintang panjerina
sing kasaput mendhung.


29 Januari 2015

2 komentar: