Minggu, 11 Oktober 2015

KEBRANANG

KEBRANANG
.
Wong sing gampang kebranang (sensitif) bakal asring ngalami sedhih,atine ora tentrem tansah kagubel rasa kuwatir lan cemas sing tundhane bisa ngurangi kebahagiyaan uripe.
tumrap wong sensitif /GR-an apa wae dianggep salah,nyenthil awake utawa nyemoni.
ana kanca omong sing ora sengaja rumangsa nyemoni dhekne.
ketemu tangga lali ora nyapa merga kesesa liwat rumangsa megelna atine...l
ana wong nulis ing wall fb..ya rumngsa nyemoni dhekne,dadi uripe wong sing sensitif mung kebak rasa gelisah lan kuwatir...lsp
.
dadi wong sing gampang kebranang atine iku biyasane uripe gampang kena penyakit nek ora ngelu ya adhem panas...merga mriyang ngawasi wong liya uripe luwih kepenak bisa ngguya-ngguyu rukun sakanak bojone,bisa lelungan nglipur ati sauntara dhekne mung sibuk ngopeni rasa gela lan kuwatir sing Sakjane ora perlu.
.
mula ora nggumun yen wong sing gampang kebranang mau uripe cemas lan gelisah.
tersinggungan lan gampang nglokro semangate merga wis kabotan sanggan dening pikiran sing digawe dhewe.
.
#semngtttt

Tidak ada komentar:

Posting Komentar