Rabu, 29 Oktober 2014
UKARA BIRU
isih ana segegem ukara
kang durung daktulis
ing lembaran biru
nalika ngukir crita sacoret
ing ngrembuyunge alang-
alang
kebacut nasak punjering
rasa
mretheli angen
nuwuhake tatu
tinatah jeroning dhadha.
#bda /okt/14
5 Oktober pukul 14:50 ·
GEGAMBARANING RASA
GEGAMBARANING RASA
Takwaca reroncene ukara
kanti getering ati
gegambaraning rasa
saka jangkah magita-gita
liwat ora kumecap
ing lirikaning mripat
mungguh bisa
mesthine taktakokne
werdine
iki dudų papan gelaran
nanging papan wingit
cumondhoking ati
kang nyecep jero
pesen sinandi
ora bisa dilaleake
tansah gumandhul ing
punjere tyas iki
nganti pungkasane aku bisa
ngerti.
#lest_sm /okt14
Takwaca reroncene ukara
kanti getering ati
gegambaraning rasa
saka jangkah magita-gita
liwat ora kumecap
ing lirikaning mripat
mungguh bisa
mesthine taktakokne
werdine
iki dudų papan gelaran
nanging papan wingit
cumondhoking ati
kang nyecep jero
pesen sinandi
ora bisa dilaleake
tansah gumandhul ing
punjere tyas iki
nganti pungkasane aku bisa
ngerti.
#lest_sm /okt14
SUNGGING MAYA
saka tumiyubing samirana
takregem sakehing
panggrahita
aku kang ngendhem
pangrasa
saka wijiling sungging maya
mblabar ing pelataraning
nala
sumebar padhang semburat
ing antariksa
apa iki dayane kintaka?
kang ginawa angin
kumlawe ngeja saka tyasmu
amping-amping alelewa
ing pojoking netra
tansah sesondheran
dremejeg ing larikane idep
anjalari rasaku ngulandara
gawe ati kebak pitakonan
sapa sejatine panjenengan?
sungging mayamu
nuwuhake kayun
larap-larap angambar
amriik drejel sinukarta
reroncen ukara kang
ngeyomi
dhuhkitaning jiwa
#lest_sm /kump.gurit
Senin, 27 Oktober 2014
YA GENE WEDI
saben aku liwat ing kene
saktenane ana rasa wedi
sing angel takkandhaake
kanthi mlipir-mlipir
jumangkah kesusu
kringet dleweran
ngempet semrawute pikiran
sing grapyak kena dietung
driji
lirikan mripat liwat slira-sliri
saben dina nyawang kanthi
kebak pitakonan
pancen ora takselaki
dina-dina tansah mburu
wektu
banjur kapan olehku sinau
lan ngerti
kamangka kembang kang
kajejer asri
tansah ngawe-awe tekaku
senajan amung kuwi-kuwi
wae sing taksalami
muga isih ana wektu
nandur bebarengan
nguri-uri sastra jawi tansaya
edi.
#bda /okt14
20 Oktober pukul 15:06 ·
TATU BIRU
angin ing pucuking pring
nggombyak ati nglangut..
rasa keduwung
tansaya nglayung
tangan kumlawe
nggambar lelayu
katrem ing kekesing ati
tanpa wates
esem kang ginawa angin
sinempyok mendhung klawu
lan nuwuhake tatu
rupa biru
njarem ing kalbu.
#lest_sm/27okt14
WAYAH SORE
ing ketiga ngerak
akeh tetanduran lan kewan
ngelak
sawah pindha ara-ara amba
tanpa sinaba
nalika mlaku-mlaku ing
bulak ngenthak
ngeterake angslupe
srengenge
pepenginanku gegojegan
marang angin sumilir
nyawang endahe langit biru
tanpa sesulak
pinaes mega dhampyak-
dhampyak
lan ing tengah bulak
bocah angon sesorak
ngundang barat gedhe
ngulur kenur
sinambi nembangake kidung
sore
ati bungah
dodogane mumbul
anteng
mbrengengeng sowangane
ohh..iki kang gawe atiku
katrem
ing ndesaku wayah sore
nyawang layangan
uber-uberan ing awang-awang
anjalari ati ayem lan tentrem
layangan anteng
mbrengengeng
tanpa pamprih
ngoyak kamemangan
ajar kaendahan
ing memitran?.
#lest_sm//28okt14
Jumat, 17 Oktober 2014
KESUNYIAN JIWA
dalam ruang hati
terangkai sepi
mencoba pasrah
meniti arah
dalam kesunyian jiwa
tanpa tepi
hanya sinar bulan
yang membias di kaca jendela
yang menemani diri
memantulkan cahaya
membasuh lara
malam semakin lelah
keluh kesah
semakin menikam jiwa
seorang diri
berteman sepi
berkasih sunyi.
#lest_sm/18okt14
terangkai sepi
mencoba pasrah
meniti arah
dalam kesunyian jiwa
tanpa tepi
hanya sinar bulan
yang membias di kaca jendela
yang menemani diri
memantulkan cahaya
membasuh lara
malam semakin lelah
keluh kesah
semakin menikam jiwa
seorang diri
berteman sepi
berkasih sunyi.
#lest_sm/18okt14
Langganan:
Postingan (Atom)