Nulis crita iki atiku njur kelingan kawitan utawa pisanan senengNULIS lan keAAApanLAggih bapa Djajus Pete.LLALLLAL
Ing taun 2AALAung tak tumpuk ing buku utawAa kertas cuwilan . Sawijining dina ing radhio ana acara tembang jawa kang diselingi maca puisi basa jawa sing banget gawe sengs AWAK KB RK CSem atiku, jenenge adicara iku
manasuka campursari jumat geguritan merga kapiarsa saben dina jumat.
aku nyoba melu ngirim ing radhio kasebut lan diwaca penyiare,ngono sateruse ing saben pendhak Jumat.
Banjur aku nyoba gawe akun email uga akun Facebook kanggo ngerti kemajuan dunia internet.
Kanthi jeneng Facebook
"Denok Ayu Lestari"
Ing kono kesenanganku gawe gurit takcenthelna ing gebyok kaca maya.
Nulis-nulis gurit ndlidir saben dina minangka update kanggo ngisi wektu luwang sinambi njaga toko kang dadi penggaweyanku ing omah,sawise mundur saka pakaryan swasta sing meh 13 taun takayahi,merga duwe anak cilik kapeksa ora bisa makarya ing kutha gedhe jalaran ora ana sing momong anakku.
Ing sawijining dina, tulisan-tulisanku antuk komentar saka priyantun kang durung nate tepang lan nembe wae berteman ing Facebook.
"Tulisanmu apik, imajinasi lan diksine ya runtut gawe enak diwaca, Umpama panganan ngono renyah nanging ejaane akeh sing kliru,penulisan aksara A,O,TH lan DH durung trep"
Mangkono komentar saka kanca face book sing asmane DJAJUS PETE.
Wiwit iku panjenenganipun asring komen lan paring panyaruwe ngenani tulisanku.
Senajan aku durung nate tepung lan mboten ngertos sinten ta sejatine Bapa Djajus Pete menika.??
Pancen tulisanku ing wektu iku ora duwe pathokan ejaan basa jawa sing bener niyatku pokoke nulis, ora ngerti penulisan ejaan sing bener blas.
Nulis A,O,th lan dh ya sakepenake wong ora dhong,kathik aku ya ora nate sekolah ing jurusan basa jawa.Mung bandha nekat otodhidhak lan seneng nulis wae kanggo ngisi wektu lan nglipur ati.
Pangangkahku Kepengin nguri-uri budaya sastra Jawa mligi geguritan.
Komentar lan saran ora nate asat,ora nate kliwat,saben dina mesthi ana wae tulisanku sing ora bener miturut panjenenganipun.
Nganti atiku pegel mangkel lan mutung moh nulis maneh.
Kathik bapa Djajus Pete yen paring komentar ,kritik lan saran marang tulisanku rada "nyengit" heee....
Iki dakcritakake marang kanca kabeh,dimen dadi pengeling-eling prayata nulis kuwi angel lan perlu sinau terus supaya asile tansaya apik lan lungit.
ohh....ya ngenani critaku sing mutung nulis satemene mung sedhela njur aku aktif nulis maneh ing blog pribadhi lan sosmed uga radhio.
Nganti ing liya dina tanpa dinuga kula saged pepanggihan kaliyan Bapa Djajus Pete, Dina iku yen ora salah dina rebo sore jam 16.00wib, panjenenganipun silaturahmi ing omah kula sareng kang Zen Samin.
Alhamdulillah... prayata Bapa Djajus Pete menika pengarang sastra kondhang kaloka ingkang misuhur banget manut katarangan kang Zen Samin.
lha....yaaa sakjegndhelah nggih nembe ngertos Yen bapa Djajus Pete menika pengarang hebat.
Sabubare panjenenganipun silaturahmi ing griya kula,raos Bombong manah tansaya mongkog nuwuhake semangat makantar.
Kepengin dados pengarang sastra Jawa ingkang sae.
umpama kembang ngono nedheng- nedhenge mekar.
Mula kula aktif banget ing nalika iku nyuntak idhe lan imajinasi ing tulisan.
Wektu terus lumaku lan tulisan-tulisan kula tansaya kathah senajan dereng saged mentes lan lungit.
Lan kula bukuake ing antologi gurit.
Kanthi jeneng penulis: Lestari Sahsa Malika/Denok Ayu Lestari
Sedaya buku kula ingkang paring atur pangiring nggih panjenenganipun bapa Djajus Pete.
Alhamdulillah...
kados pikantuk teken ingkang saged damel ati kula tansaya kuwat mecaki lurung ukara ing jagad sastra senajan terkadhang kedah mlipir - mlipir endha ing lancipe sesandhungan.
Sejatosipun Kathah kenangan ingkang mboten saged kula tulis setunggal mbaka setunggal ing mriki.
Bapa Djajus Pete minangka guru sejati ing sedaya napas penulisan karya gurit kula.
Bapa Djajus Pete minangka begawan sastra jawa ingkang mboten medhit babagan ilmu sastra.
Rerembagan utawa sarasehan sareng panjenenganipun raose nggih mili tanpa mandheg senajan meh 3 jam raose mung sedhela,amargi wonten wae idhe lan gagasan ingkang dipun babar marang para mudha generasi sastra klebet kula.
Lan kula nggih asring ngangsu kawruh ing dalemipun sareng sisihan(suami) kula , mboten kesupen mbeta oleh-oleh rokok kelangenanipun nggih menika rokok oulung legendaris.
Sampun kathah sanget ilmu LAN sedaya kesaenan panjenenganipun ingkang saestu paring werna mulas ing lembar tulisan kula.
Engga Gusti paring kanugrahan ingkang ageng sanget tumprap gesang kula, samangke kula saged nularake ilmu saking Bapa Djajus Pete ing pawiyatan SMPN 1 BALEN minangka guru basa jawa ,Awit saking gemblengan lan bimbingan panjenganipun.
Maturnuwun Bapa Djajus Pete, sedaya kesaenan panjenengan badhe kula pundhi dadosa obor semangat jiwa ing Gesang kula salaminya.
Sugeng tindak bapa Djajus Pete... Mugi katampi Sedaya amal ibadah panjenengan dipun apura sedaya lepat dening Gusti Allah. mapan ing Swarga langgeng.. Aamiin ya Robbalalamiin 🤲
Lestari Sahsa Malika/Denok Ayu Lestari
Balen,120822