Senin, 27 Oktober 2014
YA GENE WEDI
saben aku liwat ing kene
saktenane ana rasa wedi
sing angel takkandhaake
kanthi mlipir-mlipir
jumangkah kesusu
kringet dleweran
ngempet semrawute pikiran
sing grapyak kena dietung
driji
lirikan mripat liwat slira-sliri
saben dina nyawang kanthi
kebak pitakonan
pancen ora takselaki
dina-dina tansah mburu
wektu
banjur kapan olehku sinau
lan ngerti
kamangka kembang kang
kajejer asri
tansah ngawe-awe tekaku
senajan amung kuwi-kuwi
wae sing taksalami
muga isih ana wektu
nandur bebarengan
nguri-uri sastra jawi tansaya
edi.
#bda /okt14
20 Oktober pukul 15:06 ·
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar