SEPTEMBER
.
Pang -pang kang mangklung
ing dhuwur kali
lan manuk-manuk sliweran
dadi pepaes ing dremejeke idep
nyawurake rasa sing ora kaya padatan
nalika mangsa rendheng sepisan
ngepasi sasi september iki
kledhangmu nuwuhake kapang
senajan wis ganti sasi kaping telu
isih tak anti-anti ing wates pangertenku
mbokmenawa nggawa warta kang takimpi
kangmas...
ing driji iki tansah kaukir asmamu
minangka kalpikaning ati sawiji
Rupa jenar tinali suket teki
taktampa kanthi bungahing ati
Senajan mbisu ning dadi seksi
Nalikane ngiket janji suci
Ati loro dadi siji
.
taktitipake rasa kapang iki
marang gemricik banyu kali
kang tansah setya tuhu datan lali
.
ing gemrisik godhong pring
guritku kala-kala ambyar
katut semilir angin wengi
netesake luh kang tumpangsuh
antarane tatu lan pengkuh
tresna iki jebul mung nipakake sayah....
aku kang kijenan ngronce impen
datan ngerti wayah...
ya mung siji sing dakpuji
muga sliramu tansah rahayu
pinayungan kanugrahaning Gusti
: sesuk,nalika srengenge mesem
muga soroting bisa nrabas atimu,
Ngelingake janji pinatri ing pucuk september
lan engga gumantine sasi isih dak anti ing gisik ati....
.
*lest sm,141016
Jangan copas,tanpa meyertakan nama pengarang..
BalasHapusSaya tidak ridho..terima kasih