wengi kang atis
ing walike sepi
takronce gurit kapang
kang sauntara ngrembuyung
jroning dhadhaku
senajan amung ukara
tanpa makna
ringkih angrerintih
aksara iki bisa nrajang
sakehing pepalang
kapang kang mbranang
mulas pelataranig ati
ora bisa takselaki
wewayanganmu tansah ngreridu
gilir gumanti
ana sela-selaning mega
daktitipake lara atiku
daktulis ana dluwang biru
kanthi mangsi saka luhku
amerga kapang lan sepi iki
ora ana kang mangerteni
saben mapak ratri
ngenam impen tan ana tepi
panjenengan pinter banget
natah tatu
tanpa milah lan milih
kahanan lan wektu
banjur piye aku kandha
yen saktenane aku tresna
Tidak ada komentar:
Posting Komentar