Kamis, 15 Oktober 2015

JENENGKU LESTARI

JENENGKU LESTARI
.
miturut kamus LESTARI artine: langgeng,abadi,
kekal,terpelihara
lan sesambungane ing panguripan iki muga wae jeneng sing takduweni iki bisa lestari lan terpelihara ati lan lesanne .kebecikane lan tindak tanduke ora nerak norma bebrayan lan pepacuhe Gusti.
.
Ana unen-unen
"asma kirnarya japa" - jeneng iku mujudake dedonga tumrape kang nganggo .
Mesthi wae dongane apik! Apa ana wong tuwa kang memuji ala kanggo para putrane?
Kejaba donga, jeneng uga dadi "pusaka" . Mula, menehi jeneng marang bocah sok disebut "maringi pusaka asma" . Kamangka sing diarani pusaka iku biasane ngemu surasa "warisan, peparing kang kudu dipepetri" lan uga "piandel, kekuwatan, gaman" .
.
Dak kira yen dionceki maknane bisa jero banget. Bapak lan ibu mbokmenawa pancen dudu golongane wong sugih bandha lan dudu wong pangkat.
Sing diduweni mung warisan arupa "kekasih" yaiku awujud katresnane marang para putra.
Katresnan sing kinanthen donga lan disandhangake minangka tetenger tumraping para putra.sabanjure muga dadi kekuwatan anggone andon laku urip ana ing bebrayatan agung. Katresnan sing kinanthen donga iku pinercayaake marang kita supaya diwujudake lan dicakake ana ing urip padinan. Dadi, wis samesthine menawa pusaka asma kang kita sandhang iku merbawani mligine kanggo sing nduweni jeneng .
Mula prayoga yen kula lan panjenengan sedaya mangerteni apa ta werdine jeneng utawa asma kang wus kasandhang.
.
# Perlune apa ta? Yaiku supaya tansah eling marang kanugrahan asma iku lan gegayuhan luhur kang dipasrahake marang awake dhewe.
Ya muga-muga wae kula lan panjenengan ora kabotan nyangga jeneng....
muga Gusti tansah paring kekuwatan marang kita sedaya...aamiin yra.
.
#tritis_esuk

Tidak ada komentar:

Posting Komentar