Senin, 27 Oktober 2014
WAYAH SORE
ing ketiga ngerak
akeh tetanduran lan kewan
ngelak
sawah pindha ara-ara amba
tanpa sinaba
nalika mlaku-mlaku ing
bulak ngenthak
ngeterake angslupe
srengenge
pepenginanku gegojegan
marang angin sumilir
nyawang endahe langit biru
tanpa sesulak
pinaes mega dhampyak-
dhampyak
lan ing tengah bulak
bocah angon sesorak
ngundang barat gedhe
ngulur kenur
sinambi nembangake kidung
sore
ati bungah
dodogane mumbul
anteng
mbrengengeng sowangane
ohh..iki kang gawe atiku
katrem
ing ndesaku wayah sore
nyawang layangan
uber-uberan ing awang-awang
anjalari ati ayem lan tentrem
layangan anteng
mbrengengeng
tanpa pamprih
ngoyak kamemangan
ajar kaendahan
ing memitran?.
#lest_sm//28okt14
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar