nalika sikil wiwit jumangkah
ing sadawaning lurung sepi iki
kanthi pangajab bisaa sambang
marang rasa kapang
isih taksimpen ana pojok netra
esem ngujiwatmu
uga liring netramu
kang andum sih kebak rasa tresna
nalika gegandhengan
nyawang lintang rembulan
rerangkulan
kangmas...saiki amung kari crita
karingkus mangsa
manis lan endahe janji
kepunggel dening garising pesthi
kangmas..umpama sliramu
krasa lan mangerteni
ana luh kang kutah
nalika aku ijen ngurut dalan iki
mbokmenawa isih bisa
takjumputi wewayanganmu
senajan tanpa sunaring
lintang lan rembulan
kang wis sauntara uga ilang
ana ing wates kapang iki
amung ana tumetese waspa
kalindih ing sepi
angrerintih perih.
heeeemmmm
BalasHapus